wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UNGGAH-UNGGUH BASA

Total questions: 21

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Unggah-ungguh basa Jawa kaperang dadi loro yaiku. . .

a)

Basa ngoko lugu lan ngoko alus

b)

Basa ngoko lan krama

c)

Basa krama lan krama alus

d)

Basa ngoko lugu lan krama alus

2.

Unggah-ungguh basa Jawa kang awujud basa ngoko, nanging tumrap wong sing diajak guneman lan digunem nggunakake tembung krama inggil yaiku basa. . .

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

3.

Ing ngisor iki ukara kang migunakake basa ngoko lugu yaiku. . .

a)

Bapak tindak dhateng Semarang kalawau enjing.

b)

Bapak tindak menyang Semarang mau esuk.

c)

Bapak kesah dhateng Semarang kalawau enjing.

d)

Bapak lunga menyang Semarang mau esuk.

4.

Sampeyan punika yoganipun sinten?

Ukara kasebut ngetrapake panganggone basa. . .

a)

Krama lugu

b)

Krama alus

c)

Ngoko lugu

d)

Ngoko alus

5.

Anggen kula ngrantos panjenengan kalawau sampun dangu sanget.

Yen diowahi ing basa ngoko lugu yaiku. . .

a)

Anggonku nunggu sampeyan mau wis suwe banget.

b)

Anggen kula nengga sampeyan wau sampun dangu sanget.

c)

Anggonku nunggu kowe mau wis suwe banget.

d)

Anggen kula nengga panjenengan wau sampun dangu sanget.

6.

Bapak mulih saka swah jam sepuluh esuk.

Yen diowahi ing basa ngoko alus yaiku. . .

a)

Bapak kondur saka sawah jam sepuluh esuk.

b)

Bapak kondur saking sabin jam sedasa enjing.

c)

Bapak wangsul saking sabin jam sedasa enjing.

d)

Bapak wangsul saka sawah jam sepuluh esuk.

7.

Omahmu wis disapu apa durung?

Ukara kasebut yen diowahi ing basa krama lugu yaiku. . .

a)

Dalemipun panjenengan sampun dipunsapu punapa dereng?

b)

Griyanipun sampeyan sampun dipunsapu punapa dereng?

c)

Dalemipun panjenengan wus disapu apa durung?

d)

Griyanipun panjenengan wis disapu apa durung?

8.

Kowe digawakake obat saka godhong suruh.

Basa krama aluse yaiku. . . .

a)

Panjenengan diastakake obat saka godhong suruh.

b)

Sampeyan dipunbektakaken jampi saking ron suruh.

c)

Panjenengan dipunastakaken jampi saking ron suruh.

d)

Sampeyan dipunastakaken jampi saking ron suruh.

9.

Ayam punika sampeyan tumbas kemawon regi seket ewu.

Yen diowahi ing basa ngoko alus yaiku. . .

a)

Ayam punika panjenengan pundhut kemawon regi gangsal dasa ewu.

b)

Pitik iki tukunen wae rega seket ewu.

c)

Ayam punika sampeyan pundhut kemawon regi gangsal dasa ewu.

d)

Pitik iki panjenengan pundhut wae rega seket ewu.

10.

Mangana dhisik wae!

Yen diowahi basa krama lugu yaiku. . .

a)

Panjenengan dhahar rumiyin mawon.

b)

Sampeyan nedha rumiyin mawon.

c)

Panjenengan dhahar dhisik wae!

d)

Sampeyan nedha dhisik wae!

11.

Tembung sing trep kanggo ngisi titik-titik nomor 11 yaiku . . .

a)

Lunga

b)

Kesah

c)

Tindak

d)

Minggat

12.

Tembung sing trep kanggo ngisi titik-titik nomor 12 yaiku . . .

a)

Mangan

b)

Nedha

c)

Dhahar

d)

Maem

13.

Tembung sing trep kanggo ngisi titik-titik nomor 13 yaiku . . .

a)

Mangan

b)

Nedha

c)

Dhahar

d)

Maem

14.

Tembung sing trep kanggo ngisi titik-titik nomor 14 yaiku . . .

a)

Tuku

b)

Tumbas

c)

Mundhut

d)

Numbas

15.

Tembung sing trep kanggo ngisi titik-titik nomor 15 yaiku . . .

a)

Warunge

b)

Sabine

c)

Wandene

d)

Pekene

16.

Pilihen endi wae ukara kang nganggo basa ngoko alus ing ngisor iki!

a)

Bapak mau tindak menyang Solo nitih sepur.

b)

Mbak Sari tumbas bakso wonten peken Bungkal.

c)

Pakdhe mundhut jeruk, pelem lan manggis.

d)

Mas Pras dhahar sega pecel ing warung Cak Man.

17.

Ukara kang nganggo basa ngoko lugu ing ngisor iki yaiku. . .

a)

Adhik tuku layangan telu werna abang.

b)

Mbak Sari Ngunjuk jamu beras kencur.

c)

Kowe mau apa wis mangan?

d)

Bapak ngendikan menawi mengke kondur dalu.

18.

Ukara ing ngisor iki kang nganggo basa krama lugu yaiku. . .

a)

Dhik, kowe mau digoleki mbak Sari.

b)

Mas, sampeyan punapa ingkang bekta jeram punika?

c)

Nuwun sewu, sampeyan punika yoganipun sinten?

d)

Sampeyan napa sampun ningali pameran wonten Sasana Praja?

19.

Ukara ing ngisor iki kang nggunakake basa Krama Alus yaiku. . .

a)

Panjenengan midhangetaken musik punapa, Pak?

b)

Simbah kalawau dhahar bakwan goreng.

c)

Astanipun Mas Wahyu catu kenekan pangot.

d)

Menda punika kagunganipun sinten?

20.

Ing ngisor iki titikane basa krama alus yaiku. . .

a)

Tembung kowe diganti panjenengan

b)

Digunakake kanggo wong sing umure luwih tuwa lan duweni drajat pangkat luwih dhuwur saka awake dhewe

c)

Migunakake tembung ngoko.

d)

Tembung panambah di- lan -ake diganti dipun- lan -aken.

21.

Sampeyan punika yoganipun sinten?

Ukara kasebut ngetrapake panganggone basa. . .

a)

Krama lugu

b)

Krama alus

c)

Ngoko lugu

d)

Ngoko alus