NEW
Font size
WorksheetsBasa Rinengga
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Basa rinengga yaiku....
Basa sing dipaesi utawa basa kang endah
Basa Jawa kang alus banget
Basa kang angel dingerteni
Basa Jawa kulonan
Basa Jawa kang nduweni teges akeh
Ayu lan baguse pawongan ora dideleng saka rupane, nanging tyas kang suci.
Tyas kalebu tembung kawi, kang tegese....
Jiwa
Kabecikan
Bandhane
Kapinterane
Ati
Biyasane basa rinengga digunakake ana ing ngisor iki, kajaba....
Geguritan
Artikel
Panyandra Manten
Lagu utawa tembang
Parikan
Ana dina, ana upa
Ana awan, ana pangan
Unen-unen ing ndhuwur kalebu purwakanthi guru....
Swara
Lagu
Lumaksita
Sastra
Basa
Ancik-ancik pucuking eri
Unen-unen kasebut kalebu....
Pepindhan
Wangsalan
Bebasan
Paribasan
Saloka
Tangane Ratih aluse kaya sutra.
Ukara ing ndhuwur kalebu....
Paribasan
Pepindhan
Entar
Saroja
Wangsalan
Tembung saroja nduweni fungsi kanggo....
Menehi rasa endah
Njelasake teges
Nambahi rasa mbangetake
Nambahi rasa cetha
Nggambarake kahanan
Purwakanthi kang ana tembung dibaleni diarani purwakanthi guru....
Lagu
Swara
Sastra
Lumaksita
Wilangan
"Pak Tarno adus kringet kanggo nguripi kulawargane lan nyekolahake putrane"
Tembung adus kringet kalebu tembung....
Entar
Saroja
Wangsalan
Paribasan
Bebasan
tembung-tembung kang uwis ora padha tegese sakawit lan nuwuhake teges anyar diarani...
entar
pepindhan
bebasan
wangsalan
paribasan
tembung kang karakit saka rong tembung sing tegese meh padha lan bisa nuwuhake makna kang luwih teges diarani...
kawi
purwakanthi
seroja
saloka
pepindhan
jinising basa rinengga kang titikane utawa ciri-cirine nganggo tembung kaya,lir, kadya, lan liya-liyane kang ngemu teges kaya diarani...
purwakanthi
bebasan
saloka
pepindhan
paribasan
tembung-tembung ing ngisor iki kang ora klebu tembung kawi yaiku...
sasana
taksaka
tyas
kayun
banyu
ukara ing ngisor iki kang kalebu basa rinengga yaiku...
Kowe iki nek mangan kok kemlothek sajake kesusu tenan.
Nalika wis bali tekan omah aja lali gek ndang ngasuh.
Padha karo kowe nek babagan tresna, aku ya mung melu-melu wae.
Pancen tenan nek bisa dadi patuladhan wong saben dinane tansah sinau.
Sadar nek wis telat, ing dalan Budi mlayu-mlayu kaya kidang diuber singa.
saka ukara ing ngisor iki kang klebu jinis purwakanthi guru swara yaiku...
ngrukti bumi nastiti murih lestari
ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa
runtang-runtung rerentengan
kinasihan kadya mimi lan mintuna
rinengga ing busana kang edi endah
rinengga ing busana edi endah.
tembung kang digaris isore kuwi tegese...
endah banget
katon semburat
ora resik
sarwa tresna
gumlegar banget
ancasing gawe basa rinengga salah sawijine yaiku...
supaya makna tembunge ora bakal ana sing ngerti
kanggo narik kawigaten amarga basane endah
gawe jlimet tiyang sing maca
ngurangi basa kang ora prelu digawe
supaya kahanane ora katon endah
Coba pilihen ing ngisor iki kang dudu kalebu purwakanthi swara ...
sing salah kudu seleh
alon alon waton kelakon
beda desa beda cara beda mawa beda tata
Ruruh rereh ririh ing wewaring
Aja banter banter munggah keblinger
Taberi nastiti lan ngati-ati, meski bakal dadi
unen-unen ing ndhuwur kalebu purwakanthi guru...
Swara
Sastra
Basa
Lagu
Gatra
Witing tresna, tresnane mung sawetara
Nandhang lara, larane ngapusan tresna
unen-unen ing ndhuwur kalebu purwakanthi guru...
Basa
Sastra
Swara
Wilangan
Gatra
