wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Bapak ibu lan sederek sedaya ingkang kula hormati,sampun pitung dasa setunggal tahun Indonesia merdeka. Ewa dene taksih wonten sing dereng ngraosaken kemerdekaan kang sejati.Tanpa kita sadari,samangke kita dijajah kaliyan HP,tayangan televisi,narkoba lan lintue.

Sapa kang dijajah HP,tayangan televise,lan narkoba ?

a)

A. Bangsa India

b)

B. Bangsa Belanda

c)

C. Bangsa Jepang

d)

D. Bangsa Indonesia

2.

Blumbang kang ana mburi omahku pancen nyengsemake ati. Kiwa tengene ditanduri kembang maneka warna. Jerune blumbang sameter setengah. Banyune bening tur iwake akeh.

Teks kasebut kagolong gancaran (paragraf)

a)

A. Narasi

b)

B. persuasi

c)

C. diskripsi

d)

D. argumentasi

3.

Sawah ing desaku isih jembar bawera, galengan kang mbatesi kedhoan siji lan sijine kaya klogete ula naga. Disawang katon indah ing mata.Tandurane katon ijo royo-royo. Kali sing ana desaku banyune megung tur bening

Kepriye kahanane sawah ing desaku ?

a)

A. megung tur bening

b)

B. isih jembar bawera

c)

C. dawa kaya ula naga

d)

D. katon indah ing mata

4.

Eseme manis banget,amerga untune...

a)

A. Nyela cendhane

b)

B. Miji timun

c)

C. ngudup turi

d)

D. manjang ngilang

5.

Entheng kaya kapuk.Ukara iku kalebu jenise tembung....

a)

A. Panyandra

b)

B. Parikan

c)

C. panyendhu

d)

D. pepindhan

6.

Wajik klethik....,luwih becik sing prasaja.

a)

A. Gula legi

b)

B. Gula aren

c)

C. gula jawa

d)

D. gula abang

7.

Bocah kuwi pancen merak ati,eseme pahit madu tur drijine…

a)

A. Ngulan-ngulan

b)

B. Mucuk eri

c)

C. duren sajuring

d)

D. ngandan-ngandan

8.

Amril iku bocahe bagus,nanging mripate…

a)

A. Guwing

b)

B. Kero

c)

C. tepos

d)

D. cekot

9.

Mas Joko lara mripat amerga kerep maca ing panggonan kang kurang padhang.Tembung mripat dasanamane yaiku...

a)

A. Grana

b)

B. karna

c)

C. tutuk

d)

D. soca

10.

Adhiku awake panas mula nangis ora gelem meneng.

Tembung nangis padha tegese karo...

a)

A. mular

b)

B. nepsu

c)

C. mucal

d)

D. ngelu

11.

Bapak mangan aku adus. Krama inggile ukara iki yaiku…

a)

A. Bapak nedha kula adus

b)

B. Bapak nedha kula siram

c)

C. Bapak dhahar kula siram

d)

D. Bapak dhahar kula adus

12.

Putrane pak Ali cacahe tiga. Basa ngoko ukara iki yaiku...

a)

A. Anake pak Ali akehe telu

b)

B. Anake pak Ali kabehe telu

c)

C. Yogane pak Ali kabehe telu

d)

D. Yogane pak Ali jumlahe telu

13.

Jalaran ora gelem adus, mangkane gandane…

a)

A. arum jeram

b)

B. arum jamban

c)

C. arum manis

d)

D. arum tenan

14.

Cipir mrambat kawat, ora mampir angger...

a)

A. liwat

b)

B.Gawat

c)

C. kumat

d)

D. sambat

15.

Bocah kuwi ayu tenan, bangkekane…

a)

A. Jambe sinigar

b)

B. ndamar kanginan

c)

C. Nawon kemit

d)

D. mucuk eri

16.

Bocah-bocah nganngo seragam putih, yen disawang kaya…

a)

A. mliwis baris

b)

B. banyak baris

c)

C. bebek baris

d)

D. dara baris

17.

Kali ing desaku banyune isih alami tur resik. Ambane watara telung meteran. Bocah-bocah padha seneng adus ing kali. Sisih kiwane kali ana sawah kang ditanduri jagung lan pari. Sisih tengene kali ana dalan kang nyambung desaku lan desa liyane.

Apa kang ana kiwa tengene kali ?

a)

A. sawah lan tambak

b)

B. wit-witan lan dalan

c)

C. sawah lan dalan

d)

D. kebon lan sumur

18.

Gunung Semeru kapetung gunung sing dhuwur dewe ana ing tlatah Jawa. Dununge ana ing kutha Malang lan Lumajang. Gunung iki puncake ana jenenge yaiku junggring saloka. Kapetung gunung sing kerep mbledhos.

Ing kutha ngendi dununge gunung Semeru?

a)

A. Jawa

b)

B. Malang

c)

C. Lumajang

d)

D. Malang lan Lumajang

19.

Amerga kulina nyolong njupuk bocah kuwi diarani dawa tangane.

Krama inggile tangan yaiku ……………….

a)

A. rimo

b)

B. asto

c)

C.sira

d)

D.ritmo

20.

Abang kumpul padha abang kaya ……

a)

A. ijo royo-royo

b)

B. alas kobar

c)

C. branang

d)

D. sepur baris