Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

8D,2

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

tembung-tembung kang uwis ora padha tegese sakawit lan nuwuhake teges anyar diarani...

a)

entar

b)

pepindhan

c)

bebasan

d)

wangsalan

e)

paribasan

2.

jinising basa rinengga kang titikane utawa ciri-cirine nganggo tembung kaya,lir, kadya, lan liya-liyane kang ngemu teges kaya diarani...

a)

purwakanthi

b)

bebasan

c)

saloka

d)

pepindhan

e)

paribasan

3.

tuladhane tembung saroja yaiku...

a)

dawa tangane, adus kringet

b)

putih memplak, ayem tentrem

c)

gagah prakosa, gedhe endhase

d)

dhuwure kaya otak-otak mega

e)

colong jupuk, tipis lambene

4.

Basa rinengga yaiku....

a)

Basa sing dipaesi utawa basa kang endah

b)

Basa Jawa kang alus banget

c)

Basa kang angel dingerteni

d)

Basa Jawa kulonan

e)

Basa Jawa kang nduweni teges akeh

5.

Ancik-ancik pucuking eri

Unen-unen kasebut kalebu....

a)

Pepindhan

b)

Wangsalan

c)

Bebasan

d)

Paribasan

e)

Saloka

6.

Tangane Ratih aluse kaya sutra.

Ukara ing ndhuwur kalebu....

a)

Paribasan

b)

Pepindhan

c)

Entar

d)

Saroja

e)

Wangsalan

7.

"Pak Tarno adus kringet kanggo nguripi kulawargane lan nyekolahake putrane"

Tembung adus kringet kalebu tembung....

a)

Entar

b)

Saroja

c)

Wangsalan

d)

Paribasan

e)

Bebasan

8.

Tembung kang karakit saka rong tembung sing tegese meh padha lan bisa nuwuhake makna kang luwih teges diarani....

a)

Kawi

b)

Purwakanthi

c)

Saroja

d)

Saloka

e)

Pepindhan

9.

Waahh!!

Isih cilik kok ...... ana apa wae sing bisa dijupuk ya jupuk.


Tembung sing trep kanggo ngisi ceceg - ceceg ing dhuwur iku ...

a)

dawa tangane

b)

lunyu ilate

c)

adus kringet

d)

rai gedheg

e)

Gedhe endase

10.

Tembung saroja nduweni fungsi kanggo....

a)

Menehi rasa endah

b)

Njelasake teges

c)

Nambahi rasa mbangetake

d)

Nambahi rasa cetha

e)

Nggambarake kahanan