Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

pts b jawa 7

Total questions: 25

Worksheet time: 50mins

Name
Class
Date
1.

KALI CILIK NGAREP OMAHKU

(Dening : Eko Nuryono)


Kali cilik ing ngarep omahku kuwi

Saiki banyune buthek, kebak lendhut

Ijone lumut lan iwak-iwak cethul

Kang biyen lelumban ing selane watu

Saiki kaganti lemut lan uget-uget


Kali cilik ing ngarep omahku kuwi

Biyen resik lan bening banyune

Nalika sekolah biyen aku tansah

Lungguh jejangongankaro sikil ongkang-ongkang

Sinambi namatake mripatmu kang bening


Kasongan, Mei 2008

Kapethik saka: Antologi Crita Cekak lan Geguritan "Pasewakan"

Konggres Sastra Jawa III/ 2011


Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ....

a)

kali cilik

b)

pasewakan

c)

kali cilik ngarep omahku

d)

kasongan

2.

Ukara ing ngisor iki nganggo basa ngoko Alus

a)

Bapakku arep tindak menyang Jakarta nitih sepur.

b)

Aja rame adhiku lagi turu !

c)

Ibu mundhut sayuran wonten peken Jati.

d)

Kancaku akeh sing ora mlebu sekolah.

3.

Dipun rantos rumiyin inggih bapak taksih siram.

Ukara ing dhuwur nganggo basa : ...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

4.

Puisi nganggo basa Jawa, uga diarani : ...

a)

Gancaran

b)

Geguritan

c)

Dongeng

d)

Karangan bebas

5.

Paragraf kang njelasake dalan/cara kang dipilih kanggo ngudhari reruwet, bisa ndadekake apik (happy ending) bisa uga ndadekake elek(sad ending). Diarani

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Klimaks

d)

Resolusi

6.

Jam setengah pitu ibu Ranti wis rawuh ing sekolahan.Ukara kasebut miturut unggah-ungguh migunakake basa....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

7.

Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?

a)

mangkat, mlampah

b)

mlampah, tindak

c)

tindak, mlampah

d)

tindak, tindak

8.

Kepriye aturmu nalika nyuwun idin arep nginep ing daleme simbah?

a)

Bu, menapa pikantuk menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah.

b)

Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun

simbah?

c)

Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten griyanipun

simbah?

d)

Bu, menapa angsal menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah?

9.

Nalika matur ing rapat Rt, kepriye anggonmu njaluk kawigaten?

a)

Kepareng nyela pangandikan dhateng para bapak-bapak sedaya.

b)

Kula suwun bapak-bapak mendel rumiyin, kula badhe matur!

c)

Kepareng nyela atur dhumateng bapak -bapak ingkang nembe wawan

pangandikan.

d)

Kula suwun panjenengan sedaya mirengaken atur kula menika.

10.

Pratelan ing ngisor iki kang ora trep dilakoni nalika mertamu yaiku…

a)

ngaturake salam utawa kula nuwun

b)

ngomong sakepenake nganti saktutuge

c)

ndhodhok lawang paling akeh kaping telu

d)

mlebu menawa wis dimanggakake

11.

Bu, menawi kepareng kula badhe ……pirsa!

a)

mundhut

b)

nyuwun

c)

tanglet

d)

njaluk

12.

Ature Sita ing ngisor iki endi kang trep?

a)

Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan nganake piknik, kula ndherek oleh

ora?

b)

Bu,aku melu piknik menyang Malang oleh apa ora?

c)

Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan badhe ngawontenaken piknik

dhateng Bali, menapa kula kepareng ndherek?

d)

Bu, wulan Desember tahun iki sekolahan arep nganake piknik, apa aku oleh

melu piknik?

13.
a)

mangan roti

b)

mangan nanas

c)

mangan apel

d)

mangan kates

e)

mangan gedhang

14.

Wujude pasangan aksara ca yaiku ....

a)
b)
c)
d)
15.

Tembang Pucung:

Bapak Pucung yen tersinggung adhuh biyunng,

Bisa njegur omah,

Nadyan mobil ra preduli,

Pucung mendha lamun ta siniram tirta.


Batangane cangkriman ing tembang kasebut ....

a)

banjir

b)

topan

c)

geni

d)

banyu

16.

Guru lagu yaiku ...

a)

dhong-dhinge swara saben pungkasan wanda

b)

dhong-dhinge swara saben pungkasan pada

c)

dhong-dhinge swara saben pungkasan gatra

d)

dhong-dhinge swara saben pungkasan

17.

Dhuh-adhuh kanca-kanca es em pe iki,

Kok 'dha lali nyiram,

Kembang pertamanan iki,

Mesakake kurang tirta.


Tentanduran yen kurang tirta puniki,

Uga kena panas,

Wusanane enggal mati,

Njalari genala janma.


Sakliyane den sirami dirabuki,

Rabuk ijo kena,

Kareben subur lan ndadi,

Lemu-lemu lan nyenegna.


Isi tembang Maskumambang pada kapindho yaiku ....

a)

tandurane padha garing krana kena panas

b)

tanduran yen kurang banyu bakal mati

c)

ora ana manungsa sing nyiram tanduran

d)

tandhuran yen kurang banyu bakal subur

18.

Tulisan utawa karangan kang awujud tetembungan utawa larik-larik tembung kang ngemu surasa kaendahan kanggo medharake gagasan, isen-isening ati, pangarep-arep utawa pepinginaning manungsa diarani … .

a)

A. Tembang macapat

b)

B. Geguritan

c)

C. Cerita

d)

D. Dongeng

19.

Jinis tembang reripta gagrak anyar sing ora nganggo paugeran gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Biasane ditembangke deneng bocah-bocah sinambi dolanan bebarengan. Pranyatan iku diarani?

a)

A. Tembang macapat

b)

B. Tembang dolanan

c)

C. Tembang gedhe

d)

D. Tembang tengahan

20.

Teks profil tokoh uga diarani teks biografi, teks kasebut kelebu teks....

a)

Narasi

b)

Persuasi

c)

Deskripsi

d)

Argumentasi

21.

Sing diarani tokoh idhola yaiku ......

a)

Tokoh sing kepingin disenengi wong

b)

Tokoh sing durung tau dikenal wong

c)

Sawijine tokoh sing paling digetingi

d)

Sawijine tokoh sing paling digandrung

22.

Jroning teks profil tokoh ana rong macem tembung, salah sijine tembung sing isih asli lan durung owah saka asale diarani tembung......

a)

Garba

b)

Lingga

c)

Andhahan

d)

Camboran

23.

Gatekake ukara-ukara ing ngisor iki!

1. Nak Hari sakniki kagungan putra pira ?

2. Lo, nak Rini olehe rawuh kapan ?

3. Aku nginiki wis rumangsa bungah wis diparingi kalonggaran wektu


Tekan ukara-ukara ing dhuwur ana tembung-tembung kang gawe ngoko alus, yaiku....

a)

Sakniki, Putra, Rawuh

b)

Sakniki, rawuh, diparingi

c)

Kagungan, rawuh, bungah

d)

Kagungan, rawuh, diparingi

24.

Wacanen kanthi patitis!

Museum Kereta Kraton Yogyakarta

Dhek dina Minggu sasi Juli taun wingi, Lestari karo bapak lan ibune menyang Museum Kereta Kraton Ngayogyakarta. Papane ora adoh saka Kraton Ngayogyakarta yaiku ing Jalan Rotowijayan, Kelurahan Kadipaten, Kecamatan Keraton, Kota Yogyakarta. Prenahe ing sisih kidul kulon Alun-Alun Lor, Kraton Ngayogyakarta.

Museum Kereta Kraton Ngayogyakarta wiwit dibangun nalika jamane Sri Sultan Hamengkubuwono VII. Sri Sultan Hamengkubuwono VII miyos nalika tanggal 4 Februari 1839 lan seda tanggal 30 Desember 1931. Raja Kraton Ngayogyakarta iku nalika timur asma Gusti Raden Mas Murtejo. Panjenengane katelah Sultan Sugih amarga kagungan pabrik gula cacahe pitulas pabrik.

Koleksi Museum Kereta Kraton Ngayogyakarta wujud kreta sing gunggunge kabeh ana rorikur. Ana kereta sing umure wis puluhan tahun, malah ana sing wis atusan tahun. Saben-saben kereta diwenehi jeneng dhewe-dhewe. Kereta sing umure tuwa dhewe yaiku Kreta Kanjeng Nyai Jimat, digawe nalika tahun 1750. Kereta kang digeret jaran wolu iki, pir-e digawe saka lulang kebo. Kereta Kanjeng Nyai Jimat tekan saiki isih wutuh kaya asline. Saben tanggal 1 Sura utawa 1 Muharram kereta-kereta iku diwetokake saka museum saperlu dijamasi. Pamrihe, supaya tetep resik lan ora gampang rusak.


Museum Kereta Yogyakarta dumunung ing ….

a)

Jalan Rotowijayan, Kadipaten Kraton, Yogyakarta

b)

Jalan Boyong, Taman Wisata Kaliurang

c)

Jalan HOS Cokroaminoto, Tegalrejo

d)

Jalan Malioboro, Yogyakarta

25.

Gatekna macapat ing ngisor iki!

Mijil

Dedalane guna lawan sekti

Kudu andhap asor

Wani ngalah luhur wekasane

Tumungkula yen dipundukani

Bapang den simpangi

Ana catur mungkur


Guru wilangan lan guru tembang macapat ing dhuwur yaiku ….

a)

10i, 5o, 10e, 10i, 6i, 6u

b)

10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

c)

10i, 6o, 11e, 11i, 6i, 6u

d)

10i, 7o, 10e, 10i, 6i, 6u