wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BHS.JAWA: PACELATHON

Total questions: 14

Worksheet time: 14mins

Name
Class
Date
1.

Guneman/ omong-omongan antarane wong siji lan sijine diarani ...

a)

Rasan-rasan

b)

Pacelathon

c)

Geguritan

d)

Pidato

2.

Salah sijine ciri teks pacelathon yaiku ...

a)

Wujude omong-omongan (imbal wacana)

b)

Migunakake ukara crita

c)

Paraga mung wong siji

d)

Nganggo ukara sing dawa

3.

Ibu : Srengenge wes mlethek, lampu kamarmu yen arep budhal sekolah aja lali dipateni.

Arka : Inggih Bu, kulo mboten ngantos kesupen. Matur nuwun.


Sing nindakake pacelathon ing ndhuwur yaiku ...

a)

Ibu lan Bapak

b)

Arka lan Bapak

c)

Ibu lan Arka

d)

Arka lan Rama

4.

Prilaku gemi marang energi ing ngisor iki sing bener yaiku ...

a)

Doni mari adus lali ora nutup kran

b)

Wayah awan lampu ing kamare Dinda isih murup

c)

Adit menyang sekolah numpak sepeda

d)

Bapak menyang pasar nitih motor

5.

Pacelathon kudu nggunakake basa krama yen paragane antarane ...

a)

Bocah cilik marang wong tuwa

b)

Wong enom karo wong enom

c)

Wong tuwa karo wong enom

d)

Wong tuwa karo kancane

6.

Ngirit Banyu

Bu Rita : “Adam, Nabil, lagi ngapa?”

Adam : “Kula kaliyan Nabil siram-siram Bu.”

Nabil : “Inggih Bu, ngrencangi mas Adam siram-siram.”

Bu Rita : “Banyu sing kanggo siram-siram saka ngendi?”

Adam : “Toyanipun saking sumur Bu”

Bu Rita : “Biasane yen ketiga ngene iki asat. Alhamdulillah yen isih megung. Nanging aja lali, banyu kudu diirit”


Sapa paraga pacelathon ing dhuwur?

a)

Ngirit banyu

b)

Siram-siram

c)

Bu Rina, Adam, Nabil

d)

Bu Rita, Adam, Nabil

7.

Saben ukara ing teks pacelathon iku nggunakake....

a)

a. ukara kandha(kalimat langsung)

b)

b. ukara crita(kalimat ora langsung)

c)

c. ukara pakon(kalimat perintah)

d)

d. ukara panjaluk(kalimat permohonan)

8.

Unggah-ungguh basa dibagi dadi ....

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

9.

Basa ngoko lugu digunakake dening ....

a)

Bocah marang bocah

b)

Wong enom marang wong tuwa

c)

Siswa marang guru

d)

Bocah marang wong tuwa

10.

Bapak ... dhateng Solo. Tembung sing trep yaiku

a)

Lunga

b)

Sare

c)

Tindak

d)

Siram

11.

aku arep tuku. Basa kramane ....

a)

Kula badhe mundhut

b)

Kula badhe tilem

c)

Kula badhe tumbas

d)

Kula arep mundhut

12.

Bu guru nggawa buku. Tembung nggawa krama aluse ....

a)

Mbeta

b)

Ngasta

c)

Nyangking

d)

Pirsa

13.

Ibu ... sayur ing peken. Tembung sing tre yaiku ....

a)

Tumbas

b)

Mundhut

c)

Kesah

d)

Kondur

14.

Yen matur karo mas utawa mbakmu kudu nggunakake basa ragam

...

a)

Krama alus

b)

Krama madya

c)

Ngoko alus

d)

Ngoko lugu