NEW
Font size
WorksheetsUlangan Bhs Jawa - Teks Pidhato
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Salam pakurmatan kang sepisanan marang para rawuh/tamu ing teks pewara diarani ...
salam pambuka
salam wekasan
salam pakurmatan
salam pungkasan
Sepisanan sumangga kita sesarengan ngunjukaken pudya pudyastuti konjuk ing ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang tansah paring kawilujengan, katentreman, lan kasarasan dhumateng kita sedaya.
Ukara kasebut kalebu perangan teks pewara kang diarani ...
salam pambuka
pambuka
isi
salam penutup
Para pinisepuh tuwin sesepuh ingkang dhahat pinundhi-undhi, ingkang hamengku karsa Bapak/Ibu Sudrajad Djiwandana miwah gotrah ingkang dhahat kinurmatan.
Pethikan ukara kasebut kalebu ....
purwaka/pambuka
salam wekasan/akhir
panyapa
salam penutup
Kulawarga Bapak Sudrajat Djiwandana ugi nyuwun idi pangestu saking panjenengan sami, mugi-mugi pinanganten kekalih (pengantin berdua) saged rukun anggenipun mangun bale wisma (rumah tangga). Mugi-mugi pinanganten kekalih mangkenipun saged atut runtut rerentengan ngantos kaken ninen-ninen, dados kulawarga ingkang sakinah, mawadah, warohmah.
Andharan kasebut kalebu ....
purwaka/pambuka
surasa basa/isi
pangarep-arep
wasana/penutup
Makaten ingkang saged kawula aturaken miangka sesulihing kulawarga Bapak Sudrajad Djiwandana sekaliyan, mbok bilih anggenipun mangayubagya panjenengan sami wonten ceweting aruh, lungguh, suguh, sarta rengkuh, ingkang hamengku karsa nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, lan sateruse.
Andharan kasebut kalebu ....
purwaka/pembuka
surasa basa/isi
pangarep-arep
wasana basa/penutup
Pidhato peresmian yaiku ....
pidhato kanggo ngarahake sawijining kegiyatan
pidhato kang isine nglaporake sawijining tugas utawa kegiyatan
pidhato kang diandharake dening wong kang nduweni pengaruh kanggo ngresmekake samubarang
pidhato kang isine ngenani sawijining laporan pertanggungjawaban tugas utawa kegiyatan
Pidhato pengarahan yaiku ....
pidhato kanggo ngarahake sawijining kegiyatan
pidhato kang isine nglaporake sawijining tugas utawa kegiyatan
pidhato kang diandharake dening wong kang nduweni pengaruh kanggo ngresmekake samubarang
pidhato kang isine ngenani sawijining laporan pertanggungjawaban tugas utawa kegiyatan
Isine perangan pidhato panutup, yaiku babagan ....
pangajab (harapan) sing diandharake marang para rawuh/tamu lan sing midhangetake
salam pakurmatan sing sepisanan marang para tamu utawa sing kaperang rawuh
nyebut sapa wae sing rawuh ing adicara pasamuwan kasebut kanggo paring pakurmatan
atur panuwun sarta nyuwun pangapura menawa ana kekurangan utawa kaluputan anggone ngandharake pidhato
Ing ngisor iki kang ora kalebu bab sing kudu digatekake supaya basa kang digunakake komunikatif lan trep, yaiku ,,,,
cacahe sing di ajak guneman (banyaknya orang yang hadir)
sapa sing di ajak guneman
swasana nalika guneman (suasana)
sapa sing digunemake
Busana lan ngadi sarira sing digawe pranata acara kudu salaras karo kahanan ing adicara, tujuwane yaiku ...
supaya katon nengsemake marang para tamu
amarga ana paribasan ajining raga saka buwana
busana kang endah ndadekake paragane katon sulistya
amarga busana uga dadi punjering kawigaten marang para tamu
