wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

GLADHEN SOAL BAJAWA SHD KLS XII-CORANA 2020

Total questions: 30

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

Serat Wedhatama anggitane....

a)

KGPAA Mangkunegoro II

b)

KGPAA Mangkunegoro III

c)

KGPAA Mangkunegoro IV

d)

KGPAA Mangkunegoro V

e)

KGPAA Mangkunegoro VI

2.

Jumlah/acahing wanda saben gatra ing tembang macapat diarani....

a)

Guru Lagu

b)

Guru Gatra

c)

Guru Wilangan

d)

Guru Pungkasan

e)

Guru ngaji

3.

Jumlah/cacahing larik / baris saben pada (bait) yaiku....

a)

Guru Lagu

b)

Guru Gatra

c)

Guru Wilangan

d)

Guru Pungkasan

e)

Guru pupuh

4.

Paugeran kang bener kanggo tembang Kinanthi yaiku....

a)

8u,8i,8a,8i,81,8a

b)

8a,8i,8a,8i,81,8a

c)

8u,8i,8a,8i,8a,8i

d)

8u,8i,7a,8i,8a,8i

e)

8u,8i,7i,8i,8a,8i

5.

"Mangka kanthining ......

Salami mung awas eling

Eling lukitaning alam

Dadi wiryaning ......

Supadi nir ing sangsaya

Yeku pangreksaning ...... "



Ukara kang trep kanggo ngisi tembang ing dhuwur yaiku....

a)

tumuwuh,rumadi,urip

b)

gunawuh,dumadi,urip

c)

tumuwuh,dumadi,urip

d)

tumuwuh,dumadi,antip

e)

tumuwuh,dumadi,gesang

6.

Kinanthi pada 1


Padha gulangen ing kalbu,

Ing sasmita amrih lantip,

Aja pijer mangan nendra,

Kaprawiran den kaesthi

Pesunen sariranira,

Sudanen dhahar lan guling


Gatra 1 tembang ing duwur guru wilangane cacahe ana....

a)

5

b)

6

c)

7

d)

8

e)

9

7.

Eling lukitaning alam, pethilan sekar menika nggadhahi werdi/maksud menapa?

a)

Kedah tansah atos-atos kaliyan pratandha saking alam.

b)

Kedah saged maos pratandha saking alam.

c)

Kedah saged njagi badan saking bebayaning alam.

d)

Kedah ngatos-atos dhumateng bebayaning alam.

e)

Kedah tansah enget wontenipun pratandha saking alam.

8.

Supadi nir ing sangsaya.

Tembung nir tegesipun menapa?

a)

Sampun

b)

Boten

c)

Inggih

d)

Badhe

e)

Saestu

9.

Yeku pangreksaning urip.

Pethilan sekar menika gadhah werdi menapa?

a)

Mekaten caranipun ngrusak pagesangan.

b)

Mekaten caranipun ngertos pagesangan.

c)

Mekaten caranipun pados pagesangan.

d)

Mekaten caranipun nata pagesangan.

e)

Mekaten caranipun nyobi pagesangan.

10.

Wedhatama saking tembung wedha lan tama.

Menapa tegesipun wedha?

a)

tuladha

b)

paugeran

c)

piwulang

d)

larangan

e)

aturan

11.

Marma den taberi kulup, tembung taberi ing pethilan sekar menika gadhah teges menapa?

a)

mila

b)

sregep

c)

ingkang

d)

anakku

e)

nuladha

12.

Rina wengi den anedya, tembung rina ing pethilan sekar menika gadhah teges menapa?

a)

enjang

b)

siyang

c)

sonten

d)

surup

e)

dalu

13.

Supaya dadya utami, pethilan sekar menika gadhah werdi /maksud menapa?

a)

Supados saged dados tiyang ingkang utami.

b)

Supados saged dados tiyang ingkang saged syukur dhateng Gusti.

c)

Supados saged dados tiyang ingkang ngendkanipun sae.

d)

Supados saged dados tiyang ingkang gadhah tata krama.

e)

Supados saged dados tiyang ingkang welas asih.

14.

Gambar iki piyantun kang ngarang tembang macapat, dene asmane ?

a)

Pakubawana IV

b)

Hamengkubuwana VI

c)

KGPAA Mangkunega VI

d)

Pakubuwana IX

e)

KGPAA Mangkunegara IV

15.

Pujangga anggone medharake rasa pangrasa pujangga bisa nggunakake basa figuratif kanggo medharake makna jamak kang akeh-akehe kanthi pamilihe tembung (dhiksi) kang endah lan ngirama. Basa figuratif bisa awujud

a)

Basa padinan

b)

Gaya bahasa

c)

Basa krama

d)

Basa ngoko

e)

Dialek

16.

Geguritan bakal bisa endah lan kepenak dirungokake lan dirasakake yen kang maca nganggo

a)

Gaya

b)

Gerak

c)

Dinamik

d)

Wirama

e)

Ekspresi

17.

Minangka salah sijine Geguritan gagrak lawas

a)

Jumlah larik mardhika

b)

Sun anggegurit

c)

Purwakanthi mardhika

d)

Jumlah guru wilangan mardhika

e)

Jumlah bait mardhika

18.

Geguritan modern (gagrak anyar)

a)

Bebas saking guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu

b)

Cacahing gatrane ora tamtu/ora tetep, nanging umume 4 gatra

c)

Saben gatra isi 8 wanda

d)

Kaiket dening purwakanthi

e)

Kaiket jumlah bait

19.

Ing ngandhap menika tegesipun busana, kejawi .....

a)

sandhangan

b)

klambi

c)

panganggo

d)

bandha

e)

ageman

20.

Perangane busana jawi ingkang mengku piwulang supados manungsa punika saged ngiket raos gunggung diri inggih menika……

a)

benik

b)

kamus

c)

stagen

d)

timang

e)

udheng

21.

Busana Jawa kagem tiyang putri antasiwisipun ngandhap menika …..

a)

tangkepan, bros, stagen

b)

kendhit, dhuwung, jarik

c)

atèla, sinjang, selop

d)

jarik, kutubaru, iket

e)

iket, stagén, cenéla

22.

Ingkang dipunwastani kain wiron inggih menika …..

a)

kain batik ingkang dipunlinting ing sisih pinggir saèmpèr kados kipas

b)

kain kados jarik kagem tapihan

c)

minangka panjangkep kebaya

d)

kain ingkang kados kipas

e)

kain jarik

23.

Stagén tumrap tiyang kakung saged dipunwastani menapa ?

a)

timang

b)

cenéla

c)

surjan

d)

lontong

e)

kamus

24.

Blangkon menika gagrag ...

a)

Ngayogyakarta

b)

Surakarta

c)

Jawa Tengah

d)

Jawa Timur

e)

Jawa Barat

25.

Busana ing gambar dipunwastani ...

a)

surjan

b)

lonthong

c)

beskap

d)

sinjang

e)

dhuwung

26.

Motif bathik menika dipunwastani ...

a)

parang

b)

truntum

c)

ceplok

d)

kawung

e)

pamiluto

27.

Busana panganten menika dipunwastani ...

a)

Paes Ajeng Jangan Menir

b)

Paes Ageng Kanigaran

c)

Paes Ageng

d)

Kasatriyan Ageng

e)

Jogja Putri

28.

Kebaya wonten gambar, menika kalebet busana Jawa gagrag ...

a)

Ngayogyakarta

b)

Jawa Barat

c)

Jawa Timur

d)

Surakarta

e)

Jawa Tengah

29.

Perangan busana jawa ing nduwur diarani apa?

a)

selop

b)

blangkon

c)

surjan

d)

kamus

30.

Endi sing arane jarik?

a)
b)
c)
d)