wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa XI 2024/2025 ganjil

Total questions: 25

Worksheet time: 19mins

Name
Class
Date
1.

Menapa rasukan ingkang minangka busana dhines abdi dalem Kraton Ngayogyakarta?

a)

Surjan pranakan biru

b)

Surjan Kembangan

c)

Surjan cemeng

d)

Surjan lurik

e)

Surjan warna

2.

Pambeda ageman sinjang gagrag Ngayogyakarta lan Surakarta inggih punika….

a)

Ngayogyakarta seret ing lebet, Surakarta seret ting jawi

b)

Ngayogyakarta seret ing jawi, Surakarta seret dipunlebetaken.

c)

Ngayogyakarta seret ing jawi, Surakarta seret ugi sami ing jawi.

d)

Ngayogyakarta seret boten diagem, Surakarta seret dipunlebetaken.

e)

Ngayogyakarta seret boten ketingal, Surakarta seret ugi boten ketingal

3.

Gambar sakmenika dipunwastan ...

a)

Blangkon

b)

Kamus

c)

Lonthong

d)

Timang

e)

Kendhit

4.

Busana kadosdene jas kanthi werni polosan dipunwastani ...

a)

surjan

b)

surjan lurik

c)

Atela

d)

beskap

e)

pranakan

5.

Ingkang dipunwastani kain wiron inggih menika ...

a)

Kain batik ingkang dipunlinting ing sisih pinggir saemper kados kipas

b)

Kain kados jarik kagem tapihan

c)

Minangka panjangkep kebaya

d)

Kain jarik

e)

Kain ingkang kados kipas

6.

Adatipun miru sinjang cara Surakarta, jarik ing sisih pinggir awarni pethak dipunpapanaken

ing ...

a)

Sajawining lempitan / wiron

b)

Sangandhap kemiri

c)

Dipuntekuk ing jawi

d)

Sangajeng padharan

e)

Salebeting lempitan

7.

Pirantos kangge nyingseti utawi ngencengaken tumepelipin sinjang wonten ing badan

dipunwastani…

a)

Jarik

b)

Stagen

c)

Kebaya

d)

Timang

e)

Kemben

8.

Benik ingkang wonten saking rasukan punika dipunperang dados tigang (3) perangan, inggih

punika ...

a)

Jaja, lengen, lan padharan

b)

Jangga, pundhak lan padharan

c)

Jangga, jaja, lan lengen

d)

angga, jaja, lan padharan

e)

Pundhak, lengen, lan padharan

9.

Pinten jarake wiru jarik kangge tiyang putri?

a)

2 nyari

b)

4 nyari

c)

6 nyari

d)

3 nyari

e)

5 nyari

10.

Ingkang nggadhahi filosofi supados saged anggadhahi pamikiran kang adhem lan tenang dipunwastani…

a)

Blangkon

b)

Beskap

c)

Jarik

d)

Surjan

e)

Sabuk

11.

Jarik anggadhahi kerata basa inggih punika...

a)

Aja serik

b)

Jarik lurik

c)

Saka bathik

d)

Bathik lurik

e)

aja bathik

12.

Ingkang bedakaken blangkon Ngayogyakarta kaliyan blangkon Surakarta inggih punika…

a)

Blangkon Ngayogyakarta warni kuning

b)

Blangkon Ngayogyakarta wonten mondholan

c)

Blangkon Ngayogyakarta boten wonten mondholanipun

d)

Blangkon Ngayogyakarta trespes

e)

Blangkon Ngayogyakarta jebeh segitiga

13.

Perangane busana jawi ingkang mengku piwulang bilih salebeting nindakaken perkawis kapenggalih kanthi permati sampun dados kapitunanipun tiyang kathah inggih menika ...

a)

benik

b)

timang

c)

kamus

d)

stagen

e)

udheng

14.

Salah satunggaling busana adat Jawa kangge tiyang kakung wonten laladan Ngayogyakarta

dipunwastani..

a)

Surjan

b)

Beskap

c)

Beskap landhung

d)

Beskap kembang

e)

Beskap jangkep

15.

Ingkang kalebu jinising sinjang bathik ingkang dados awisan, ing antawisipun kajaba....

a)

Parang barong

b)

Parang rusak

c)

Parang soblok

d)

Kawung ageng

e)

Udan riris

16.

Stagén tumrap tiyang kakung saged dipunwastani menapa?

a)

timang 

b)

lontong

c)

cenéla

d)

surjan

e)

kamus

17.

Busana takwa nggambaraken watak satriya Ngayogyakarta salah satunggalipun sengguh,

ingkang nggadhahi teges….

a)

Gemblenging tekad ingkang madhep mantep

b)

Satunggaling semangat anggenipun nindakaken pakaryan

c)

Percaya dhiri utawi pribadhi ingkang gadhah harga dhiri

d)

Pribadhi ingkang gadhah tanggel jawab

e)

Pribadhi ingkang kedah manembah dhumateng Gusti

18.

Busana takwa nggambaraken watak satriya Ngayogyakarta salah satunggalipun nyawiji,

ingkang nggadhahi teges…

a)

Gemblenging tekad ingkang madhep mantep

b)

Satunggaling semangat anggenipun nindakaken pakaryan

c)

Percaya dhiri utawi pribadhi ingkang gadhah harga dhiri

d)

Pribadhi ingkang gadhah tanggel jawab

e)

Pribadhi ingkang kedah manembah dhumateng Gusti

19.

Nalika dados panatacara pocapan/lafal kedah cetha, wiramanipun saé. Punika ateges

nggatosaken…

a)

olah guru

b)

olah basa

c)

olah raga

d)

olah swara

e)

olah busana

20.

Tiyang ingkang gadhah jejibahan nglantaraken titilaksana …

a)

sabdatama

b)

panatacara

c)

panutup

d)

pambagyaharja

e)

pambuka

21.

Surjan Sembagi menika sejatosipun dipunagem dening ...

a)

Pangeran Haryo

b)

abdi dalem

c)

Sri Pakualam

d)

para wedana

e)

Adipati

22.

Supados anggènipun ngayahi jejibahan saged kasil kanthi saé, pamedharsabda kedah

ngudi…

a)

adigang adigung adiguna

b)

tut wuri handayani

c)

ajining dhiri gumantung saka lathi

d)

olah basa, sastra, olah raga, busana

e)

ajining raga gumantung saka busana olah swara

23.

Ing andhap punika tegesipun gagrag, kejawi….

a)

corak

b)

tipe

c)

cara

d)

wujud

e)

modhèl

24.

Bab-bab ingkang boten kedah dipungatosaken nalika dados pranatacara inggih menika ...

a)

Wicara

b)

Wirama

c)

Wiraga

d)

Wirasa

e)

Wibawa

25.

Ewah-ewahaning pasuryan ingkang mranani nalika dados pranatacara inggih menika ...

a)

mbesengut

b)

suntrut

c)

mrengut

d)

sumringah

e)

cengenges