Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

CERKAK

Total questions: 20

Worksheet time: 24mins

Name
Class
Date
1.

Cerkak wancahan(singkatan) saka....

a)

Cerita cekak

b)

Cerita pendek

c)

Cerita cakak

d)

Cerita sambung

2.

Pambuka kang ngenalake latar, paraga, lan wektu dumadine crita yaiku....

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

resolusi

d)

konflik

3.

Unsur Intrinsik cerkak, kejaba

a)

Alur

b)

Tema

c)

Pasulayan

d)

Tokoh

4.

"An, kapan kae aku krungu menawa ibumu gerah, apa bener" pitakone Rani marang Ani. Ukara kasebut menawa diowahi menyang ukara crita sing trep, yaiku ....

a)

Rani takon marang Ani menawa ibune gerah.

b)

Rani takon marang Ani ngenani babagan bener apa ora yen ibune gerah

c)

Rani takon marang Ani yen ngerti ibune gerah

d)

Rani takon marang Ani menawa ibune gerah.

5.

Ing ngisor iki sing kalebu ukara crita kang trep, yaiku ....

a)

"Tugase kae garapen!" Jarene Rina

b)

"Nyuwun pirsa, menika menapa dalemipun Pak Burhan" pitakone Sasti

c)

"Coba wedang iki tilikana!"

d)

Katno kandha yen kelase arep diresiki.

6.

Wacanen cerkak ing ngisor kanthi tliti!


Wayah liburan akhir taun pelajaran wingi, aku ndherek bapak lan ibu wisata kluwarga menyang Jakarta, Bogor, lan Bandung. Kebeneran sekolah ing panggonane bapak ngasta nganakake wisata kluwarga. Aku lan adhikku uga ndherek. Sadurunge budhal, bengine mripatku angel dakremake. Kok ora ndang esuk-esuk, ya? pikirku. Aku ora bisa turu, awit wis kelas 8 SMP aku durung weruh langsung swasana ibukota negara RI kasebut.


Manut wacan ing ndhuwur, sing dadi paraga utama yaiku ....

a)

Ibu

b)

Bapak

c)

Adhik

d)

Aku

7.

Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi patitis!


Dhompet sing ditemu Tono ing ngisor kursi sing dilungguhi mau tansah ngganggu pikirane. Ing ngarepe Tono lungguh mau ana bapak-bapak kang rupane isih dieling banget dening Tono.

“Dhompet iki yen takserahne Pak Polisi, apa bener Pak Polisi bakal nyerahne marang sing nduwe? Dhompet iki rak isine dhuwit akeh?”

Tono dhewe ora kepengin ngepek barang kang dudu duweke. Kejujuran iku nomer siji, dhawuhe bapake. Wong dianggep luhur drajate yen jujur tumindake.


Watak sing digambarake paraga Tono ing crita kasebut, yaiku ...

a)

Seneng

b)

Susah

c)

Jujur

d)

Geleman

8.

Ing ngisor iki sing kelebu struktur teks saka crita cerkak (cekak) yaiku ...

a)

Identifikasi, klarifikasi/definisi, deskripsi bagean

b)

Pambuka, (Orientasi), Pasulayan (Komplikasi), Pangudhare Prakara(Resolusi)

c)

Pambuka, Surasa/isi, Panutup

d)

Pambuka (Orientasi), panutup (reorientasi)

9.

Unsur intrinsik sajrone crita kang nerangake watak wantune paraga ing crita kasebut, diarani ...

a)

Paraga

b)

Penokohan

c)

Setting

d)

Akting

10.

Tintingane cerita cekak yaiku ....

a)

Critane ora dawa, ukarane ringkes, isine padhet nanging basane angel dimangerteni

b)

Critane dawa, isine padhet, basane gampang dimangerteni

c)

Critane cekak, isine padhet, ukarane ringkes, basa dimangerteni

d)

Critane dawa, isine cekak aos, basane menthes

e)

Critane saklepasan, isine padhet, basane endah

11.

'Sugali bodhine atletis. Dedege dhuwur, pakulitane ireng, rambute disemir abang kaya selebritis. Saben mulih mlakune ajeg sempoyongan merga mendem. Rambute awut-awutan kaya buta nalika kalah perang'.

Saking ukara ing nginggil, kita saged nemokaken...

a)

alur

b)

latar

c)

konflik

d)

paraga

e)

liding carita

12.

4. Ukara langsung kang bener penulisane, yaiku ....

a)

"Aku arep melu transmigrasi, kandhane Pak Umar.

b)

"Aku arep melu transmigrasi "kandhane Pak Umar.

c)

Kandhane Pak Umar, Aku arep melu transmigrasi.

d)

Kandhane Pak Umar, "Aku arep melu transmigrasi."

13.

5. Ukara sing mesthine diucapake Edo, yaiku ....

a)

"Uwis, kabeh wis dakgarap."

b)

"Durung, kabeh durung dakgarap."

c)

"Ya, mengko dakkandhani, ya!"

d)

"Uwis arep dakgarap, e malah udan!"

14.

Unsur cerkak sing isine Babagan papan, wektu, lan swasana jeroning cerita diarani..

a)

Tema

b)

Alur

c)

Latar

d)

Paraga

15.

Amanat yaiku..

a)

Wong kang dicritaake ing cerita

b)

Piwulang kebecikan Utawa pitutur luhur ing crita

c)

Posisi Pangripta jeroning crita

d)

Basa ing crita

16.

"Kowe mau arep dijak kancamu nonton bal - balan"

Ukara ing nduwur kelebu basa..

a)

Basa ngoko lugu

b)

Basa ngoko alus

c)

Basa krama lugu

d)

Basa krama alus

17.

"Sesuk isuk wae kowe tuku sepatu ing toko!"

Ukara ing nduwur yen ditulis nganggo basa krama alus yaiku?

a)

Sesuk isuk wae kowe tuku sepatu ing toko

b)

Benjing enjing wae panjenengan tumbas sepatu ing toko

c)

Benjing enjing mawon panjenengan tumbas sepatu ing toko

d)

Benjing enjing kemawon panjenengan mundhut sepatu ing toko

18.

Tembung "kowe" yen dikramakne becike nganggo..

a)

Sampeyan

b)

Panjenengan

c)

Dirimu

d)

Bocae

19.

Yen kowe omong - omongan karo kancamu sing sapepadha / saumuran becike nggawe basa..

a)

Basa ngoko lugu

b)

Basa ngoko alus

c)

Basa krama lugu

d)

Basa krama alus

20.

Yen kowe matur marang gurumu utawa wong tuwamu becike nganggo basa..

a)

Basa ngoko lugu

b)

Basa ngoko alus

c)

Basa krama lugu

d)

Basa krama alus