wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Tembang Pangkur

Total questions: 10

Worksheet time: 23mins

Name
Class
Date
1.

Watake tembang Pangkur yaiku ...

a)

ala

b)

becik

c)

kejem

d)

sereng


e)

sedhih

2.

Cacahing gatra (baris) saben pada (bait) diarani guru ...

a)

Gatra

b)

lagu

c)

Sastra

d)

wilangan


e)

Swara

3.

Tembang macapat kang asale saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha-padha diarani ...

a)

dhandhanggula

b)

pangkur

c)

mijil

d)

sinom


e)

kinanthi

4.

Jenenge tembang pangkur kuwi nduweni teges mingkur. Falsafahe nuduhake urutan uripe manungsa kang wis tambah tuwa kang nduweni sipat ....

a)

Seneng tetulung marang wong liya

b)

Ngrumat anak kanthi becik

c)

Pegat ruhe utawa mati

d)

Ngilari barang kang ora becik


e)

Seneng darma marang sedaya umat manungsa

5.

Titikane guru gatra, guru wilangan lan guru lagu tembang macapat pangkur yaiku ....

a)

10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

b)

8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

c)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

d)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i


e)

12u, 6a, 8i, 12a

6.

Serat wedhatama anggitanipun KGPAA Mangkunegara kaping sekawan minangka salah siji karya sastra kang awujud tembang. Tembung “wedhatama” tegese ....

a)

ajaran luhur kanggo mbangun bale wisma

b)

ajaran luhur kanggo para raja

c)

ajaran kanggo manembah marang gusti

d)

ajaran luhur kanggo mbangun budi pakerti


e)

ajaran supaya slamet uripe

7.

Ukara tembang pangkur ing gatra 2 “Akarana karenan mardisiwi” tegese ....

a)

karana seneng pendhidhikan

b)

karana remen putra putri

c)

karana remen ndhidhik putra putri

d)

karana kedah nggulawentah putra putri

e)

karana manungsa remen pendhidhikan kang sae

8.

Pretelan (penggalan) kang ateges ngadohi sawenehe tumindak kang ala yaiku ...

a)

Mingkar-mingkur ing angkara

b)

Akarana karenan mardisiwi

c)

Mrih kretarta pakarting ngelmu luhung

d)

Sinawung resmining kidung

e)

Agama ageming aji

9.

Pretelan (penggalan) kang nudhuhake manungsa iku luwih dhuwur drajate saka titah liyane amarga duwe kepercayan yaiku ...

a)

Mingkar-mingkur ing angkara

b)

Akarana karenan mardi siwi

c)

Mrih kretarta pakarting ngelmu luhung

d)

Sinawung resmining kidung

e)

Agama ageming aji

10.

Serat Wedhatama iku dikarang dening ...

a)

Mangkunegaran III

b)

Pakubuwana IV

c)

Hamengkubuwana IV

d)

Pakunagaran VI

e)

Mangkunegara IV