Font size
WorksheetsPTS GANJIL BJW KELAS 4 TA.2020/2021
Total questions: 40
Worksheet time: 2hrs 15mins
Tema teks geguritan ing dhuwur yaiku …
A. Karukunan ing omah
B. Karukunan ing sekolah
C. Karukunan ing nalika dolanan
D.Karukunan ing taman wisata
2.Tembung kang nduweni tegese entar ing geguritan kasebut yaiku …
A. Cilik-gedhe
B. Bagus -ayu
C. Sapu sada
D. Cancut tali wanda
3. Tembung Purwakanti ing teks geguritan “Sapu Sada” yaiku …
A. Nandur -kebecikan
B. Tumuju – adiwiyata
C. Playu – rahayu
D. Bubrah – santosa
4.Surasa teks geguritan “sapu sada” yaiku …
A. Nerangake guyub rukune keluwarga kena kanggo tepa tuladha
B. Nerangake guyub rukune kekancaan nalika resik resik ing sekolah
C. Nerangake guyub rukune kekancaan nalika dolanan bal-balan
D. Nerangake guyub rukune tetanggoan nalika kerjabakti ing desa
5 .Cancut tali wanda nandur kebecikan. Cancut tali wanda tegese …
A. Seneng banget
B. Ora bisa tumindak becik
C. Rumangsa tentrem
D. Nyambut gawe
6.Tumuju adiwiyata murih rahayu. Wiyata tegese…
A. Urip sing selaras
B. Lingkungan sekolah
C. Endah didulu
D. Enggal-enggal
7.Jum’at asri, resik lan sehat. Asri tegese …
A. Endah didulu
B. Lingkungan sekolah
C. Urip sing selaras
D. Diangkat dhuwur
8.Geguritan yaiku..
A. Puisi basa jawa gagrag lawas (kuno) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok.
B. Puisi basa jawa gagrag lawas (kuno) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok.
C. Puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok.
D. Puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok.
9.Tema karangan, yaiku …
a. Gagasan tambahan sing arep diwadhahi sajrone tulisan
b. Gagasan tambahan sing arep diandharake sajrone tulisan
c. Gagasan pokok sing arep diwadhahi sajrone tulisan
d. Gagasan pokok sing arep diandharake sajrone tulisan
10. Kepriye carane nemokne tema geguritan ?’
A. Maca geguritan sing buwanter tapi ora dibaleni
B. Maca geguritan ing ati, lan ora dibolan baleni
C. Maca geguritan kang titi lan yen perlu dibolan baleni
D. Maca geguritan kapisan lan di ora perlu dibaleni
11.Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Tegese …
A. Cecokrakan kadang-kadang ndadekake kuwat utawa korat-karit
B. Rukun kadang-kadang ndadekake kuwat utawa korat-karit
C. Rukun ndadekake kuwat, nanging cecongkrakan ndadekake korat-karit
D. Rukun ndadekake korat-karit, nanging cecongkrakan ndadekake kuwat
12. Strukture teks geguritan yaiku ...
A. tembang, patrap, swara, olah swara
B. tembung, nyawiji, swara, surasa
C. tembung, tembang, swara, surasa
D. tembung, larik, pada(bait), swara, surasa
13. Surasa tegese yaiku ...
A. Solah bawa lan polatan (ekspresi
B. wujud isi lan pesen (amanat) saka geguritan
C. tata pangaturing napas
D. kumpulan larik kang tumata kanthi laras
14. Salah siji cara kanggo memahami geguritan yaiku Ngowahi wujud teks geguritan dafi wujud teks cerita.
Pakarya ngowahi wujud iki diarani ...
A. Ngarang gancaran
B. Prosa/crita
C. Parafrase
D. Geguritan
15.Yen isine geguritan iku seneng, polatane sing maca kudu ....
A. Susah, alon moco karo ati sing nelangsa
B. katon bungah, teges, mandhes, supaya sing ngrungongake melu seneng
C. nelangsa, supaya sing ngrungokake melu sedih
D. katon seneng, supaya sing ngrungokake melu sedih
16. Pacelathon tegese …
A. Rembukan antarane wong siji ngenani sawenehing bab
B. Rembukan antarane wong loro utawa luweh ngenani sawenehing bab
C. Rembukan karo wong kang ora bisa dieting
D. Rembukan karo wong kang akeh banget
17.Sekabehe ukara ing teks pacelathon iku nggunakake …
A. Ukara kandha (kalimat langsung)
B. Ukara crita (kalimat ora langsung)
C. Ukara pakon (kalimat perintah)
D. Ukara panjaluk (kalimat permohonan)
18.Krama lugu yaiku …
A. Basa jawa sing kadadean saka basa krama lugu lan tembung krama inggil
B. Basa jawa sing kadadean saka tembung krama
C. Basa jawa sing ukarane kacampur antarane tembung ngoko lan krama
D. Basa jawa sing kadadean saka tembung-tembung ngoko kabeh tanpa kecampuran tembung krama
19.Agung : ……………………………………
Pak hari : “ Kanggo njaga kesehatan lan ngulinakake budaya gemi nggunakake energi.”
Ukara pitakon kang trep kanggo nglengkapi teks pacelathon ing dhuwur kang nggawe unggah-ungguh basa yaiku …
A. Nyapo tujuan Pak Hari nunpak sepedhah?
B. Geneya Pak Hari numpak sepedhah?
C. Kapan pak Hari numpak sepedhah?
D. Lajeng, menapa Tujuanipun bapak nitih sepedhah?
20. Pah Sugeng :…………
Radit : “Bensin, pertalite, utawi pertamax”
Ukara pitakon kang trep kanggo nglengkapi teks pacelathon ing dhuwur kang nggawe unggah-ungguh basa yaiku …
A. “Mobil meniko bahan bakaripun menapa ?”
B. “Bahan bakar napa engkang digunaaken Mobil meniko ?”
C. “Napa mobil meniko nggunakaken bahan bakar pertamax ?”
D. “Mobil kae bahan Bakare apa?
21.Pak Dhe njengan bade ……….. pundi ?
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku
…
A. Wangsul
B. Lunga
C. Tindak
D. Muleh
22.Kanca padha kanca kang wes akrab nanging luweh ngajeni nggunakake unggah ungguh basa pacelathon yaiku …
A. Ngoko lugu
B. Ngoko alus
C. Krama lugu
D. Krama alus
23. Pak bayu tuku sapi ing pasar.
Basa ngoko lugu ing duwor yen didadekna krama alus yaiku …
A. Pak Bayu tuku lembu ing pasar
B. Pak Bayu tumbas sapi ing pasar
C. Pak Bayu mundhut lembu datheng peken
D. Pak Bayu mundhut sapi datheng pasar
24.Salah sawijine titikan teks pacelathon yaiku …
A. Katulis kanthi wujud dhialog
B. Mung nggunakake ukara crita
C. Diperagani dening pawongan siji
D. Kabeh ukarane Nggunakake krama lugu
25.Marang wong kang diajeni banget, unggah ungguh basa kang digunakake yaiku …
A. Ngoko lugu
B. Ngoko alus
C. Krama lugu
D. Krama alus
26.Tembung kang nduweni teges entar yaiku ……….
(a)
27.Tuladhane larik cendhak ing teks geguritan ing dhuwur yaiku ……
(a)
28.Gagasan pokok pada ke papat (bait ke empat) yaiku ..
(a)
29.Purwakati kang runtut unine teks geguritan ing dhuwur yaiku ….
(a)
30.Surasa/ pesen (amanat) teks geguritan “Tim Futsal” yaiku
(a)
31.Basa ngoko kaperang (dibagi) dadi ngoko lugu lan ...
(a)
32.Basa krama kaperang (dibagi) dadi krama lugu lan ……………
(a)
33.Bocah marang wong tuwa nggunakake basa ….
(a)
34.Adik marang kangmas utawa mbakyu nggunakake basa …
(a)
35.Adik nalika matur dumateng bapak nggunakake basa krama. Tujuane adik nggunakake basa krama yaiku …..
(a)
36.Apa mupangate tema sajroning karangan ?
(a)
37. Kepriye patrape sing bener tumprap wong sing maca geguritan ?
(a)
38.Tulisen sawijine karangan teks geguritan kanthi pilih tema !
A. Guyub rukun ing kulawarga
B. Guyub rukun ing sekolah
C. Guyub rukun ing masyarakat
(a)
39.Arananan titikane teks pacelathon. Loro wae !
(a)
40. Jangkepana teks pacelathon iki !
Beni : “ Wonten dhawuh bu ? “
Ibu : ………………………
Beni : Sampun, TV-nipun sampun kulo pejahi.”
Ibu : ………………………
(a)
