WorksheetsUH B JAWA KELAS 8 BAB 2
Total questions: 25
Worksheet time: 25mins
Name
Class
Date
1.
Ragam basa yen dideleng saka wilayahe diarani ....
a)
Dhialog
b)
Dhialek
c)
Formal
d)
Informal
2.
Ragam basa yen dideleng saka kahanane diarani ....
a)
Formal
b)
Informal
c)
Formal lan informal
d)
Dhialek
3.
Basa sing dipaesi utawa dipacaki supaya luwih apik , endah lan ngresepake diarani ....
a)
Basa rinengga
b)
Bas a daerah
c)
Basa formal
d)
Basa informal
4.
Tumindak ora bener pisan , njalari kapitunan rong warna , bebasane ....
a)
Nututi layangan pedhot
b)
Ngglungguhi klasa gumelar
c)
Suduk gunting tatu loro
d)
Kacang ora ningal lanjaran
5.
Saloka cebol nggayuh lintang tegese ....
a)
Sipate anak ora beda adoh karo sipate wong tuwa
b)
Wong asor nanging sugih bandha donya
c)
Beja banget
d)
Wong sekeng duwe gegayuhan sing mokal kasembadan
6.
Mung kari nemu penake , bebasane ....
a)
Ngglungguhi klasa gumelar
b)
Suduk gunting tatu loro
c)
Nututi layangan pedhot
d)
Kebo nusu gudel
7.
Nututi layangan pedot , tegese ....
a)
Tumindak ora bener pisan , njalari kapitunan rong warna
b)
Mburu barang sepele sing asile ora sumbut karo rekasane
c)
Mung kari nemu penake
d)
Wong asor nanging sugih bandha donya
8.
Pepindhan srawunge lenga karo banyu tegese ....
a)
Ora bisa rukun
b)
Beja banget
c)
Kaya ora ana sing bisa ngalahake
d)
Bisa urip kanthi rukun
9.
Wong asor nanging sugih bandha donya , salokane ....
a)
Cebol nggayuh lintang
b)
Kacang ora ninggal lanjaran
c)
Asu belang kalung wang
d)
Asu arebut balung
10.
Kacang ninggal lanjaran , tegese ....
a)
Wong tuwa njaluk warah wong enom
b)
Wong sekeng duwe gegayuhan sing mokal kelakon
c)
Wong asor nanging sugih bandha
d)
Sipate anak ora beda adoh karo sipate wong tuwa
11.
Kaya ora ana sing bisa ngalahake , pepindhane ....
a)
Sumbare kaya bisa mutung wesi gligen
b)
Ketiban ndaru
c)
Srawunge kaya lenga karo banyu
d)
Njanur gunung
12.
Ketiban ndaru , tegese ....
a)
Kaya ora ana sing bisa ngalahake
b)
Beja banget
c)
Oleh kapitunan
d)
ora bisa rukun
13.
Ngendelake kekuatane , kaluhurane , lan kapinterane , paribasane ....
a)
Anak polah bapa kepradah
b)
Kebat kliwat , gancang pincang
c)
Adigang , adigung , adiguna
d)
Kaya belo metu seton
14.
Kebat kliwat . Gancang pincang , tegese ....
a)
Tumindak kanthi kesusu asile ora bakal maremake
b)
Tingkah polah anak dadi tanggung jawab wong tuwane
c)
Ngendelake kekuwatane ,kaluhurane lan kapinterane
d)
Wong tuwa njaluk warah wong enom
15.
Tingkah polahe anak tanggung jawabe wong tuwane , paribasane
a)
Kebo nusu gudel
b)
Adigang , adigung , adiguna
c)
Anak polah bapa kepradah
d)
Kebat kliwat gancang pincang
16.
Kriwikan dadi grojogan , tegese
a)
Prekara gedhe dadi cilik
b)
Prekara cilik dadi prekara gedhe
c)
Wong duwe niat ala oleh dalan
d)
Kaya ora ana sing bisa ngalahake
17.
Manut grubyuk ora ngerti karepe , paribasane ....
a)
Kriwikan dadi grojogan
b)
Anak polah bapa kepradah
c)
Kaya belo metu seton
d)
Rebutan balung tanpa isi
18.
Prakara wingi aja ndadekake pinggete atimu artine yaiku ....
a)
serik
b)
sombong
c)
mencla-mencle
d)
sedih
19.
kok sajak lemes kaya wayang ilang gapite atine yaiku ....
a)
Ilang banda donyane
b)
Ilang baguse
c)
Ilang kesombongane
d)
Ilang kaluhurane
20.
Kula dikengken ibu tumbas gendhis , ukara iki kalebu ....
a)
Ngoko lugu
b)
Krama lugu
c)
Ngoko alus
d)
Krama alus
21.
Bapak sore mau ngunjuk wedang kopi , ukara iki kalebu ....
a)
Ngoko alus
b)
Krama alus
c)
Krama lugu
d)
Ngoko lugu
22.
Soni mau tuku sate sejinah , ukara iki kalebu ....
a)
Krama lugu
b)
Ngoko alus
c)
Ngoko lugu
d)
Krama alus
23.
Simbah nembe sare wonten kamar , ukara iki kalebu ....
a)
Krama alus
b)
Krama lugu
c)
Ngoko alus
d)
Ngoko lugu
24.
Bebasan sing tegese ora adil , yaiku ....
a)
Ora uwur ora sembur
b)
Arep jamure ora arep watangane
c)
Emban cinde , emban siladn
d)
Rebut balung tanpa isi
25.
Ukara sing paling trep manut aturan unggah ungguh yaiku ....
a)
Kula pun sanjang kalih ibu yen ajeng nyuwun dhuwit
b)
Kula wis matur karo ibu yen arep njaluk dhuwit
c)
Aku wis kandha karo ibu yen arep nyuwun arta
d)
Kula sampun matur kaliyan ibu menawi badhe nyuwun arta
100 %
