wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS GASAL BASA JAWA KELAS VII

Total questions: 50

Worksheet time: 26mins

Name
Class
Date
1.

Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor jam pinten?

a)

mangkat, mlampah

b)

mlampah, tindak

c)

tindak, mlampah

d)

tindak, tindak

2.

Gatekake ukara ngoko alus ing ngisor iki!

esuk – Pak Camat – apa – ditimbali – mau – arep – ? – ya – diutus – Aku


Yen digawe ukara dadi....

a)

Pak Camat ditimbali aku mau arep diutus ana apa ya?

b)

Aku esuk mau ditimbali Pak Camat arep diutus apa ya?

c)

Aku esuk mau diutus Pak Camat arep ditimbali apa ya?

d)

Esuk Pak Camat apa ditimbali mau aku arep diutus ya?

3.

Wacanen teks ing ingisor iki kanthi setiti!

Rafida Helmi lair tanggal 31 Juli 1998 ing SukaBumi, Jawa Barat. Dheweke kenya putrine bapak Helmi lan ibu Rofi’ah. Rafida pinter lan genius. Umur lagi 14 taun wis nyandhang status mahasiswi kedokteran ing Universitas Islam Sultan Agung (Unissula) Semarang. Sinau ing TK anjur melbu SD Sriwedari Sukabumi mung mbutuhake wektu 5 taun, jalaran melbu ing kelas akselerasi. Ing SMP lan SMA uga kelebu kelas akselerasi, kabeh mung mbutuhake wektu 4 taun. Prestasine Rafida ngetutake mbakyune, yaiku Rina Helmi sing tau kawisuda dadi dokter paling enom ing FK UGM. Rafida kasil jalaran karo wong tuwane ditanemake kesadaran sinau dhewe-dhewe.


Babagan sing narik kawigaten tumrap tokoh Rafida yaiku....

a)

Rafida pinter lan genius

b)

Ing SD melbu kelas akselerasi

c)

Prestasine Rafida ngetutake mbakyune

d)

Umur 14 taun dadi mahasiswi kedokteran

4.

Wacanen teks ing ingisor iki kanthi setiti!

Rafida Helmi lair tanggal 31 Juli 1998 ing SukaBumi, Jawa Barat. Dheweke kenya putrine bapak Helmi lan ibu Rofi’ah. Rafida pinter lan genius. Umur lagi 14 taun wis nyandhang status mahasiswi kedokteran ing Universitas Islam Sultan Agung (Unissula) Semarang. Sinau ing TK anjur melbu SD Sriwedari Sukabumi mung mbutuhake wektu 5 taun, jalaran melbu ing kelas akselerasi. Ing SMP lan SMA uga kelebu kelas akselerasi, kabeh mung mbutuhake wektu 4 taun. Prestasin Rafida ngetutake mbakyune, yaiku Rina Helmi sing tau kawisuda dadi dokter paling enom ing FK UGM. Rafida kasil jalaran karo wong tuwane ditanemake kesadaran sinau dhewe-dhewe.


Tindak-tanduk sing pantes dituladha saka tokoh ing teks kasebut yaiku......

a)

Kesadharan sinau dhewe

b)

Mlebu kelas akselerasi

c)

Isih enom dadi dokter

d)

Prestasine

5.

Wacanen teks ing ingisor iki kanthi setiti!

Ki Hajar Dewantara kagungan lelabuhan kang gedhe banget ing donyaning pendhidhikan. Taun 1959 Pamerintah paring gelar Bapak Pendidikan marang Ki Hajar Dewantara, lan tanggal 2 Mei cundhuk karo tanggal miyose ditetepake minangka Dina Pendidikan Nasional.


Tembung lelabuhan tegese.....

a)

Jasa

b)

Modal

c)

Andhil

d)

Cita-cita

6.

Wacanen teks ing ingisor iki kanthi setiti!

Ki Hajar Dewantara kagungan lelabuhan kang gedhe banget ing donyaning pendhidhikan. Taun 1959 Pamerintah paring gelar Bapak Pendidikan marang Ki Hajar Dewantara, lan tanggal 2 Mei cundhuk karo tanggal miyose ditetepake minangka Dina Pendidikan Nasional. Sesanti Tut Wuri Handayani nganthi saiki dadi lambange Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan.


Tut Wuri Handayani, sesanti Ki Hajar Dewantara sing pantes dienggo nganti saiki, tegese yaiku.....

a)

Saka mburi tansah nyengkuyung

b)

Ing mburi tansah menehi tuladha

c)

Saka mburi tansah paring tetulung

d)

Ing mburi tansah mnehi pamrayoga

7.

“ Ki Hajar Dewantara miyos ing Jogjakarta tanggal 2 Mei 1889. Kagungan asma asli RM Suwardi Suryaningrat”. Ukara kasebut migunakake basa....

a)

Krama lugu

b)

Ngoko lugu

c)

Krama alus

d)

Ngoko alus

8.

Simbah tuku jeruk sekilo.

Basa kramanipun tuku inggih punika ....

a)

tuku

b)

tumbas

c)

mendhet

d)

mundhut

9.

Bapak lara untu.


Ukara ing dhuwur yen ditulis nganggo krama inggil yaiku ....

a)

Bapak sakit samparan

b)

Bapak sakit padaran

c)

Bapak gerah paningal

d)

Bapak gerah waja

10.

... reginipun tigan setunggal kilo, Bu ?


Tembung pitakon kang trep kanggo ukara ing dhuwur yaiku ....

a)

pinten

b)

kados pundi

c)

sinten

d)

menapa

11.

Wacanen kanthi patitis!

Museum Kereta Kraton Yogyakarta

Dhek dina Minggu sasi Juli taun wingi, Lestari karo bapak lan ibune menyang Museum Kereta Kraton Ngayogyakarta. Papane ora adoh saka Kraton Ngayogyakarta yaiku ing Jalan Rotowijayan, Kelurahan Kadipaten, Kecamatan Keraton, Kota Yogyakarta. Prenahe ing sisih kidul kulon Alun-Alun Lor, Kraton Ngayogyakarta.

Museum Kereta Kraton Ngayogyakarta wiwit dibangun nalika jamane Sri Sultan Hamengkubuwono VII. Sri Sultan Hamengkubuwono VII miyos nalika tanggal 4 Februari 1839 lan seda tanggal 30 Desember 1931. Raja Kraton Ngayogyakarta iku nalika timur asma Gusti Raden Mas Murtejo. Panjenengane katelah Sultan Sugih amarga kagungan pabrik gula cacahe pitulas pabrik.

Koleksi Museum Kereta Kraton Ngayogyakarta wujud kreta sing gunggunge kabeh ana rorikur. Ana kereta sing umure wis puluhan tahun, malah ana sing wis atusan tahun. Saben-saben kereta diwenehi jeneng dhewe-dhewe. Kereta sing umure tuwa dhewe yaiku Kreta Kanjeng Nyai Jimat, digawe nalika tahun 1750. Kereta kang digeret jaran wolu iki, pir-e digawe saka lulang kebo. Kereta Kanjeng Nyai Jimat tekan saiki isih wutuh kaya asline. Saben tanggal 1 Sura utawa 1 Muharram kereta-kereta iku diwetokake saka museum saperlu dijamasi. Pamrihe, supaya tetep resik lan ora gampang rusak.


Museum Kereta Yogyakarta dumunung ing ….

a)

Jalan Rotowijayan, Kadipaten Kraton, Yogyakarta

b)

Jalan Boyong, Taman Wisata Kaliurang

c)

Jalan HOS Cokroaminoto, Tegalrejo

d)

Jalan Malioboro, Yogyakarta

12.

Wacanen kanthi patitis!

Museum Kereta Kraton Yogyakarta

Dhek dina Minggu sasi Juli taun wingi, Lestari karo bapak lan ibune menyang Museum Kereta Kraton Ngayogyakarta. Papane ora adoh saka Kraton Ngayogyakarta yaiku ing Jalan Rotowijayan, Kelurahan Kadipaten, Kecamatan Keraton, Kota Yogyakarta. Prenahe ing sisih kidul kulon Alun-Alun Lor, Kraton Ngayogyakarta.

Museum Kereta Kraton Ngayogyakarta wiwit dibangun nalika jamane Sri Sultan Hamengkubuwono VII. Sri Sultan Hamengkubuwono VII miyos nalika tanggal 4 Februari 1839 lan seda tanggal 30 Desember 1931. Raja Kraton Ngayogyakarta iku nalika timur asma Gusti Raden Mas Murtejo. Panjenengane katelah Sultan Sugih amarga kagungan pabrik gula cacahe pitulas pabrik.

Koleksi Museum Kereta Kraton Ngayogyakarta wujud kreta sing gunggunge kabeh ana rorikur. Ana kereta sing umure wis puluhan tahun, malah ana sing wis atusan tahun. Saben-saben kereta diwenehi jeneng dhewe-dhewe. Kereta sing umure tuwa dhewe yaiku Kreta Kanjeng Nyai Jimat, digawe nalika tahun 1750. Kereta kang digeret jaran wolu iki, pir-e digawe saka lulang kebo. Kereta Kanjeng Nyai Jimat tekan saiki isih wutuh kaya asline. Saben tanggal 1 Sura utawa 1 Muharram kereta-kereta iku diwetokake saka museum saperlu dijamasi. Pamrihe, supaya tetep resik lan ora gampang rusak.


Pendiri Museum Kereta Yogyakarta yaiku ….

a)

Prof. KPH. Soejono Prawirohadikusumo

b)

Prof. Dr. Husein Djajaningrat

c)

Sultan Hamengkubuwono VII

d)

Sultan Hamengkubuwono X

13.

Wacanen kanthi patitis!

Museum Kereta Kraton Yogyakarta

Dhek dina Minggu sasi Juli taun wingi, Lestari karo bapak lan ibune menyang Museum Kereta Kraton Ngayogyakarta. Papane ora adoh saka Kraton Ngayogyakarta yaiku ing Jalan Rotowijayan, Kelurahan Kadipaten, Kecamatan Keraton, Kota Yogyakarta. Prenahe ing sisih kidul kulon Alun-Alun Lor, Kraton Ngayogyakarta.

Museum Kereta Kraton Ngayogyakarta wiwit dibangun nalika jamane Sri Sultan Hamengkubuwono VII. Sri Sultan Hamengkubuwono VII miyos nalika tanggal 4 Februari 1839 lan seda tanggal 30 Desember 1931. Raja Kraton Ngayogyakarta iku nalika timur asma Gusti Raden Mas Murtejo. Panjenengane katelah Sultan Sugih amarga kagungan pabrik gula cacahe pitulas pabrik.

Koleksi Museum Kereta Kraton Ngayogyakarta wujud kreta sing gunggunge kabeh ana rorikur. Ana kereta sing umure wis puluhan tahun, malah ana sing wis atusan tahun. Saben-saben kereta diwenehi jeneng dhewe-dhewe. Kereta sing umure tuwa dhewe yaiku Kreta Kanjeng Nyai Jimat, digawe nalika tahun 1750. Kereta kang digeret jaran wolu iki, pir-e digawe saka lulang kebo. Kereta Kanjeng Nyai Jimat tekan saiki isih wutuh kaya asline. Saben tanggal 1 Sura utawa 1 Muharram kereta-kereta iku diwetokake saka museum saperlu dijamasi. Pamrihe, supaya tetep resik lan ora gampang rusak.


Sultan Hamengkubuwono VII katelah Sultan Sugih amarga ….

a)

duwe museum kereta

b)

duwe kereta cacahe rorikur

c)

duwe pabrik gula cacahe pitulas

d)

duwe kereta sing pir-e digawe seka lulang kebo

14.

Menawa arep nyuwun idin belajar kelompok, anggone matur marang simbahmu yaiku …

a)

Mbah, kula nyuwun idin badhe belajar kelompok, wangsulipun mangke jam tiga.

b)

Mbah, kula mundhut idin arep belajar kelompok, kondure mangke jam tiga.

c)

Mbah, kula nyuwun idin ajeng belajar kelompok, baline mangke jam telu.

d)

Mbah, kula ajeng idin belajar kelompok, kondure mangke jam telu.

15.

Ing dina Selasa, Arin telat anggone mlebu kelas jalaran tangi kawanen. Kepriye anggone Arin matur marang Bu Guru kang wis miwiti pelajaran?

a)

Bu guru nuwun sewu kula telat, yen oleh kula ajeng melu pelajaran.

b)

Bu guru nuwun sewu kula telat, yen angsal kula ajeng tumut pelajaran.

c)

Bu guru nuwun sewu kula telat, menawa angsal kula ajeng ndherek pelajaran.

d)

Bu guru nuwun sewu kula telat, menawi kepareng kula badhe ndherek pelajaran.

16.

Nalika Bulik Asri kondur saka Bandung, Lintang entuk oleh-oleh peyem. Kepriye ature Lintang kang bener nalika ngandharake panuwun dhateng bulike?

a)

Matur nuwun lik, tapi kok mung sethithik?

b)

Matur nuwun lik, kula remen peyemipun.

c)

Matur nuwun lik, sesuk tumbaske maneh.

d)

Matur nuwun lik, sesuk meneh ya.

17.

Nalika kowe dinyatakake munggah kelas VIII lan dadi juwara 1 ing kelas, Bu Rina minangka wali kelasmu ngucapake selamat kanggo kowe. Anggonmu caos wangsulan marang Bu Rina kang becik yaiku …

a)

Matur nuwun Bu, menika sedaya awit donga pangestunipun Bu Rina.

b)

Matur nuwun Bu, untung ingkang dados wali kelasipun Bu Rina.

c)

Matur nuwun Bu, menika amargi kula mempeng anggene sinau.

d)

Matur nuwun Bu, menika amargi kula boten tau bolos sekolah.

18.

Bu, sore mau aku diwenehi dhuwit dening simbah. Ukara kasebut iku kleru, dene benere yaiku …

a)

Bu, aku mau disukani dhuwit dening simbah sonten wau.

b)

Bu, kula wau sonten dipuncaosi dhuwit dening simbah.

c)

Bu, kula wau sore dipunsukani dhuwit dening simbah.

d)

Bu, sonten wau kula dipunparingi arta kaliyan simbah.

19.

Kowe mulih sekolah banjur kepethuk pakdhemu sing arep tindak sawah. Kepiye anggonmu aruh-aruh?

a)

Pakdhe badhe tindak sabin?

b)

Pakdhe saking tindak sabin?

c)

Arep menyang sawah apa piye Dhe?

d)

Wah, ajeng teng sabin ta Dhe?

20.

Uwong kang tetepungan/kenalan, lumrahe sepisanan nyuwun priksa babagan asmane. Ing ngisor iki basa kang bener nalika tetepungan yaiku …

a)

Ditepungke, sapa jenengmu?

b)

Nuwun sewu, sapa jenengan?

c)

Nyuwun ngapunten, jenengan sapa?

d)

Nuwun sewu, panjenengan asmanipun sinten?

21.

Bagas nalika ing toko buku ketemu karo gurune kang asmane Bu Ika, anggone sapa aruh Bagas marang Bu Ika becike yaiku …

a)

''Bu Ika, badhe napa niki?''

b)

''Bu Ika, ajeng tumbas napa bu?''

c)

“Bu Ika, badhe mundhut menapa bu?”

d)

“Bu Ika, badhe tumbas napa bu?”

22.

Nalika pamitan marang bapak sing bener menawa arep budhal sekolah yaiku …

a)

Pak, kula bidhal sekolah, nyuwun pangestunipun.

b)

Pak, kula tindak sekolah, nyuwun sangune.

c)

Pak, kula ajeng mangkat sekolah.

d)

Pak, kula badhe tindak sekolah.

23.

Ing sawijining dina, ibumu duka marang kowe jalaran anggonmu dolan nganti kliwat wayah, mula anggonmu nyuwun pangapura marang ibu kang trep yaiku …

a)

Bu, kula lepat saestu, sanes wektu ajeng kula ambali malih.

b)

Bu, kula nyuwun pangapunten, sanes wekdal boten kula ambali malih.

c)

Bu, sorry tenan kula njaluk ngapura, liya wektu boten kula baleni malih.

d)

Bu, kula sing kleru, ibu kedah ngapunten kula, boten ajeng tak baleni malih.

24.

Nalika dhuwitmu tiba, kancamu ana sing ngerti lan jupukake, banjur kancamu menehake dhuwitmu marang kowe maneh. Anggonmu menehi wangsulan marang kancamu yaiku …

a)

Matur nuwun, dhuwitku ora sida ilang.

b)

Matur nuwun, untunge kowe ora ngepek dhuwitku.

c)

Matur nuwun, begjane durung ditemu wong liya dhuwite.

d)

Matur nuwun, iki mau bisa dadi pangajaran menawa nyimpen dhuwit kudu pener.

25.

Murid-murid padha ngangsu kawruh ing pasinaon.

Tembung kawruh tegese ....

a)

banyu

b)

ngelmu

c)

wedhi

d)

lebu

26.

Basa ngoko saka tembung "siram" yaiku ....

a)

adus

b)

mangan

c)

turu

d)

dolan

27.

Bu Guru : Lho Ran, Bapakmu ki nyambut gawe apa ta?

Rani : ___________________


jawaban sing trep tumrap Rani miturut ungguh-ungguhe yaiku ...

a)

Bapakku nyambut gawe kejaksaan

b)

Bapakku kerja neng kejaksaan

c)

Bapakku ora nyambut gawe

d)

Bapak kula ngasta wonten kejaksaan

28.

Hasna arep mangkat les privat. Olehe matur pamitan marang ibune yaiku …

a)

Bu, nyuwun pamit kula badhe bidhal les

b)

Bu, nyuwun pamit kula badhe tindak les

c)

Bu, nyuwun pamit kula badhe kesah les

d)

Bu, nyuwun pamit kula badhe jengkar les

29.

Esuk iku Faisal ngrasa wis ra kepenak awake. Mula Faisal enggal-enggal matur pak guru nyuwun idin/ijin arep menyang UKS arep nyuwun obat. Ature Faisal kang bener yaiku …

a)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula mundhut pamit badhe nyuwun obat ing UKS.

b)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula nyuwun pamit badhe nyuwun obat ing UKS.

c)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula jaluk pamit badhe nyuwun obat ing UKS.

d)

Pak nuwun sewu, menawi kepareng kula nyuwun pamit arep jaluk obat ing UKS.

30.

Pak Sidik ___ kantor ___ mobil. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku …

a)

menyang, numpak

b)

tindak, numpak

c)

menyang, nitih

d)

tindak, nitih

31.

Endah sarujuk karo panemune Nina. Ukara kang trep kanggo nelakake rasa sarujuk yaiku …

a)

Supaya cepet rampung, setuju ora setuju sing penting kudu manut karo panemune Nina.

b)

Aku sakjane ora cocok, nanging gandheng saliyane setuju aku ya melu setuju.

c)

Panemumu iku ora becik, nanging aku setuju lan supaya cepet rampung.

d)

Nah ngono ya becik, aku sarujuk karo panemumu.

32.

Minggu ngarep adhikmu miwiti PTS ing sekolahane, dheweke sumelang menawa ora bisa anggone nggarap. Kepriye anggonmu nyemangati adhikmu?

a)

Semangat dhik! Menawa kowe wis sinau lan dedonga muga-muga bisa anggone nggarap.

b)

Alhamdulillah yen kowe sumelang ora bisa nggarap.

c)

Sokor kowe dhik! PTS mesthi soale angel-angel.

d)

Makane sinau dhik! Ra dolanan HP wae.

33.

Menawa kancamu ana sing lagi nandhang seneng merga menang lomba, becike kepriye?

a)

Melu nepungake/ngenalke

b)

Melu mangayubagya

c)

Melu belasungkawa

d)

Melu ngarep-arep

34.

Pratelan ing ngisor iki kang ora trep dilakoni nalika mertamu yaiku…

a)

ngaturake salam utawa kula nuwun

b)

ngomong sakepenake nganti saktutuge

c)

ndhodhok lawang paling akeh kaping telu

d)

mlebu menawa wis dimanggakake

35.

ꦚꦸꦫꦸꦁ ꦱꦼꦥꦺꦝ. Tembung kasebut nggunakake sandhangan ....

a)

Wulu, suku, wigyan,layar

b)

Taling, taling tarung, pepet

c)

Suku, cecak, pepet,taling

d)

Pepet, taling, layar, cakra

36.

Tembung kasebut diwaca

a)

Panyen

b)

Pancen

c)

Panen

d)

Panjen

37.

ꦗꦤꦸ‌‍/

a)

Janur

b)

Jagung

c)

Jalur

d)

Jalma

38.

UKARA KASEBUT WACANE ....

a)

NANDA NARI

b)

NANDA NYANYI

c)

NANDUR GORI

d)

NANDUR PARI

39.

Tembung Adigang menawa ditulis aksara Jawa dadine ....

a)
b)
c)
d)
40.
a)

dhisik dhewe

b)

dhisik kowe

c)

dhuwit receh

d)

duren legi

41.
a)

mangan roti

b)

mangan nanas

c)

mangan apel

d)

mangan gedhang

42.

Pasangan aksara na yaiku ....

a)
b)
c)
d)
43.

Pasangan aksara Jawa la yaiku ....

a)
b)
c)
d)
44.

Pasangan aksara Jawa ba yaiku ....

a)
b)
c)
d)
45.

sandhangan kanggo menehi r mati ana ing aksara migunakake sandhangan ....

a)
b)
c)
d)
46.

sandhangan kanggo nulis o ana ing tembung kebo yaiku sandhangan ....

a)
b)
c)
d)
47.

sandhangan kanggo nulis e ana ing tembung sate yaiku ....

a)
b)
c)
d)
48.

sandhangan kanggo mateni aksara h ana ing tembung gajah yaiku ....

a)
b)
c)
d)
49.

Yuk diwaos!

a)

Kelas kula pinter-pinter.

b)

Kelas kula pinter.

c)

Kelasku pinter-pinter.

d)

Kelasku pancen pinter-pinter.

50.

Mungelipun ...

a)

Sregep sanget kanca kula.

b)

Sregep sanget kancaku.

c)

Kancaku pancen sregep.

d)

Kanca kula pancen sregep.