wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Penilaian Tengah Semester Gasal Bahasa Jawa kelas 5

Total questions: 20

Worksheet time: 51mins

Name
Class
Date
1.

Sadurunge gawe teks pidhato kudu nggawe ...

a)

Cengkorongan

b)

Cerita

c)

Orek-orekan

d)

Bakune pidhato

2.

Tembung ing ngisor iki duweni teges micara ing sangarepe wong akeh, kejaba ...

a)

sesorah

b)

pidhato

c)

macapat

d)

medhar sabda

3.

Tata pangucape saben tembung lan ukara wong kang lagi sesorah diarani ...

a)

lafal

b)

intonasi

c)

tempo

d)

pemedhote ukara

4.

Manawa pidhato nggawa teks, polatane ora kena ...

a)

nyawang teks terus

b)

nyawang tamu

c)

nyawang pamiyarsa

d)

nyawang kiwa tengen

5.

Salam ing pungkasaning sesorah diarani ...

a)

salam pambuka

b)

purwaka

c)

surasa

d)

panutup

6.

Keparengna kula matur wonten ngarsa panjenengan sedaya.

Tembung ngarsa tegese ana ...

a)

ngarep

b)

mburi

c)

dhuwur

d)

ngisor

7.

Wayang kang digawe saka kulit arane ...

a)

wayang kulit

b)

wayang beber

c)

wayang wong

d)

wayang kayu

8.

Pusaka andalane Raden Arjuna yaiku ...

a)

gada wesi kuning

b)

gada rujak polo

c)

panah pasopati

d)

panah ardhadhedhali

9.

Ibune para Pandhawa iku asmane ...

a)

Dewi Kunthi lan Dewi Sinta

b)

Dewi Kunthi lan Dewi Madrim

c)

Dewi Sinta lan Dewi Larasati

d)

Dewi Larasati lan Dewi Madrim

10.

Wong kang tugase menehi arahan marang para paraga drama yaiku ...

a)

aktor

b)

aktris

c)

kru

d)

sutradara

11.

Supaya ora tabrakan ning ndalan awake dewe kudu tetep waspada. Tembung waspada tegese ...

a)

tenanan

b)

ngati-ngati

c)

awas

d)

sembrana

12.

Gunung kang paling asring mbledhos yaiku ...

a)

Gunung Merbabu

b)

Gunung Merapi

c)

Gunung Slamet

d)

Gunung Semeru

13.

Salah siji tuladha tumindak kang njalari banjir yaiku ...

a)

nandur wit-witan

b)

mbuwang uwuh ing kali

c)

negor wit kanthi dipilihi

d)

gawe terasiring

14.

Kadadeyan alam kang paling nggegirisi kag dumadi ing Aceh yaiku ...

a)

Tsunami

b)

Longsor

c)

Banjir

d)

Lesus

15.

Ing kutha Jakarta kadadeyan alam kang dadi lengganan yaiku ...

a)

Kobongan

b)

Banjir

c)

Kemacetan

d)

Lindhu

16.

Supaya ora gampang banjir, ing kiwa tengen omahe dhewe kudu ana ...

a)

kali

b)

kalen kang gedhe

c)

saluran banyu kang lancar

d)

wit gedhe

17.

Ramanipun Raden Arjuna yaiku ...

a)

Werkudara

b)

Puntadewa

c)

Pandhu

d)

Dewa

18.

Pandhawa lima sing kembar asmane...

a)

Janaka lan Jaluka

b)

Nakula lan Sadewa

c)

Rama lan Romeo

d)

Nakula lan Gawerna

19.

Ing ngisor iki kalebu punakawan, kajaba...

a)

Semar

b)

Nakula

c)

Gareng

d)

Bagong

20.

Ing wasana cekap semanten atur kula. Tembung wasana tegese ...

a)

panutup

b)

pambuka

c)

panengah

d)

pangarep