wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

KUIS SESORAH

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Ancase sesorah yaiku, kajaba ....

a)

menehi kawruh

b)

ajak-ajak

c)

menehi panglipur

d)

menehi informasi

e)

ngrungokake pamicara

2.

"Nuwun panjenenganipun para sepuh, langkung para pepundn ingkang mahambeg drama, panjenenganipun para priyagung ingkang winantu ing pakurmatan, dalasan sadaya para rawuh kakung miwah putri ingkang winantu ing karahayon."


andharan kasebut klebu ing perangan ....

a)

atur sukur

b)

atur panuwun

c)

salam pambuka

d)

isi

e)

dhudhutan

3.

Ingkang kinabekten Bapak Kepala SMA N I Kutowinangun, ingkang kinurmatan Bapal/Ibu Guru saha Staf Tata Usaha SMA N I Kutowinangun, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Andharan kasebut klebu perangan ... ing pidhato

a)

Salam pambuka

b)

Pambuka

c)

Wos

d)

Salam panutup

e)

Panutup

4.

Bab-bab kang perlu digatekake nalika lagi sesorah ing ngisor iki, kejaba ….

a)

Basa

b)

Busana

c)

Intonasi

d)

Pamilihing tembung

e)

Cacahing audiens

5.

Sesorah iku nduweni ancas maneka warna, ing ngisor iki kang kalebu sesorah kanggo ajak-ajak, yaiku ….

a)

Pambagyaharja

b)

Rapat RT

c)

Sesorah 17-an

d)

Orasi kampanye

e)

Sesorah hardiknas

6.

Gatekna pethilan sesorah ing ngisor iki!

Kula namung asung pepenget dhumateng pengurus enggal, supados sami kersa lan saged nyonto pitedah-pitedah saking pengurus lami, pengurus enggal mugi tansah manunggal ing sedya, cipta, rasa, karsa, lan karyanipun.


Tembung asung tegese ....

a)

Ngusung

b)

Asok

c)

Aweh

d)

Piweling

e)

Pituduh

7.

Ing ngisor iki paugerane nulis sesorah, kajaba ....

a)

nemtoakake tema

b)

nemtokake cengkorongan

c)

ngrembakake cengkorongan

d)

nemtokake busana

e)

nemtokake topik

8.

Nalika sesorah tansah migunakake basa kang endah, klebu ing babagan ....

a)

swara

b)

paramasastra

c)

patrap

d)

panyawang

e)

panyandhang

9.

Mugi rahayu sarwi sembada ingkang sindeya. Tembung sarwi tegese ....

a)

slamet

b)

pahargyan

c)

sarta

d)

sapandherek

e)

pakurmatan

10.

Parto sesuk arep pidhato ing acara perpisahan kelas XII. Anggone Parto miwiti pidhato yaiku …

a)

Assalamu’alaikum wr. wb. Kepala SMA N I Kutowinangun ingkang kinurmatan, bapak ibu guru ingkang kula kurmati, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani

b)

Assalamu’alaikum wr. wb. Kepala SMA N I Kutowinangun ingkang kinurmatan, bapak ibu guru ingkang kula kurmati, bapak ibu wali murid ingkang kula kurmati lan kanca-kanca ingkang kula tresnani

c)

Assalamu’alaikum wr. wb. Kepala SMA N I Kutowinangun ingkang kinurmatan, bapak ibu guru ingkang kula kurmati, bapak ketua RT ingkang kula kurmati lan kanca-kanca ingkang kula tresnani

d)

Assalamu’alaikum wr. wb. Kepala SMA N I Kutowinangun ingkang kinurmatan, bapak ibu guru ingkang kula kurmati, bapak camat ingkang kula kurmati lan kanca-kanca ingkang kula tresnani

e)

Assalamu’alaikum wr. wb. Kepala SMA N I Kutowinangun ingkang kinurmatan, bapak ibu guru ingkang kula kurmati, bapak kepala desa ingkang kula kurmati lan kanca-kanca ingkang kula tresnani