wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan Soal

Total questions: 10

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Manut wujude, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 4 yaiku ....

a)

Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus

b)

Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus

c)

Basa ibu, basa ilmu, basa budaya

d)

Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah

2.

Manut gunane, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 3 yaiku ....

a)

Basa alus, basa kasar, basa biasa

b)

Basa ilmu, basa ibu, basa budaya

c)

Basa daerah basa dialek, basa budaya

d)

Basa Jawa, basa sanskerta, basa aksara

3.

Nalika pacaturan karo Pakdhe, minangka pawongan kang luwih enom kudu nggunakake basa .....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

4.

Kula sampun mbeta seratipun, Pak.

Ukara kasebut yen diowahi dadi ngoko lugu dadi .....

a)

Aku ora gawa apa-apa, Pak

b)

Aku wis gawa serat, Pak

c)

Aku wis gawa surate, Pak

d)

Aku ora gawa surate, Pak

5.

" Wonten ing pasrawungan saben dinten tiyang Jawi anggadahi pranatan ingkang mligi, ingkang kawastanan tata krama".


ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah ungguh kalebu ragam basa ...

a)

basa ngoko lugu

b)

basa ngoko alus

c)

basa krama lugu

d)

basa krama alus

6.

Kados pundi anggenipun matur menawi telat sekolah…

a)

“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menapa kepareng kula ajeng piwucalan?”

b)

“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapura kula telat, menapa kepareng kula ndherek piwucalan?”

c)

“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menawi kepareng kula ajeng ndherek piwucalan.”

d)

“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menapa kepareng kula ndherek piwucalan?”

7.

Ibu : “Dit, anggonmu bali sekolah mengko jam pira?”

Adit : “ Kula ................ sonten Bu.”

Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebat, inggih menika ....

a)

wangsul

b)

kondur

c)

tindak

d)

bali

8.

Basa kramane mangan yaiku ... .

a)

dhahar

b)

nedha

c)

lesu

d)

maem

9.

Menawa mertamu ing omahe liyan matur ____

a)

Nyuwun pangapunten

b)

Kula nuwun

c)

Ndherek langkung

d)

Matur nuwun

10.

Menawa pinuju liwat ana ing ngarepe wong tuwo sing lagi lenggahan kudu matur ....

a)

nuwun

b)

ndherek langkung

c)

nyuwun pangapunten

d)

amit Mas