wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

REMIDIAL BAHASA JAWA

Total questions: 15

Worksheet time: 1hrs 9mins

Name
Class
Date
1.

Gatekna perangan geguritan ing ngisor iki!

……….

Wengi kang sepi

Sawangen ing wanci wengi iki

Wengi lan sepu rumeksa dadi siji

Langit sumilak padhang

Rembulan rinubungan maewu-ewu lintang kakencar

Rembulan ayu ngumbar sorote

……….

Perangan geguritan ing dhuwur migunakake lelewaning basa asonansi. Leres utawa luput?


​ (a)  

a)

Leres

b)

Luput

2.

Kasuwun para siswa gatosaken perangan geguritan ing ngisor iki!

………………..

Yen lagi nampa coba

Sapa wae bakal lara

Ora kaya nalika lagi cekel panguwasa

Sruwa-sruwi katon bisa

Nggayuh bandha lan rajabrana

………………..

Perangan geguritan ing dhuwur migunakake lelewaning basa asonansi. Leres utawa luput?​ (a)  

a)

Leres

b)

Luput

3.

Silsilahe Kurawa!

Begawan Abiyasa putra Begawan Palasara kaliyan Dewi Durgandini, nduweni garwa Dewi Ambalika. Begawan Abiyasa kaliyan Dewi Ambalika peputra Pandhu Dewanata kaliyan Destarata. Destarata nduweni garwa Dewi Gendari, peputra Sata Kurawa (satus Kurawa). Yaiku Suyudana (Duryudana), Dursasana, Dusata, Dursala, Dursilawati lan liya-liyane.

Dursasana menika putra Dhestarastra ingkang angka setunggal. Leres menapa luput?​ (a)  

a)

Luput

b)

Leres

4.

Wayang duweni babon cerita saking kitab Ramayan lan Mahabarata, kadamel saking kayu memper kados wayang purwa kasebut wayang klithik.​ (a)  

a)

Leres

b)

Luput

5.

Gatekna cerita ing ngandhap menika!

....................................................................

Nalika mlaku-mlaku nonton kahanan lan eloke pemandangan laut, aku kesasar lan muter-muter. Aku bingung nggoleki sedulur-seludurku kabeh. Amarga kedadean kuwi, aku lan keluarga lagi tekan omah jam enem punjul, kira-kira jam 18.45 nalika langit wes malih dadi peteng. Tekan omah, aku lan sedulur-sedulurku langsung makan malam amarga weteng iku wes krasa ngelih banget.

....................................................................

Latar wektu ing cerita dhuwur iku wayah surup. Leres utawa luput?​ (a)  

a)

Leres

b)

Luput

6.

Ing kabupaten Pati ana kirab bendara kang dawane 100 meter lan omobone 3 meter diaral saka Stadiun Jayakusuma saka jam setunggal awan nganti setengah sekawan sore ing alun-alun Pati.

Acara kirab iki diadakake kanggo mengeti Dina Kesaktian Pancasila, 1 Oktober 2018 lan kanggo mbangkitake jiwa nasionalisme pemuda sak niki kang arep luntur. Minurut Ketua Forum Komunikasu Putra Putri Purnawirawan TNI/POLRI Indonesia (FKPPI) Pati Endang Sri Wahyuningsih ngaturkake yen dheweke matursuwun maran para pihak kang melu acara iki lan sing peduli karo kegiatan iki. Dheweke duwe pangarep- arep kegiatan kaya ngene iki diadakake setahun pisan.

Bendera iku diarak nalika tabuh 13.00 ngantos dumugi 15.30. Leres menapa lepat?​ (a)  

a)

Leres

b)

Luput

7.

Piranti wayang ingkang kagambar ing ngandhap menika kasebut... .

a)

Blencong

b)

Cempala

c)

Cempurit

d)

Keprak

e)

Geber

8.

Gambar menika kawastanan... .

a)

Cempala

b)

Simpingan

c)

Blencong

d)

Keprak

e)

Kepyak

9.

Gambar menika kawastanan wayang menapa... .

a)

wayang kulit

b)

wayang klithik

c)

wayang beber

d)

wayang potehi

e)

wayang wong

10.

Kawaosa cakepan sekar Asmaradana menika!

....................................

Aja turu sore kaki,

ana dewa nganglang jagad,

nyangking bokor kencanane,

isine donga tetulak,

sandhang kalawan pangan,

yaiku bageanipun,

wong melek sabar narima.

....................................

Aturan sekar Asmaradana ing dhuwur inggih menika ... .

a)

8i, 8d, 8e, 8k, 7n, 8n, 8a

b)

8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a

c)

8a,11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

d)

12 a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i

e)

12 a, 8i, 6a, 8a, 8i, 5a, 7i

11.

Gatosake cakepan tembang ing ngandhap menika!

........................................................

Ngajapa tyas rahayu,

Ngayomana sasameng tumuwuh,

Wahanane ngendhakke angkara klindhih,

Ngendhangken pakarti dudu,

Dinulu luwar tibengdoh

........................................................

Kang dadi guru wilangan lan guru lagu tembang Gambuh gatra kaping 3 yaiku....

a)

7u

b)

8u

c)

12i

d)

9u

e)

10u

12.

Gatosake cakepan tembang macapat ing ngandhap menika!

....................................................

Sinengkutung sagunging prawali…

Janma tuhu sekti mandra guna…

Wali sanga nggeh arane…

Sunan ampel kang kaping kalih…

Tri Sunan Bonang ika…

Sunan Giri catur…

Syarifudin Sunan Derajat…

Angelenggahi urutan gangsal sayekti…

Iku ta warnanira…

....................................................

Paugeran gatra kaping sekawan iku paugerane....

a)

10i

b)

10a

c)

8e

d)

7a

e)

9i

13.

Paraga ingkang wonten ing cariyos menika wonten mapinten-pinten werni. Paraga protagonist iku paraga ingkang … .

a)

sipatipun sae

b)

dados pemeran utama

c)

dadi cikal bakal konflik

d)

dados panengah konflik

e)

dados mungsuhe paraga utama

14.

Nallika kula taksih kelas 3 SD, kula saha kanca-kanca kula nama Luki saha Yogi, dolan wonten ing griyanipun kanca kula Arif. Kula sakanca lajeng dolanan benthic saha dhelikan. Sasampunipun bosen dolanan, lajeng kula sakanca pados cacing kangge mancing ulam wonten ing lepen. Miturut perangan cariyos pengalaman ingkang wonten ing inggil menika, ingkang dados paraga utama menika … .

a)

Yogi

b)

Arif

c)

Luki

d)

paraga "Kula"

e)

Luki, Arif, lan Yogi

15.

Ukara ing ngandhap kang ora kalebu latar papan yaiku … .

a)

Wedangan dina menika krasa nyegerake jiwa raga.

b)

Gubuk iku reged, ciyut, mung bisa kanggo turu wong loro.

c)

Kantor papan makarya si Bedhu menika pancen magrong-magrong.

d)

Awan menika segara panas banget, alas-alas kebak swara para kewan.

e)

Sapa kang ora ngerti Den Bolor, wong kang paling sugih ing dusun menika.