NEW
Font size
Worksheets2020 PTS BAHASA JAWA XII - SEMUA JURUSAN
Total questions: 20
Worksheet time: 58mins
Kerajan Mataram kaperang dados kalih inggih menika kasunanan Surakarta Hadiningrat lan Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat. Pranyatan menika wonten salah satunggaling perjanjen ingkang dipuntapak asmani nalika tanggal 13 Februari 1755, perjanjen menika dipunwastani perjanjen . . . .
Tuntang
Linggarjati
Giyanti
Meja bundar
Ram royen
Cariyos pecahipun Mataram dipunwiwiti perang sedherek kluarga istana kasunanan Surakarta, pewaris tahta wangsa Mataram. Wonten tigang sedherek ingkang dados lakon ingkang perang sadherek inggih menika . . . .
Pangeran Arya mangkunegara, Pangeran Prabasuyasa, Pangeran Arya Mangkubumi
Pangeran Arya mangkunegara, Pangeran Arya Mangkubumi, Paku Buwana II
Amangkurat IV, Paku Buwana II, Pangeran Arya Mangkubumi
Pangeran Prabasuyasa, Pangeran Arya Mangkubumi, Raden Mas Said
Amangkurat IV, Prabasuyasa, Pangeran Samber nyawa
Paku Buwana II kewalahan nalika dipunserang kalihan Pangeran Arya Mangkubumi kalihan Raden Mas Said, lajeng Paku Buwana II tilar donya. Salajengipun walanda ngangkat putranipun Paku Buwana II ingkang asmanipun . . . dados Paku Buwana III. Sinten asmanipun putra PB II ingkang dados raja kanthi gelar PB III?
Raden Mas Soerjadi
Raden Mas Said
Pangeran Samber nyawa
Raden Sujadi
Raden Sentana
Plataran ingkang wonten taneman keben ngkang ageng-ageng lan dipunwatesi kalihan regol kamandungan utawi srimanganti dipunwastani . . .
Kamandungan lor
Srimanganti
Kedhaton
Kemagangan
Pagelaran lan Sitihinggil Lor
Wonten ing plataran kamandungan kidul wonten salah satunggaling bangsal ingkang langkung sepuh, bangsal menika dipunboyong Sri Sultan HB I saking Desa karangnongko, Sragen ingkang kala rumiyin dipunagem lenggah nalika perang nglawan VOC. Bangsal menika dipunwastani bangsal . . . .
Pancaniti
Wahana
Manis
Kotak
Kamandungan
Punapa jejulukipun kagem putra dalem kakung ingkang mijil saking garwa dalem prameswari nanging boten kawisudha pangeran pati, nalika diwasanipun?
K.B.M.A (Kanjeng Bendara Mas Ayu)
G.B.P.A.A (Gusti Bendara Pangeran Adipati Anom)
G.R.M (Gusti Raden Mas)
G.B.P.H (Gusti Bendara Pangeran Harya)
G.K.R (Gusti Kanjeng Ratu)
Ingkang jumeneng Nata ing Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat sasampunipun wonten Sabda Raja ajejuluk . . . .
Ngarsa Dalem Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Sri Sultan Hamengku Bhuwana Senapati Ing Alaga Ngabdurrahman Sayidin Panaragama Kalifatullah
Ngarsa Dalem Ingkang Sinuwun Sri Sultan Hamengku Bhuwana Senapati Ing Alaga Ngabdurrahman Sayidin Panaragama Kalifatullah
Ngarsa Dalem Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Sri Sultan Hamengku Bhuwana kaping setunggal Senapati Ing Alaga Ngabdurrahman Sayidin Panaragama Kalifatullah
Ngarsa Dalem Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Sri Sultan Hamengku Bawana ingkang Jumeneng Kasepuluh Surya ning Mataram, Senapati Ing Alaga Langgenging Bawana Langgeng
Ngarsa Dalem Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Sri Sultan Hamengku Bhuwana ingkang Jumeneng Kasetunggal Surya ning Mataram, Senapati Ing Alaga Langgenging Bawana Langgeng
Namanipun klebet/ gendera bregada Ketanggung kados gambar ing nginggil inggih menika...
Cakraswandana
Wulandadari
Bahning sari
Geniroga
Pare anom
Prajurit ketanggung ngginakaken busana sikepan khas ketanggung, clana cemeng pethak, sepatu lars cemeng, songkok awujud mancungan cemeng. Prajutit ketanggung ugi kagungan klebet ingkang dipunwastani . . . .
Cakraswasdana
Purnamasidhi
Podhang ngisep sari
Geniroga
Bahningsari
Prajurit pakualaman boten kathah kadosdene prajutir Kraton. Ingkang asring miyos namung arupi kalih inggih menika . . . .
Lombok abang lan plangkir
Lombok abang lan wirabraja
Plangkir nyutra
Plangkir lan daeng
Patangpuluh lan jagakaryan
Ngadeging pura pakualaman dipunwiwiti saking Inggris ingkang badhe mecah belah Kraton Ngayogyakarta. Putra Hamengku Buwana I ingkang dipundadoskaen pangeran merdika kanthi gelar Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Paku Alam I inggih menika . . . .
Haryo Tjondrokusumo
Raden Mas Said
Sultan Agung
Pangeran Notokusumo
Pangeran Mangkunegara
Sasampunipun dados pangeran merdika lajeng Paku Alam I dipuncaosi kekuasaan wonten ing . . .
Bantul
Sleman
Gunung Kidul
Solo
Kulon Progo
Babon cariyos wayang miturut sejarahipun saking negara India inggih punika saking cariyos . . . .
Ramayana lan Mahabarata
Ramayana lan serat kancil
Ramayana lan panji
Mahabarata lan menak pasundan
Mahabarata lan candra kirana
Wayang ingkang nyariosaken gegambaran sato kewan, wujudipun kadamel saking lulang ingkang sinungging lan inukiran dipunwastani wayang . . . .
Wayang beber
Wayang purwa
Wayang golek
Wayang klithik
Wayang kancil
Rama, Sinta lan leksmana menika dipunasingaken wonten ing hutan. Ing salah sawijining dina Sinta dipunculik kaliyan bangsa raksasa ingkang asmanipun . . .
Kumbakarna
Sarphakenaka
Wibisana
Dasamuka
Kidang emas
Saderengipun perang kangge ngrebutaken Sinta, Rama ngutus wanara kangge ningali kahananipun Dewi Sinta. Sinten wanara ingkang dipunutus Rama nuweni Sinta wonten ing Ngalengka?
Anila
Sugriwa
Anjani
Subali
Anoman
Wonten ing serat Ramayana wonten ingkang nyriosaken lampahan sasampunipun perang lan cariyos Sinta obong. Kanda ingkang nyriosaken bab menika dipunwastani . . . .
Balakandha
Sundarakanda
Kinkhindhyakanda
Yuddhakanda
Uttarakanda
Wonten ing ngandhap menika ingkang kalebet pandhawa . . ...
Puntadewa, Wrekudara, Arjuna, Nakula, Sadewa
Puntadewa, Wibisana, Arjuna, Nakula, Sadewe
Wrekudara, Arjuna, Sugriwa, Subali, Anoman
Arjuna, Nakula, Sadhewa, Dasamuka, Subali
Arjuna, Puntadewa, Nakula, Sadhewa, Prabu Rama
Sinten ingkang njalari padudon antawisipun kurawa lan pandawa?
Bhisma
Kresna
Aswatama
Durna
Sengkuni
Wonten ing kitab Mahabarata nyariosaken sedanipun para pandhawa lan kawontenanipun ing jaman kalanggengan. Dipunwastani menika parwa ingkang nyriosaken babagan menika . . . .
Asramawasaparwa
Wirataparwa
Mosalaparwa
Pasthanikaparwa
Swargarohanaparwa
