WorksheetsBOSO JOWO X
Total questions: 25
Worksheet time: 13mins
Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama alus
Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?
mangkat, mlampah
mlampah, tindak
tindak, mlampah
tindak, tindak
Kepriye aturmu nalika nyuwun idin arep nginep ing daleme simbah?
Bu, menapa pikantuk menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah.
Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun
simbah?
Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten griyanipun
simbah?
Bu, menapa angsal menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah?
Nalika matur ing rapat Rt, kepriye anggonmu njaluk kawigaten?
Kepareng nyela pangandikan dhateng para bapak-bapak sedaya.
Kula suwun bapak-bapak mendel rumiyin, kula badhe matur!
Kepareng nyela atur dhumateng bapak -bapak ingkang nembe wawan
pangandikan.
Kula suwun panjenengan sedaya mirengaken atur kula menika.
Pratelan ing ngisor iki kang ora trep dilakoni nalika mertamu yaiku…
ngaturake salam utawa kula nuwun
ngomong sakepenake nganti saktutuge
ndhodhok lawang paling akeh kaping telu
mlebu menawa wis dimanggakake
Bu, menawi kepareng kula badhe ……pirsa!
mundhut
nyuwun
tanglet
njaluk
Pratelan ngisor iki kang ora migunakake basa ngoko alus yaiku…
Priyayi kakung marang garwane.
Srawunge wong dewasa kang wis kulina.
Bocah cilik karo bocah cilik sing wis akrab.
Wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur pangkate.
Ature Sita ing ngisor iki endi kang trep?
Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan nganake piknik, kula ndherek oleh
ora?
Bu,aku melu piknik menyang Malang oleh apa ora?
Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan badhe ngawontenaken piknik
dhateng Bali, menapa kula kepareng ndherek?
Bu, wulan Desember tahun iki sekolahan arep nganake piknik, apa aku oleh
melu piknik?
Kanca-kanca aku ….. kawigatenmu sedhela, aku arep …… wara-wara !.
njaluk, aweh
nyuwun, paring
njaluk, caos
njaluk, paring
Para wiranem ing Rt 1 arep nganakake gladhi sesorah, mapane ing bale Rt. Minangka ketua Pemudha Rendi nyuwun idin marang pak Rt kang ndilalah kok bapake Rendi dhewe. Kepriye ature Rendi?
Pak, kula ajeng nganake latihan sesorah, nek nyilih bale Rt entuk ora?
Pak, menawi angsal kula ajeng nyilih bale Rt ngge gladhen sesorah.
Pap Rt, menapa angsal menawi bale Rtne dingge gladhen sesorah?
Pak, Para wiranem ing Rt 1 badhe ngawontenaken gladhi sesorah, menawi dipunparengaken Bapak, papanipun ing bale RT.
Tandang gawen aja ... dadine ora apik. Tembung saroja sing mathuk kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku ....
Kebat kliwat
Lega lilo
Kasep lalu
Kokot bisu
Aja gampang percaya omongane bocah kae, merga dheweke wis kondhang manawa ....
Tembung entar kang mathuk kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ....
Entheng tangane
Idu geni
Gedhe sombong
Lunyu ilate
Senajan irunge ... kancaku sing aran Santi kuwi katon manis.
Tembung payandra kang trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ....
Pesek
Mbangir
Ngundhup turi
Mliwis baris
Ireng-ireng gorengan kopi, ....
Tembung sing mathuk kanggo nggenepi parikan ing dhuwur yaiku ....
Legi-legi rasane gula
Ati seneng juwara siji
Bocah cilik ajar ngaji
Ngenteni bocah sing keri
Gambar wayang sisih iki jenenge ....
Prabu Duryudana
Patuh Sengkuni
Ibu Kunthi
Puntadewa
12i, 6a, 8i, 8a
Andhedhasar guru gatra, Guru wilangan lan guru lagu teks ing ndhuwur nuduhake yen iku tembang ....
Asmaradana
Pucung
Maskumambang
Gambuh
“Man, dak rungokne lan dak titeni, omonganmu kuwi kok ora ana nyatane blas, ta. Kowe kuwi kena paribasakne ....
Adhedhasar teks ing ndhuwur, paribasan sing cocok kanggo ngganepi yaiku ....
Kakehan gludhuk kurang udan
Kenes ora ethes
Sanding kebo gupak
Tuna satak, bali sanak
Urip ing ndonya iku mung sedhela, bebasang mung ....
Lelungan
Menyang pasar
Mampir ngombe
Sekolah
Pitik walik saba meja, batangane yaiku ....
Nanas
Nangka
Sulak
Sapu
Dikethok malah ....
Tembung kang cocok kanggo ngganepi cangkriman ing ndhuwur yaiku ....
Gedhe
Dhuwur
Dawa
Rusak
Batangane “ontong gedhang”. Cangkrimane yaiku ....
Disuduk manthuk-manthuk
Diswang malah ilang
Rupamu kaya kranjang
Penggaweane saba blumbang
Gambar ing sisih kiwa tokoh wayang arane ....
Yudhisthira
Werkudhara
Janaka
Sadewa
Banyu mujudake sumber ....
Tembung andhahan sing cocok kanggo ngganepi ukara kasebut ....
Pangurip
Urip
Urie
Panguripan
“Menengo dhisik ta, aja ..., wae!”
Tembung rangkep sing cocok kanggo njangkepi ukara kasebut ing ndhuwur yaiku ....
Meneng-meneng
Wira-wiri
Nongas-nangis
Dolan-dolan
Pidhato kanthi ngapalake naskah luwih dhisik diarani ....
Impromptu
Memoriter
Ekstemporen
Naskah
