wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Basa Rinengga

Total questions: 25

Worksheet time: 2hrs 5mins

Name
Class
Date
1.

Tembung loro digabung dadi siji, duwe teges mbangetake, diarani...

a)

Kerata basa

b)

Tembung entar

c)

Tembung saroja

d)

Paribasan

e)

Unen-unen

2.

Sing kalebu tembung saroja yaiku....

a)

Lila legawa

b)

Dawa tangane

c)

Jembar segarane

d)

Gedhe endhase

e)

Dawa ususe

3.

A. Bening atine

B. Adhem ayem

C. Gedhe endhase

D. Gagah prakosa

Sing kalebu tembung entar yaiku ...

a)

A & B

b)

B & C

c)

C & D

d)

D & A

e)

A & C

4.

Dadi wong iku aja …. yen ngomong. Engko nggarai ora dipercaya karo wong liya.

a)

lunyu ilate

b)

lambe tipis

c)

abang kupinge

d)

mata dhuwiten

e)

kembang lambe

5.

Kerja iku niatana kanggo ibadah, aja mung …. supaya rezeki sing ditampa kuwi dadi berkah.

a)

  idu geni

b)

golek upa

c)

laku ngiwa

d)

kethul pikire

e)

mata dhuwiten

6.

Aja dadi wong sing …. nalika uripmu dikebaki bandha donya, lan kapinteran. Amarga kabeh kuwi mung titipan. Sawektu-wektu bias dijaluk maneh dening Gusti Pangeran.

a)

mata dhuwiten

b)

  gedhe endhase

c)

abang kupinge

d)

kethul pikire

e)

rai gedheg

7.

Nalika ditekani tamu ing omah, becike dayoh kasebut disuguhi wedhang. Wedhang kerata basane ….

a)

golek pepadhang

b)

aweh pepadhang

c)

ngawe kadhang

d)

gawe kandhang

e)

duwe kadhang

8.

Adohana tumindak …. ana ing alam ndonya, supaya uripmu tentrem mulya.

a)

angkara murka

b)

ewuh pakewuh

c)

bandha donya

d)

adem ayem

e)

blaka suta

9.

Masia ora ditampa, saora-orane aku wis …. yen aku pancen mambu ati marang dheweke.

a)

blaka suta

b)

golek rai

c)

golek ati

d)

edi peni

e)

cilik ati

10.

Guruku iku wong sing paling …., masia bola-bali muride gawe nesu nanging tetep setya maringi ilmu.

a)

dawa ususe

b)

abang kupinge

c)

kandel kupinge

d)

entheng tangane

e)

jembar kawruhe

11.

Arek iku pancen …., wis bola-bali panggilan wali murid nanging isih pancet telat.

a)

dawa ususe

b)

abang kupinge

c)

dawa tangane

d)

rai gedheg

e)

lambe tipis

12.

Julukan kanggo wong sing senengane ngomongne wadi (aib) wong liya, lan ngomongne bab sing ora perlu diomongne, diarani ….

a)

lambe tipis

b)

lambe turah

c)

kembang lambe

d)

lambe kandel

e)

kakehan lambe

13.

Sopir, diothak-athik tegese dadi yen ngaso mampir. Tembung yen ngaso mampir kalebu ….

a)

tembung saroja

b)

tembung entar

c)

kerata basa

d)

paribasan

e)

bebasan

14.

Unen-unen iki sing kalebu paribasan yaiku ....

a)

esuk dele sore tempe

b)

becik ketitik ala ketara

c)

ngubak-ngubak banyu bening

d)

cincing-cincing meksa klebus

e)

njagakne endhoge pithik blorok

15.

Majune teknologi ora bisa dipungkiri utawa disingkiri. Kalebu sing dilakoni karo Pak Deni. Supaya bisa ngimbangi lakune jaman, Pak Deni sing biyen ora kulina nganggo HP, kepeksa kudu bisa nganggo HP. Amarga ora kulina, mulane Pak Deni rada kangelan. Pak Deni banjur njaluk diajari anake wadon sing isih SMP carane nganggo HP. Saiki Pak Deni wis lumayan bisa HP-an.

Unen-unen sing pas karo kahanane Pak Deni kasebut yaiku....

a)

Diwenehi ati ngrogoh rempela

b)

Anak polah bapa kepradah

c)

Kebo kabotan sungu

d)

Gajah ngidak rapah

e)

Kebo nusu gudel

16.

Pasangan unen-unen lan tegese ing tabel kasebut dituduhake ing nomer ... & ....

a)

I & A

b)

II & A

c)

II & B

d)

III & A

e)

III & B

17.

Unen-unen sing ajeg panganggone, duwe teges entar, ngemu surasa pepindhan. Sing dipindhakake yaiku kahanan utawa sifat, watak, & tumindake wong, disebut ....

a)

tembung entar

b)

kerata basa

c)

paribasan

d)

bebasan

e)

saloka

18.

Budi durung mangan sore iki. Dheweke njagakne bapake sing lagi diundang tangga ngarep omah slametan. Bareng mulih, jebul bapake Budi ora ngasta berkat sega nanging berkate sembako mentahan kaya minyak, beras, gula & kecap. Sidane Deni kisinan lan keluwen amarga njagakne sega berkate bapake.

Unen-unen sing pas kanggo nggambarake kondisine Budi yaiku...

a)

Njagakne endoge pithik blorok

b)

Ngubak-ngubak banyu bening

c)

Esuk dele sore tempe

d)

Kebo kabotan sungu

e)

Gajah ngidak rapah

19.

Ing dina Setu utawa Minggu isuk, ing sakupenge Tugu Pahlawan, ana pasar krempyeng sing mesthi rame wong nekani. Wong-wong kasebut kanthi butuhe dhewe-dhewe. Ana sing saperlu dodolan, ana sing kepengin tetuku, lan ana uga sing munga teka mrono kanggo ngumbah mata. Sing cetha, ing papan kono dadi sumbere rejeki kanggo saperangan wong.

Unen-unen sing pas kanggo nggambarake kahanan kasebut yaiku ….

a)

Ngubek-ngubek banyu bening

b)

Cincing-cincing meksa klebus

c)

Mulat sarira hangrasa wani

d)

Ana gula ana semut

e)

Ana catur mungkur

20.

Niate kepengin irit tuku barang lewat online shop. Nanging bareng weruh anane cashback, gratis ongkir, paylater lan sapiturute, sing dituku  malih werna-werna. Sing dituku niate mung barang siji, dadi sepuluh.

Unen-unen sing pas kanggo nggambarake kahanan kasebut yaiku...

a)

Ngubek-ngubek banyu bening

b)

Cincing-cincing meksa klebus

c)

Mulat sarira hangrasa wani

d)

Kodhok nguntal gajah

e)

Idu didilat maneh

21.

Gatekna unen-unen iki!

I.          Becik ketitik, ala ketara

II.        Ana gula ana semut

III.     Gajah ngidak rapah

IV.      Idu didilat maneh

V.        Kodhok nguntal gajah

Unen-unen kasebut sing kalebu paribasan yaiku....

a)

I

b)

II

c)

III

d)

IV

e)

V

22.

Gatekna unen-unen iki!

I.             Becik ketitik, ala ketara

II.           Ana gula ana semut

III.        Gajah ngidak rapah

IV.         Idu didilat maneh

V.           Kodhok nguntal gajah

Unen-unen kasebut sing kalebu bebasan yaiku....

a)

I & II

b)

II & III

c)

II & IV

d)

III & IV

e)

III & V

23.

Salah siji unen-unen Jawa sing dadi semboyane Ki Hajar Dewantara, Bapak Pendidhikan Indonesia yaiku ….

a)

Tut wuri handayani

b)

Jer basuki mawa beya

c)

Becik ketitik ala ketara

d)

Kalah cacak menang cacak

e)

Sapa sing temen bakal tinemu

24.

Unen-unen sing katulis ing logone provinsi Jawa Timur yaiku ...

a)

Tut wuri handayani

b)

Jer basuki mawa beya

c)

Becik ketitik ala ketara

d)

Kalah cacak menang cacak

e)

Sapa sing temen bakal tinemu

25.

Wong sing duwe kekarepan nanging mokal (gak mungkin) bisa kelakon, dipindhakake kaya unen-unen...

a)

Ngubak-ngubak banyu bening

b)

Gagak nganggo elare merak

c)

Kodhok nguntal gajah

d)

Gajah ngidak rapah

e)

Kebo nusu gudel