wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BAHASA JAWA KELAS 4 SEMESTER 1

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Puisi modern iku pada karo . . . .

a)

cangkriman

b)

geguritan

c)

pacelathon

d)

parikan

2.

Ing ngisor ora klebu struktur teks geguritan yaiku . . . .

a)

tembung

b)

larik

c)

sarana

d)

bait/pada

3.

Salah sijine cara kanggo mahami isi geguritan bisa didadekake gancaran (prosa/cerita) iku mau diarani . . . .

a)

parafrase

b)

prosa/cerita

c)

ngarang gancaran

d)

ngowahi gamcaran

4.

wujude dialog, ukarane cekak aos/singkat, bahasa apik iku ciri-cirine . . . .

a)

geguritan

b)

pacelathon

c)

cangkriman

d)

parikan

5.

Babagan sing ora klebu kanggo nulis pacelathon yaiku . . . .

a)

Ekspresi

b)

nentokake tema

c)

golek info sing cocok karo tema

d)

ngembangake tema dadi ukara

6.

Pacelathon ibu marang bapak, adik marang kangmase. Nggunakake basa . . . .

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

7.

Puisi jawa gagrak anyar sing ora kaiket dening paugeran, nanging isih ngugemi rasa kaendahan, diarani . . . .

a)

pepindhan

b)

cangkriman

c)

geguritan

d)

pacelathon

8.

Kumpulan larik ing sak jrone geguritan diarani . . . .

a)

pada

b)

swara

c)

surara

d)

swasana

9.

Sak jrone geguritan yen diwenehhi tandha ( / ) tegese . . . .

a)

leren mendek gak ana teruse

b)

leren sedhelo

c)

leren rada suwe

d)

leren suwe banget

10.

Ing ngisor iki klebu titikane geguritan, kajaba . . . .

a)

Bentuke bebas

b)

ora kaiket paugeran

c)

Nganggo tembung sing endhah

d)

Ukura kanggo nacad wong

11.

Ukara cancut taliwandha iku tegese . . . .

a)

kerja bareng

b)

nyambut gawe

c)

resik-resik

d)

bebarengan

12.

Solah tingkahe paraga kang cocok karo isine pacelathon diarani . . . .

a)

Intonasi

b)

Ekspresi

c)

Gestur

d)

vokal

13.

Babakan kan kudu digatekake maca pacelaton, kajaba . . . .

a)

Ekspresi

b)

vokal

c)

intonasi

d)

birama

14.

Tuladha kang klebu swara "a" miring yaiku . . . .

a)

dewa

b)

bata

c)

reca

d)

nanas

15.

Swara sempurna, olehe maca padha karo tulisane, diarani .. . .

a)

swara jejeg

b)

swara miring

c)

tulisan jejeg

d)

tulisan miring

16.

Swara kang olehe maca owah (berubah) saka tulisane, diarani . . . .

a)

swara jejeg

b)

swara miring

c)

tulisan jejeg

d)

tulisan miring

17.

Basa kang awujud saka tembung ngoko kabeh ora ono kramane, diarani . . . .

a)

krama alus

b)

ngoko lugu

c)

ngoko alus

d)

krama lugu

18.

"Mas Bayu diutus ibu tumbas lampu LED"

ukara ing nduwur yen diowahi dadi ngoko lugu yaiku . . . .

a)

Mas Bayu diutus ibu tuku lampu LED

b)

Mas Bayu dikongkon ibu tumbas lampu LED

c)

Mas Bayu dipun utus ibu mundhut Lampu LED

d)

Mas Bayu dikongkon ibu tuku lampu LED

19.

"Simbah durong ngombe kopi"

Ukara ing nduwur yen diowahi dadi basa krama yaiku . . . .

a)

Simbah dereng ngunjuk kopi

b)

Simbah durong ngunjuk kopi

c)

Simbah nembe ngunjuk kopi

d)

Simbah badhe ngombe kopi

20.

Ing ngisor iki tuladhane ngoko alus, kajaba . . . .

a)

kowe apa wis sinau?

b)

Bu Yuli tindak pasar tumbas gula

c)

Mbak Ani sesuk sore tindak Jakarta

d)

Simbah durong sare