wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH B. Jawa Kelas 4 (Tembang Dolanan)

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Wong kang drajate dhuwur ing tembang dolanan jaranan digambarake kanthi paraga . . .

a)

Para menteri

b)

Para abdi

c)

Ndara Bei

d)

Para raja

2.

Kang klebu tetengere tembang dolanan yaiku . . .

a)

Ora kaiket dening aturan tartamtu

b)

Nduwe paugeran guru wilangan

c)

Manut paugeran guru lagu

d)

Kaiket dening aturan tartamtu

3.

Tembang "Padhang Wulan" diarani tembang . . .

a)

Dolanan

b)

Pocung

c)

Pangkur

d)

Macapat

4.

Bapak tindak dhateng kantor.

Yen diowahi dadi basa ngoko dadi . . .

a)

Bapak ing kantor

b)

Bapak lunga menyang kantor

c)

Bapak menyang kantor

d)

Bapak badhe menyang kantor

5.

Ing ngisor iki klebu tembang dolanan, kajaba . . .

a)

Lir-ilir

b)

Dhandhanggula

c)

Jamuran

d)

Kidang Talun

6.

Menawa ngomong karo wong sing luwih tuwa kudu migunakake basa . . .

a)

Krama

b)

Ngoko

c)

Sembrana

d)

Campuran

7.

Ing ngisor iki kang ora klebu tembang dolanan gagrag lawas yaiku . . .

a)

Jaranan

b)

Gula Klapa

c)

Lir-ilir

d)

Gambang Suling

8.

Piranti dolanan "Cublak-cublak suweng" yaiku . . .

a)

Karet

b)

Tali

c)

Krikil

d)

Preng

9.

Kewan kang digambarake ana tembang dolanan kang nduweni watak males yaiku . . .

a)

Menthog

b)

Sapi

c)

Macan

d)

Singa

10.

Anggone latian pramuka mangkat jam pitu esuk.

Tembung liyane mangkat yaiku . . .

a)

Teka

b)

Budhal

c)

Mulih

d)

Menyang

11.

Pak Guru maca buku.

Yen dikramakake alus dadi . . .

a)

Pak Guru nyerat buku

b)

Pak Guru maos buku

c)

Pak Guru mundhut buku

d)

Pak Guru maca serat

12.

Ing ngisor iki kang ora klebu tembang dolanan yaiku . . .

a)

Cublak-Cublak Suweng

b)

Caping Gunung

c)

Pocung

d)

Menthog-Menthog

13.

Wong kang pagaweyane ngripta geguritan diarani . . .

a)

Juru kunci

b)

Sinoman

c)

Pujangga

d)

Pengrawit

14.

Menthog iso gawe senenge ati kanthi . . .

a)

Lakune

b)

Wulune

c)

Swarane

d)

Wernane

15.

Tembang dolanan bisa diiringi nganggo . . .

a)

Rebana

b)

Gitar

c)

Gamelan

d)

Suling

16.

Atine Basuki seneng banget amarga oleh hadiah sepedha anyar.

Tembung liyane seneng yaiku . . .

a)

Gela

b)

Susah

c)

Bungah

d)

Duka

17.

Prau layar klebu tembang dolanan gagrag . . .

a)

Jawa

b)

Anyar

c)

Lawas

d)

Kreasi

18.

Yoyok didukani Pak Guru amarga mbolos sekolah.

Didukani ngokone . . .

a)

Disenengi

b)

Diseneni

c)

Dikongkon

d)

Diwarahi

19.

Dolanan jamuran biyasane dilakokake ana ing . . .

a)

Jero omah

b)

Latar

c)

Dalan

d)

Kebon

20.

Simbah dhahar tela.

Menawa diganti basa ngoko yaiku . . .

a)

Simbah maem tela

b)

Simbah mangan tela

c)

Simbah dhahar tela

d)

Simbah nedha tela