NEW
Font size
WorksheetsPTS Basa Jawa MINU Kelas II B
Total questions: 20
Worksheet time: 2hrs 40mins
Kewan paling gedhe yaiku Paus Biru. Paus Biru dhawane bisa nganti 30 meter lan abote kira-kira pada karo 24 gajah gedhe, utawa luwih saka 1500 wong. Jantung Paus Biru bisa 1 meter diametere. Paus Biru ora klebu jinise iwak, Senajan uripe ing banyu segara. Paus Biru klebu mamalia kaya awake dewek. Paus Biru manak dudu ngedhok. Deweke uga nusoni anake. Paus Biru nganggo paru-paru anggone ambekan. Paus Biru pakanane urang cilik. Paus Biru ora galak karo manungsa. sayange akeh paus biru sing diburu lan dipateni. Saiki Paus Biru Kari sitik sing urip ana ing segara.(kanggo nomer 1-4)
Paus Biru sing wis dhewasa dhawane bisa nganti...
30 meter
90 meter
100 meter
Anggone ambekan Paus Biru nganggo....
Insang
Trakea
Paru-paru
Apa pakanane Paus Biru....
Lumba-lumba
Urang Cilik
Hiu
Kepiye carane awake dhewe njaga supaya Paus Biru ora ilang saka segara...
Ora mbuang sampah sembarangan
Mburu Paus Biru
Mbuang sampah plastik ing segara
Aku tanduran Witku ora gedhe banget Nalika metu woh padha nggrombol Wohku wernane soklat tua Rasane ana sing legi lan sepet Aku duwe cangkriman sega sekepel dirubung tinggi. Jenengku....
Telo
Salak
Gedhang
Kembang klapa arane...
Manggar
Uceng
Tuntut
Kembang gedhang arane....
Sinuwun
Karuk
Tuntut
Wit jambe arane...
Jambe
Glugu
Debog
Wit gedhang arane....
Rendeng
Lung
Debog
Crita kang wis ana wiwit jaman kuna lan dicritaake turun-temurun diarani...
Roman
Dongeng
Novel
Dongeng kang nyritaake kewan-kewan diarani...
Mitos
Legendha
Fabel
Dongeng kang gegandhengan karo dumadine sawijining panggonan diarani...
Legendha
Mitos
Wiracarita
Dongeng bisa kaperang dadi....
Papat
Telu
Pitu
-Dongeng Cindhelaras- Cindhelaras iku putrane Raden Putra. Raden Purta ratu ing Jenggala. Cindhelaras omahe tengah alas. Cindhelaras weruh manuk gagak. Manuk gagak nggawa endhog. Endhoge diwenehake Cindhelaras. Endhoge diteteske dadi kuthuk. Khuthuk gedhe dadi jago. Jagone Cindhelaras menangan. Yen tarung ora tau kalah. (kanggo nomer 14-16)
Sapa sejatine Cindhelaras iku?
Anake wong biasa
Putrane Raden Putra ratu ing Jenggala
Bocah sing wis ora duwe bapak
Apa sing diwenehake manuk gagak marang Cindhelaras?
Kuthuk
Endhog
Jago
Netes dadi apa endhoge mau?
Blengur
Meri
Kuthuk
Adikku saiki kelas "siji". Basa kramene tembung siji yaiku...
Sekawan
Setunggal
Sedasa
Pitikku netes "rongpuluh". Basa kramane tembung rongpuluh yaiku...
Kalihdasa
Kalih welas
Kalih
Tukang mberburu kewan ing alas diarani...
Gerji
Germa
Gemblek
Wong sing gaweane mulang muruk ing pamulangan diarani...
Dhalang
Empu
Guru
