wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PENILAIAN HARIAN BHS JAWA 1

Total questions: 20

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........

a)

banyu resik

b)

ngopeni banyu

c)

ngopeni banyu sumber penguripan

d)

banyu kali sumber panguripan

2.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Teks wacan ing dhuwur grembug bab .........

a)

banyu sumber penguripan

b)

banyu kali kang resik

c)

limbah omahan

d)

banyu resik ing ngendhi-endhi

3.

Banyu resik angel digoleki amarga saiki akeh banyu kali kang kena ........

a)

uwuh utawa larahan

b)

uwuh lan limbah

c)

suket kang tukhul saparan-paran

d)

gegodongan

4.

"Sapa sing nandur bakal ngunduh". Ukara iki klebu ..............

a)

slogan

b)

pawarta

c)

geguritan

d)

narasi

5.

Teks kang ngandarake fakta, kamomot ing media cetak lan elektronik, isine kedadeyan utawa prastawa kang lagi dadi omongan, diarani teks ...........

a)

persuasi

b)

slogan

c)

pawarta

d)

pariwara

6.

Ing ngisor iki titikane pariwara / iklan sing bener yaiku .........

a)

ukarane mamerake

b)

ukarane nyenengake

c)

ukara mentes

d)

ukarane ngujuk-ujuki

7.

Wujude gancaran, isine ngajak, ngelingake, mamerake. Ciri-ciri iki minangka cirine teks .......

a)

narasi

b)

slogan

c)

persuasi

d)

deskripsi

8.

"Negor sauwit nandur satus bibit". Ukara iki klebu ...........

a)

narasi

b)

slogan

c)

persuasi

d)

deskripsi

9.

Gambar kang ana sisih kiwa iki klebu jinise .........

a)

iklan

b)

pawarta

c)

gambar carita

d)

slogan

10.

Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur ................


Ukara inti paragrap ing dhuwur kang bener yaiku ............

a)

ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen

b)

oksigen bisa nyehatake paru-paru

c)

tanduran kang mridhuksi oksigen

d)

panguripane ing ngendi wae mesthi mbutuhake oksigen

11.

Tembung mrodhuksi padha tegese karo tembung ..........

a)

nambahi

b)

ngasilake

c)

ngurangi

d)

ngurakapi

12.

Ing ngisor iki ukara sing klebu jenise pariwara/iklan yaiku ......

a)

ngundhuh wohing pakarti

b)

lemah longsor mendhem puluhan omah

c)

ayo njaga lestarine alam!

d)

banjir nrajang pirang-pirang desa

13.

Ukara ngisor iki tulada teks pawarta wujud andaran ngenai kedadean yoiku ...

a)

Gunung kelud njeblug ing tanggal 14 Februari 2014

b)

Banjir bandang wingi sore dinuga amrga alas kulon kae gundul

c)

Jaman saiki udan panas ora pas wancine

d)

Ibu seneng banget dina iki

14.

Ukara kasebut diwaca

a)

Krateg salareja

b)

Kreteg selareja

c)

Kreteg selorejo

d)

Krateg soloreja

15.

Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

a)
b)
c)
d)
16.

Desa mawa cara, nagara mawa ....

a)

aturan

b)

tata

c)

basa

d)

tatacara

17.

Basa kramane ngomong

a)

ngendika

b)

dhahar

c)

tindak

d)

nitih

18.

Ing ngisor iki ukara sing kalebu jenise pariwara yaiku...

a)

bears kencur Pak Haji, seger lan nyehatake

b)

gunakno banyu sakcukupe

c)

lemah longsor mendhem ewonan omah

d)

ayo njaga lestarine alam

19.

Ing ngisor iki sing dudu ciri-ciri teks informasi yaiku...

a)

isi informasi kudu cocok karo kahanan

b)

isi informasi kudu nduweni manfaat dening pembaca

c)

isi informasi kudu jelas maksud lan tujuane

d)

isi informasi kudu tepat guna

20.

Teks informasi kanggo ngelingake wong sing maca diarani ...

a)

sesanti/slogan

b)

persuasi

c)

dheskripsi

d)

pawarta