wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UTS Bahasa Jawa

Total questions: 16

Worksheet time: 16mins

Name
Class
Date
1.

"Hutan Indonesia Paru-Paru Dunia" ukara kuwi iang saben-saben dina pangetan Lingkungan Hidup mesthi dikumadhangake saindenge donya. Alas ing bumi Indonesia pancen klebu alas tropis sing paling amba sadonya. Alas tropis mujudake prodhusen oksigen sing paling gedhe sadonya. Mula ora salah yen alas Indonesia diarani paru-parune donya.


Irah-irahan kang trep kanggo wacan ing dhuwur yen arupa slogan yaiku ...

a)

Alasku paru-paruku

b)

Alasku sehat, paru-paruku sehat

c)

Alasku paru-parune donya

d)

Lestari alasku lestari bumiku

2.

Ukara ing ngisor iki tuladha teks pawarta wujud andharan ngenani kedadeane ...

a)

Alas ing bumi Indonesia pancen klebu alas tropis sing paling amba sadonya.

b)

Rusake alas ing Indonesia disebabake saka bencana alam lan pokal gawene manungsa.

c)

Alas tropis mujudake prodhusen oksigen sing paling gedhe sadonya.

d)

Prahara banjir bandhang mau kelakon ing dina Selasa, 16 Agustus 2016 pukul 22.00 WIB

3.

Ing ngisor iki titikane sesanti utawa slogan sing bener yaiku ...

a)

ukara ngajak-ajak

b)

uakara mamerake

c)

ukara nyenengake

d)

ukara ngujuki-ngujuki

4.

Gambar ing dhuwur kalebu teks informasi jinis ...

a)

pariwara

b)

sesanti

c)

teks pawarta

d)

teks persuasi

5.

Sesanti ing dhuwur ngelingake kudu ...

a)

nebang wit sakkarepe

b)

nandur wit-witan ing tegalan

c)

nganggo tas plastik ramah lingkungan

d)

nglaksanakake program reboisasi ing alas

6.

Ing ngisor iki ukara seng kalebu jinise teks persuasi yaiku ....

a)

ayo njaga lestarine alam!

b)

lemah longsor mendhem ewonan omah.

c)

gunakna banyu sakcukupe!

d)

ngundhuh wohing pakarti.

7.

"Panguripan ing ngendi bae mbutuhake oksigen."


yen diowahi nganggo basa krama sing bener yaiku ...

a)

pangesangan wonten pundi kemawon mbetahaken oksigen.

b)

panguripan ing pundi mawon mbetahaken oksigen.

c)

pangesangan ing pundi kemawon betah oksigen.

d)

panguripan wonten pundi kemawon mbetahaken oksigen.

8.

dong dinge swara ing saben gatra kasebut ...

a)

guru gatra

b)

guru wilangan

c)

guru lagu

d)

guru padha

9.

Kang kalebu tembang macapat yaiku ...

a)

pucung, asmaradhana lan jamuran

b)

dhandanggula, sinom lan turi-turi putih

c)

pangkur, durma lan cublak suweng

d)

asmaradana, pangkur lan sinom

10.

tembang asmaradana ing dhuwur cacahing ana ... gatra

a)

7

b)

10

c)

13

d)

12

11.

Amenangi jaman edan

Ewuh aya ing pambudi

Melu edan nora tahan

Yen tan melu anglakoni

Boya keduman melik

Kaliren wekasannipun

Dilalah kersa Allah

Begja-begjane kang lali

Luwih begja kang eling lawan waspada


guru wilangan gatra katelu yaiku ...

a)

12

b)

8

c)

6

d)

10

12.

Sekar Pangkur kang Winarna,

Lelabuhan kang kangge wong aurip,

Ala lan becik punika,

Prayoga kawruhana,

Adat waton punika dipun kadulu,

Miwah ingkang tatakrama,

Den kaesthi siyang ratri


tembang pangkur ing dhuwur, guru wilangan lan guru lagu gatra kalima yaiku ...

a)

12 u

b)

10 u

c)

12 a

d)

10 a

13.

tembang macapat ing dhuwur kalebu tembang ...

a)

sinom

b)

pangkur

c)

asmaradana

d)

pucung

14.

tembang dhandanggula nduweni watak ....

a)

welas asih

b)

nelangsa

c)

luwes manis

d)

nesu, sereng sanget

15.

Bapak pucung, saben dina tansah bingung

badanira panjang

tutukira pan pesagi

saben dina pucung nguntal buntutira


Tembang ing dhuwur satemene cangkriman. Batangane ...

a)

tali

b)

kalung

c)

sabuk

d)

ula

16.

Kapan kedadeyan sing diwartakake jroning pawarta iku mujudake jawaban kanggo tembung pitakonanan ...

a)

what

b)

when

c)

who

d)

why