wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS Bahasa Jawa Kelas IV

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Puisi gagrag anyar kang ora keiket dening paunggeran tartamtu diarani ...

a)

Tembang

b)

Paribasan

c)

Parikan

d)

Geguritan

2.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)

Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nantur kebecikan


Cilik gedhe, bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal gelanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu


Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada


(Sumber: tantri basa kelas 4, 2016)


Geguritan ing dhuwur dumadi saka ... pada.

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

3.

Geguritan diarani puisi bebas amarga nalika nggawe panggurit ora perlu nggatekake bab-bab ing ngisor iki, kajaba ...

a)

Guru Lagu

b)

Guru Wilangan

c)

Guru swara

d)

Guru Gatra

4.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)

Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nantur kebecikan


(Sumber: tantri basa kelas 4, 2016)


Sajak utawa rima pada kapisan sajrone geguritan ing ndhuwur yaiku ...

a)

i-a-a-a

b)

u-u-u-u

c)

u-u-u-u

d)

a-u-i-a-a

5.

Sing kelebu ukura angel ing geguritan ing dhuwur, yaiku...

a)

resik, sehat, becik

b)

bagus ayu, guyub, agawe

c)

rahayu, adiwiyata, santosa

d)

resik, rahayu, bagus ayu

6.

Cancut tali wada tegese ....

a)

iren iren marang penggawean

b)

temenan anggone tandhang gaw

c)

rukun anggone kelas

d)

sentosa ing jumat resik

7.

Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nantur kebecikan


Isi geguritan ing ndhuwur ing pada kapisan, yaiku ...

a)

Jumat resik

b)

Jumat berkah

c)

Guyub rukun

d)

Sapu sada

8.

Gatekno geguritan ing ngisor iki!


Negara kelahiranku

Negara gemaripah loh jinawi

Negara sing dhuweni segara amba

Gunung sing dhuwur

Lan pemandangan sing endah

Gawe ayem ati wong sing nyawang

Indonesiaku

Aku tresna marang sliramu


Geguritan ing sisih iki dhuweni isi bab ... Indonesia

a)

Kerukunan masyarakat

b)

Keragaman budaya

c)

Keragaman suku

d)

Keindahan alam

9.

Pak Kades : “Sar, gek ndang adus kono, iki wes jam 6 lo!”

Sardi : “Inggih pak”

Pak Kades : “Mengko budale jam 7, supaya ora kawanen!”

Sardi : “Wah, siyos dateng Probolinggo pak?”

Pak kades : “Ya menyang wisata hutan mangrove BJBR!”

Sardi : “Kok enjhing-enjhing bidhalipun kenging punapa pak?”

Pak Kades : “Wah elinga, saiki ngono kendharaan akeh banget, dalane rame ben mlakune ora banter-banter!”


Wujude teks wacan ing nduwur katulis kanthi ...

a)

Pada

b)

Gancaran

c)

Geguritan

d)

Pacelathon

10.

Pak Kades : “Sar, gek ndang adus kono, iki wes jam 6 lo!”

Sardi : “Inggih pak”

Pak Kades : “Mengko budale jam 7, supaya ora kawanen!”

Sardi : “Wah, siyos dateng Probolinggo pak?”

Pak kades : “Ya menyang wisata hutan mangrove BJBR!”

Sardi : “Kok enjhing-enjhing bidhalipun kenging punapa pak?”

Pak Kades : “Wah elinga, saiki ngono kendharaan akeh banget, dalane rame ben mlakune ora banter-banter!”


Kang digunaaken ing pacelathon mau ukara ...

a)

Kandha

b)

Panjaluk

c)

Pakon

d)

Citra

11.

Basa sing digunaake Budi marang bapake, yaiku...

a)

Krama Lugu

b)

Krama Inggil

c)

Ngoko

d)

Ngoko alus

12.

Ibu : “Ratih, kowe arep menyang ngendhi?”

Ratih : “Aku arep tuku sega, bu.”


Ukara sing kacetak kandhel kudune ....

a)

“Aku arep tumbas sega, bu.”

b)

“Aku arep tumbas sekul, bu.”

c)

“Kulo badhe tumbas sega, bu.”

d)

“Kulo badhe tumbas sekul, bu.”

13.

Bapak : “ Ron, yen lagi sinau TVne mbok ya dipateni!”

Roni : “ Inggih pak, ngapunten kulo kesupen.”

Bapak : “ Aja nganti lali, amarga mateni TV yen lagi ora ditonton iku bisa ngirit biaya.”

Roni : “ Inggih, pak. Badhe kulo emut-emut welingipun bapak.”


Pachelathon ing dhuwur, ngagas bab...

a)

gemi marang banyu

b)

boros marang banyu

c)

gemi marang energi listrik

d)

boros marang energi listrik

14.

Bapak : “ Dar, kowe wis mangan?”

Darmo : “ ......”


Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur mau...

a)

Inggih pak, sampun

b)

Ya pak, wis

c)

Inggih pak, wis

d)

Ya pak, sampun

15.
  1. Siti : “ Aku arepe umbah-umbah seragam kanggo sesuk kan durung dakkumbah.”
  2. Putri : “Ya, kudu tah. Kan sakiki banyu resik angel golekane. Dadi kudu ngirit.”
  3. Siti : “ Kena apa ?”
  4. Putri : “ Yen umbah-umbah aja boros banyu loh,ya!”


Urutno ukara ing dhuwur supaya dadi pacelathon sing runtun!

a)

1-2-3-4

b)

2-3-4-1

c)

3-4-1-2

d)

1-4-3-2

16.

Geguritan kang ngggambarake kahanan seneng, mula sing maca polatane kudhu ...

a)

Seneng

b)

Sedih

c)

Nesu

d)

Kesusu

17.

Strukture gegurita iku ana...

a)

2

b)

3

c)

4

d)

5

18.

Bocah kelas papat padha prigel anggone kerja bakti.

Prigel tegese ...

a)

Sregep

b)

Males

c)

Lesu

d)

Aras-arasen

19.

Budhe badhe .... dateng pundhi?

Tembung sig trep kanggo njangkepi ukara tersebut, yaiku

a)

Tindak

b)

Budal

c)

Rawoh

d)

Menyang

20.

Bapak seneng dhahar napa?

Tembung seneng yen dikramakake ...

a)

Gelem

b)

Badhe

c)

Remen

d)

purun

21.

Gatekno geguritan ing ngisor iki!

(Dening: Fida Salma)


Indonesia ...

Negara kang makmur

Negara kang nyawiji

Kanthi keragaman budaya

Ing saben suku


Irah-irahan kanggo geguritan ing dhuwur yaiku ...

a)

Indonesiaku

b)

Bahasaku

c)

Bangsaku

d)

Agamaku

22.

Gatekno geguritan ing ngisor iki!

(Dening: Fida Salma)

Indonesia ...

Negara kang makmur

Negara kang nyawiji

Kanthi keragaman budaya

Ing saben suku


Sajak/rima sajronine geguritan ing dhuwur, yaitu ...

a)

a-i-a-i

b)

u-u-u-u

c)

a-u-i-a-u

d)

a-a-a-a

23.

Indonesia ...

Negara kang makmur

Negara kang nyawiji

Kanthi keragaman budaya

Ing saben suku

a)

Indonesia negara kang susah

b)

Indonesia negara kang rusuh

c)

Indonesia negara kang elek

d)

Indonesia negara kang makmur

24.

Ing ngisor iki seng kalebu teks pacelathon yaiku ...

a)

Ibuk badhe tindak dateng pundi ?

b)

Budi lan Siti pamit marang ibu lan bapak sadurunge tindak menyang sekolah.

c)

Sekolahanku…

Sinau, maca buku

Ing panggonan iki

Aku diajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti

d)

Adi : Pakdhe, sonten-sonten kok taksih ten kebon?

Pakdhe : Iyo Di, urung rampung iki

Adi : Taksih nopo to pakdhe?

Pakdhe : Resik-resik di

Adi : Lha niku, punapa ingkang panjenengan lampahi pakdhe?

Pakdhe : iki aku ugo arep nandur wit gedhang sing di jaluk karo budhemu

25.

Perhatikno teks ing ngisoriki


Agung : “ Lajeng menapa tujuanipun Bapak nitih sepeda?”

Pak Hari : “ ........”

Agung : “ Berarti niku salah setunggalipun damel hemat energi,ngih pak.”

Pak Hari : “ Iya, kita bisa nyehatake badan lan nglestariake energi”


Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur mau...

a)

Supaya sehat lan hemat energi

b)

Bapak dahar sekul jagung

c)

Simbah lagi sare dateng kamar

d)

Nopo ibu sampun ngunjuk obat?