wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Gladhen 1 Deskripsi Omah Joglo Kelas X

Total questions: 10

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Katrangan kang ora kalebu ciri teks deskripsi yaiku ….

a)

Menehi gambaran sawijining barang, panggonan, lan swasana.

b)

Gegambaran dilakokna kanthi migunakake panca indera.

c)

Nduweni ancas (tujuan) supaya pamaca kaya-kaya melu ngrungokna, weruh, lan ngrasakna.

d)

Menehi andharan ngenani sawijining objek kang dideskripsikake.

e)

Nyeritakake kanthi runtut sawijining panggonan lan swasana.

2.

Gathekna katrangan iki!

Pendhapa iki tansah dibukak tanpa ana wates ruwangan. Wujud kang tinarbuka iki ora tanpa ngemu teges. Iki aweh pralambang luruhe pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake karukunan lan kekadangan. Uga nglambangake sipat rinaket ing antarane kang duwe omah karo tamu kang rawuh, luwih-luwih kudu bisa ngurmati.

Wos deskripsi kasebut kang paling trep yaiku….

a)

Ngandharake asal usul jeneng pendhapa

b)

Njlentrehake gunane pendhapa

c)

Nggambarake wujude pendhapa

d)

Ngandharake falsafah saka pendhapa

e)

Nggambarake dununge pendhapa ana ing endi

3.

Gathekna katrangan iki!

Papane ana ing mburi dhewe. Fungsine kanggo masak lan siram. Sanajan katon prasaja, nanging perangan iki uga minangka perangan kang asipat pribadi lan duwe nilai luhur.

Perangan kasebut ing omah joglo diarani ….

a)

pendhapa

b)

pringgitan

c)

gandhok/pawon

d)

dalem agung

e)

krobongan/senthong

4.

Gathekna katrangan iki!

Pringgitan jaman biyen minangka papan kanggo nonton wayang purwa utawa wayang kulit. Ing jaman saiki, omah joglo akeh kang ora nganggo paringgitan amarga saiki yen nanggap wayang bakale digelar ing lapangan utawa balai desa.

Wos deskripsi kasebut kang paling trep yaiku ….

a)

Ngandharake asal usul jeneng pringgitan

b)

Njlentrehake gunane pringgitan

c)

Nggambarake wujude pringgitan

d)

Ngandharake falsafah saka pringgitan

e)

Nggambarake dununge pringgitan ana ing endi

5.

Gathekna katrangan iki!

Wujude persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine. Perangan iki minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah tradhisional Jawa. Perangan dalem agung iku perangan kang digunakake kanggo kluwarga, mula asipat luwih tinutup (privasi).

Wos deskripsi kasebut kang paling trep yaiku….

a)

Ngandharake asal usul jeneng dalem agung

b)

Njlentrehake gunane dalem agung

c)

Nggambarake wujude dalem agung

d)

Ngandharake falsafah saka dalem agung

e)

Nggambarake dununge dalem agung ana ing endi

6.

Gathekna katrangan iki!

Omah adat Jawa sing umum dikenal yaiku omah kang nduweni gaya arsitektur joglo. Joglo kuwi kalebu wangunan utama saka omah tradisional Jawa Tengah. Para jalwestri jaman ndhisik nduweni penganggep yaiku para kadang konang ora gampang nduweni omah joglo amarga kuwi khusus kanggo kaum terhormat kaya dene bangsawan, priyagung, maharaja lan pangeran.

Wos deskripsi kasebut kang paling trep yaiku….

a)

Ngandharake jinis omah joglo

b)

Ngandharake perangan omah joglo

c)

Njlentrehake ciri khas omah joglo

d)

Njlentrehake asal usule tembung joglo

e)

Njlentrehake sejarah omah joglo

7.

Gathekna katrangan iki!

Wujud omah tradhisional Jawa iku awujud joglo. Sanajan awujud joglo, nyatane ana maneka warna jinise, tuladhane: joglo Limasan Lawakan, joglo Sinom, joglo Jompongan, joglo Pangrawit, joglo Mangkurat, joglo Hageng, lan joglo Semar Tinandhu.

Wos deskripsi kasebut kang paling trep yaiku….

a)

Ngandharake jinis omah joglo

b)

Ngandharake perangan omah joglo

c)

Njlentrehake ciri khas omah joglo

d)

Njlentrehake asal usule joglo

e)

Njlentrehake sejarah omah joglo

8.

Gathekna katrangan iki!

Omah joglo duweni ciri kang khas yaiku payone kang dhuwur lan wujude bujur sangkar. Omah joglo wis arang ditemokake ing jaman saiki, nanging esih ana wangunan joglo kang dadi warisan budaya benda lan esih dilestarikna.

Wos deskripsi kasebut kang paling trep yaiku….

a)

Ngandharake jinis omah joglo

b)

Ngandharake perangan omah joglo

c)

Njlentrehake ciri khas omah joglo

d)

Njlentrehake asal usule joglo

e)

Njlentrehake sejarah omah joglo

9.

Gathekna katrangan iki!

Dalem agung nuduhake lamun urusan kluwarga iku dirembug kanthi bebarengan, lan wong liya ora kudu ngerti urusan pribadine kluwarga. Mula pribadine manungsa iku sejatine kudu bisa njaga kawibawane kluwarga, ora kena martakake kahanan kang ana ing sajroning kluwarga. Umpama ana perkara kang kudu dirembug, kudu dirembug kanthi musyawarah kluwarga. Kanthi cara musyawarah bisa ngudhari perkara kang lagi disandhang.

Wos deskripsi kasebut kang paling trep yaiku….

a)

Ngandharake asal usul jeneng dalem agung

b)

Njlentrehake gunane dalem agung

c)

Nggambarake wujude dalem agung

d)

Ngandharake falsafah saka dalem agung

e)

Nggambarake dununge dalem agung ana ing endi

10.

Gathekna katrangan iki!

Ruwangan iki minangka ruwangan kang istimewa. Ing wiwitane fungsi utama ruwangan iki saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah, yaiku kanggo nyimpen maneka wujud pusaka lan piranti aji liyane.

Ruwangan iki ing omah joglo diarani ….

a)

pendhapa

b)

dalem agung

c)

gandhok/pawon

d)

pringgitan

e)

senthong/kamar