wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PRODUK 3_EVALUASI_MATERI CERITA RAKYAT_NARPOYO ADI

Total questions: 10

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Kacarita ing jaman mbiyèn ana wong saka Tanah Hindhustan anom jenengé Aji Saka. Dhèwèké putrané ratu, nanging kepéngin dadi pandhita sing pinter. Kasenengané mulang kawruh rupa-rupa. Dhèwèké banjur péngin lunga mencaraké ngèlmu kawruh ing Tanah Jawa.

apa kang bisa dijupuk saka wacan iku?

a)

penake dadi anake ratu

b)

lunga menyang ngendi wae tanpa tujuan

c)

urip tansah kecukupan

d)

kawruh/ ilmu iku penting anggo awake dhewe lan wong liya

2.

Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdiné papat sing jenengé Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng tekan ing Pulo Majethi padha lèrèn. Aji Saka banjur nilar abdiné loro; Dora lan Sambada ing pulo iku.Déné Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada diweling ora olèh lunga saka kono. Saliyané iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakané, didhawuhi ngreksa, ora olèh dielungaké marang sapa-sapa.

unsur latar/ seting kang paling pinunjul (dominan) saka crita ing ndhuwur yaiku....

a)

latar panggonan

b)

Latar wektu

c)

latar kahanan

d)

latar panggung

3.

Aji Saka banjur tindak karo abdiné loro menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing negara Mendhang Kamolan. Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Déwata Cengkar. Sang prabu iku senengané dhahar dagingé wong. Kawulané akèh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihé ngaran Kyai Tengger.

Tembung kang kacithak kandel iku kalebu tembung...........

a)

ngoko

b)

ngoko alus

c)

krama

d)

krama alus

4.

Sang prabu Déwata Cengkar iya banjur nglilani. Nuli wiwit ngukur lemah diasta dhéwé. Iketé Aji Saka dijèrèng. Iketé tansah mulur baé, dadi amba serta dawa. Iya dituti waé déning sang prabu. Nganti notog ing segara kidul. Bareng wis mèpèd ing pinggir segara, iketé dikebutaké. Déwata Cengkar katut mlesat kecemplung ing segara. Malih dadi baya putih, ngratoni saisining segara kidul. Wong-wong ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratuné sing diwedèni wis sirna. Seka panyuwuné wong akèh. Aji Saka nggantèni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang Kamolan ajejuluk prabu jaka, iya prabu Widayaka.

saka crita iku, sakwise ajisaka dadi Ratu/ raja ganti jeneng dadi...........

a)

Prabu Dewata cengkar

b)

Tetep Ajisaka

c)

Prabu Widayaka

d)

Sembada

5.

Kacarita si Dora lan si Sambada sing kari ana ing Pulo Majethi. Wong loro iku wis padha krungu pawarta manawa gustiné wis jumeneng ratu ana ring Mendhung Kamolan. Si Dora ngajak sowan nanging si Sambada ora gelem awit wedi nerak wewaleré/larangan gustiné, ora pareng lunga-lunga seka pulo Majethi, yèn ora tinimbalan.


pitutur becik kang bisa dijupuk saka watake Sembada yaiku dadi uwong kudu njaga.......

a)

Paseduluran

b)

Pesen utawa Amanah

c)

kejujuran

d)

kepinteran

6.

Dora sanalika mangkat. Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada. Kandha yèn mentas sowan gustiné. Saiki diutus nimbali si Sambada. Pusaka keris didhawuhi nggawa. Nanging si Sambada ora ngandel marang kandhané si Dora. Banjur padha padu ramé. Suwé-suwé padha kekerengan, dedreg ora ana sing kalah, awit padha digdayané. Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perangé sampyuh. Si Dora lan si Sambada padha mati kabèh.


Saka crita iku, Dora lan Sembada iku padha-padha diutus ndarane, yaiku Ajisaka. Dora dikongkon supaya methuk Sembada dijak menyang medhang kamolan, lan nggawa kerise. nanging sembada ora gelem merga ajisaka nate pesen aja nganti kerise diwenehake wong liya kajaba ajisaka dhewe sing jupuk.

ing ngisor iki pranyatan sing bener manut wacan iku yaiku......

a)

Sembada lan Dora padha-padha njaga pesen saka Ajisaka

b)

Dora sing salah, mergane ora gelem ngalah

c)

Sembada sing salah, ora gelem manut karo dora

d)

Dadi wong kudu sekti lan digdaya kaya dora lan sembada

7.

Sang Prabu Widayaka kagèt banget mireng pawartané, awit pancèn kaluputané dhéwé wis kesupèn pandhawuhé. Banjur sang prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mèngeti abdiné loro iku. Dene aksara mau unine :

"Hana caraka" tegesé "Ana utusan"


"Data sawala" tegesé "Padha garejegan"


"Padha jayanya" tegesé "Padha digjayané"


"Maga bathanga" tegesé "Padha dadi bathang


Saka crita iku, kepriye sing dirasaake Ajisaka?

a)

Bungah/ seneng

b)

Sedhih

c)

kuciwa

d)

Duka/ nesu

8.

Sang Prabu Widayaka kagèt banget mireng pawarané, awit pancèn kaluputané dhéwé wis kesupèn pandhawuhé. Banjur sang prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mèngeti abdiné loro iku. Dene aksara mau unine :

"Hana caraka" tegesé "Ana utusan"


"Data sawala" tegesé "Padha garejegan"


"Padha jayanya" tegesé "Padha digjayané"


"Maga bathanga" tegesé "Padha dadi bathang"


Sing dikarepake ana utusan yaiku.....

a)

Deduga lan prayoga

b)

Ajisaka

c)

Dewatacengkar

d)

Dora lan sembada

9.

Hana caraka" tegesé "Ana utusan"


"Data sawala" tegesé "Padha garejegan"


"Padha jayanya" tegesé "Padha digjayané"


"Maga bathanga" tegesé "Padha dadi bathang"


ing ngisor iki kang nujudake ilustrasi saka "Maga bathanga" yaiku.............

a)
b)
c)
d)
10.

Hana caraka" tegesé "Ana utusan"


"Data sawala" tegesé "Padha garejegan"


"Padha jayanya" tegesé "Padha digjayané"


"Maga bathanga" tegesé "Padha dadi bathang"


ing ngisor iki kang nujudake ilustrasi saka "Hanacaraka" yaiku.............

a)
b)
c)
d)