wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

TEKS DESKRIPSI UMAH ADAT JAWA

Total questions: 10

Worksheet time: 6mins

Name
Class
Date
1.

Gatekna pethikan wacana ing ngandhap kanthi premati!


Umah adat Jawa sing diarani umah Joglo umume dibagi telung bagian utama. Bagian sing pertama yaiku ruangan patemon utawa diarani pendhapa. Bagian sing keloro yaiku ruang tengah utawa sing dienggo kanggo nganakaken giyaran ringgit sing diarani pringgitan. Bagian sing katelu yaiku ruang mburi kang diarani dalem, lan digunakake kanggo ruang keluarga. Neng sajroning ruang kulawarga iki ana telung senthong utawa kamar, yaiku senthong kiwe, tengah lan tengen.


Miturut wacan inggil, jenis teks ingkang kaginakaken yaiku....

a)

Deskripsi

b)

Eksposisi

c)

Argumentasi

d)

Persuasi

e)

Narasi

2.

Wujud omah tradhisional Jawa iku awujud joglo. Wewangunan omah joglo iku ana perangan-perangan kang wis gumathok lan duwe fungsi beda-beda, wonten pendhapa, pringgitan, dalem, senthong lan gandhok.

Miturut katrangan neng dhuwur, kang diarani ruwangan pringgitan yaiku....

a)

Ruwangan kanggo papan patemon kaya syukuran, pengajian lsp.

b)

Wewangunan cilik dawa sing ana neng sapinggiring umah bagiyan mburi.

c)

Bagiyan umah kanggo nganakaken giyaran wayang kulit.

d)

Ruwangan kanggo kumpul kulawarga.

e)

Ruwangan kanggo nyimpen barang-barang pusaka.

3.

Ana ing sajroning arsitektur tradisional, wonten salah satunggaling jenis umah adat Jawa yaiku Joglo, ingkang kabagi dados pinten-pinten ruangan. Miturut gambar menika, bageyan ingkang utama saking omah adat jawa Joglo yaiku....

a)

Pringgitan, dalem, pendhapa

b)

Pendhapa, senthong, pringgitan

c)

Pendhapa, dalem, gandok

d)

Dalem, gandok, pringgitan

e)

Pendhapa, pringgitan, dalem

4.

Umah adat jawa, bahan bangunane akeh-akehe digawe sekang bahan kayu lan pring. Bahan bangunan sing asale sekang kayu lan pring biasane gampang kena bubuk utawa bribiken. Kayu lan pring mau nek wis kena rayap utawa bribik dadine gampang tepo lan kropos. Katrangan neng dhuwur kalebu paragraf sing nggambaraken....

a)

Proses

b)

Kahanan

c)

Sipat

d)

Urutan

e)

Barang/ bandha

5.

Nang sajroning arsitektur Provinsi Jawa Tengah nduweni loro kelompok bangunan yaiku bangunan tradisional lan modern (minimalis). Arsitektur tradisional kawujud neng sajroning seni bangunan jawa asli sing nganti siki esih tetep ana lan dikrembakakaken. Omah adat jawa sing umum dikenal yaiku omah sing duwe gaya arsitektur joglo. Sakliyane iku uga ana omah sing dibangun nganggo arsitektur liya. Ing ngisor iki gambar kang nuduhake tajug yaiku....

a)
b)
c)
d)
e)
6.

Gatekna paragraf ing inggil!

Miturut pethilan teks ing inggil, urutan struktur teks deskripsi ingkang leres yaiku....

a)

Judul, klasifikasi, identifikasi, deskripsi

b)

Judul, deskripsi, identifikasi, klasifikasi

c)

Judul, identifikasi, klasifikasi, deskripsi

d)

Identifikasi, judul, klasifikasi, deskripsi

e)

Judul, klasifikasi, deskripsi, identifikasi

7.

Umah adat jawa joglo mbutuhaken papat saka utama sing diarani soko guru. Wonten ing perangan umah wonten dhasaran, ragangan, payon lan panutup. Lajeng menawa perangan ing dhasaran wonten kang diarani umpak. Dene kang diarani umpak yaiku....

a)

Jrambahing utawa plestering umah nanging esih nganggo lemah

b)

Ganjeling saka bisa nganggo watu, bata utawa kayu

c)

Plestering umah sing nganggo bahan bangunan tegel

d)

Balungane umah utawa balok keliling sekang pring

e)

Plestering umah sing nganggo keramik

8.

Miturut jenis gambar umah adat ing inggil, coba apa kang dadi kaluwihane dibanding jenis umah adat liyane....

a)

Tahan banyu

b)

Tahan geni

c)

Tahan gempa

d)

Tahan longsor

e)

Tahan angin

9.

Saben bageyan ruangan ing umah adat Jawa Joglo nduweni makna kang beda. Salah sawijine ana ruwangan kang kasebut gandok. Menawa ditegesi maknane yaiku....

a)

Ruwangan kang dibangun kanthi ancas nuduhake yen manungsa iku duwe kuwajiban nguri-uri lan ngrembakake seni lan budaya.

b)

Pralambang luruhe pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake karukunan lan kekadangan.

c)

Ruwangan kang nuduhake yen manungsa iku tansah eling marang Gusti kang paring kanugrahan.

d)

Ruwangan kang nuduhake lamun urusan kluwarga iku dirembug kanthi bebarengan, lan wong liya ora kudu ngerti urusan pribadine kluwarga.

e)

Ruwangan kang nuduhake yen manungsa iku duwe sipat gemi, setiti lan ngati-ati, tegese ora boros lan tansah njaga kapribadene kang siningit (tersembunyi).

10.

Perangan panutup omah iku werni-werni wujude, wonten gebyog, lawang, jendhela, lan tutup keyong. Ingkang diarani gebyog yaiku....

a)

Sekat ruangan sing digawe saka kayu

b)

Panutuping sisi bagiyan pinggir umah lan biyasane digawe saka pring

c)

Panutuping umah sing fungsine kanggo mlebu hawa lan sinar supaya padhang

d)

Panutuping umah sing fungsine dinggo mlebu metu wong lan digawe saka kayu

e)

Sekat ruangan sing digawe saka stenless