wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kuis Bab Geguritan

Total questions: 15

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Geguritan kuwi uga diarani ...

a)

puisi

b)

cerkak

c)

cerpen

d)

parikan

2.

Geguritan diperang dadi loro, yaiku ...

a)

gagrag majapahit lan gagrag singasari

b)

gagrag lawas lan gagrag kuna

c)

gagrag lawas lan gagrag anyar

d)

gagrag enggal lan gagrag anyar

3.

Geguritan kuwi nggunakake basa rinengga sing tegese

a)

basa kang apa anane

b)

basa kang endah

c)

basa salugune

d)

basa padinan

4.

Salah sijine geguritan gagrag lawas yaiku, kajaba ...

a)

cacahing wanda saben gatra padha

b)

cacahing gatra saben bait padha

c)

tibaning swara ing pungkasane gatra padha

d)

bebas, nanging tetep nengenake endahing basa

5.

Sing kalebu struktur geguritan yaiku ...

a)

tipografi

b)

tema

c)

amanat

d)

nada utawa lagu

6.

Sun Nggegurit

Kahanan jaman saiki

sipat pemudha pemudhi

srawunge sansaya ndadi

raket wewekane sepi

tan kadi duk jaman nguni

srawung sarwa ngati-ati

..................................

Nada kang digunakake ing geguritan kasebut yaiku ....

a)

nuturi

b)

guyoni

c)

ngenyek

d)

nyeneni

7.

nalika nulis geguritan kudu nggatekake diksi, diksi tegese ...

a)

larik-larik ing geguritan

b)

lelewaning basa

c)

pinilihing tembung

d)

underaning geguritan

8.

sing kalebu unsur geguritan yaiku ...

a)

tipografi

b)

amanat

c)

pinilihing tembung

d)

majas

9.

"Aja kendhat, ngreksa ilat". Tembung ngreksa tegese....

a)

jaman dhisik

b)

nurut

c)

njaga

d)

pedhot

10.

Wong kang jujur, uripe bakal makmur. Ukara kasebut nggunakake purwakanthi ...

a)

swara

b)

basa

c)

sastra

d)

lumaksita

11.

Apa tegese "ajwa kendhat ngreksa ilat" ...

a)

Aja pedhot utawa kesel njaga wetuning wicara

b)

bisa gawe cilakaning dhiri

c)

ambane mung kaya sesetan kulit pring

d)

obahe ilat bisa gawe gegering donya

12.

ILAT

Dening: Subagiyo Ilham Notodijoyo

Amung sawelat

Ambaning ilat

Pradene wasis murba misesa

Gawe begja cilakaning angga

Ajwa kendhat

Ngreksa ilat

Njaga wetuning wicara saru

Kang njalari tatuning kalbu

Obahing ilat

Darbe kasiyat

Lamun nuju prana bisa mikat

Yen tan pener gawe oreging rat

Pitutur kang kandhut ing geguritan kasebut yaiku ...

a)

awake dhewe kudu kurmat marang wong sing luwih tuwa, ora kena laku daksiya marang sasama.

b)

awake dhewe kudu tansah tulung tinulung marang sasama manungsa ing alam donya.

c)

awake dhewe kudu tansah njaga wetuning wicara supaya ora nyilakani dhiri lan nglarani wong liya.

d)

awake dhewe kudu tumindak kang empan papan, nggatekake menawa desa mawa cara negara mawa tata.

13.

Ilat

dening: Subagiyo Ilham Notodijoyo

Amung sawelat

ambaning ilat

prandene wasis murba misesa

gawe begja cilakaning angga

ajwa kendhat

ngreksa ilat

............................................................

Tema ing pethikan geguritan kasebut yaiku ....

a)

Ekonomi

b)

Moral

c)

Pendhidhikan

d)

Agama

14.

Obahing ilat darbe kasiyat. Apa tegese darbe ...

(a)  

15.

Tan kadi duk jaman nguni. Apa tegese nguni ...

(a)