wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ULANGAN HARIAN BASA JAWA KLAS XI BAB SESORAH LAN PRANATACARA

Total questions: 20

Worksheet time: 55mins

Name
Class
Date
1.

Kang ora kalebu dasanamane tembung Pranatacara yaiku ...

a)

Panata adicara

b)

Panata acara

c)

Pambagyaharja

d)

Pambiwara

e)

Pewara

2.

”Para pepundhen para pinisepuh ingkang dahat kinabekten”. Ukara iki kalebu perangan ...

a)

salam pambuka

b)

tetepungan

c)

atur pangayubagya

d)

atur pakurmatan

e)

atur puji syukur

3.

Jejibahane pranatacara iku kang paling abot yaiku nalika ...

a)

nutup adicara

b)

nata lan nulis rantamane adicara

c)

nata lakune adicara

d)

mbukak adicara

e)

maca adicara

4.

Salah sijine syarat dadi pranatacara kang gamben yaiku kudu gladhen olah swara ing antarane kudu wasis ing babagan wirama wedharing ukara. Wirama wedharing ukara iku padha karo …

a)

artikulasi

b)

lafal

c)

wirama gendhing

d)

intonasi

e)

vokal

5.

Gatekna wacan iki !

Langkung rumiyin ,sumangga kita tansah muji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kita sedaya arupi kasarasan saengga kita sedaya saged kempal wonten panggenan menika.


Struktur teks pidhato kasebut kalebu…

a)

Salam pambuka

b)

Pambuka

c)

Salam panutup

d)

Panutup

e)

Isi

6.

Gathekna pethikan ing ngisor iki!

Sugeng siyang, Assalamu’alaikum, katentreman saha kawilujengan mugi katumrapan dhumateng panjenengan sedaya.


Tuladha iku diarani…

a)

Salam pambuka

b)

Pambuka

c)

Salam panutup

d)

Panutup

e)

Isi

7.

Wonten ing salebeting acara menika wonten pranatacara ugi wonten sesorah. Kalih paraga menika wonten bab ingkang sami katindakaken ugi wonten ingkang boten sami. Tegesipun pranatacara lan sesorah menika wonten persamaan saha ugi wonten perbedaan. Ing ngandhap menika babagan pranatacara saha sesorah ingkang leres inggih menika….

a)

Katitik saking basanipun, pranatacara lan sesorah sami-sami ngginakaken basa ingkang komunikatif lan awrat dipunmangertosi

b)

Pranatacara menika maos teks wonten ing wekdal ingkang sampun dipuntemtokaken, dene sesorah maos teks saking wiwitan dumugi pungkasaning acara.

c)

Ancasipun pranatacara ngandharaken lampahing acara, dene sesorah menika ngandharaken satunggaling pamanggih utawi pangertosan ngengingi satunggaling bab

d)

Pranatacara boten ngaturaken salam ingkang wiwitan, dene sesorah ngginakaken salam ingkang wiwitan

e)

Pranatacara kedah nggatosaken wicara, wirama, wiraga lan wirasa, dene sesorah menika boten prelu

8.

Gatekna urutan iki!


(1) Wosing paranatacara

(2) Panyapa

(3) Salam Pambuka

(4) Panutup

(5) Salam Panutup

(6) Pambuka


Urutan struktur teks pranatacara kasebut kang bener yaiku…

a)

1,2,3,4,5,6

b)

1 , 3 , 2 , 6 , 5 , 4

c)

2 , 6 , 3 , 1 , 5 , 4

d)

3 , 6 , 2 , 1 , 4 , 5

e)

3 , 2 , 6 , 1 , 4 , 5

9.

Sesorah kang isine ngenani sawijining laporan pertanggungjawaban tugas utawa kagiyatan, yaiku jinise sesorah …

a)

sambutan

b)

pengarahan

c)

laporan

d)

pertanggungjawaban

e)

peresmian

10.

Busana lan ngadi sarira kudu salaras karo kahanan ing adicara, tujuwane yaiku ...

a)

busana kang endah ndadekake paragane katon sulistya.

b)

supaya katon nengsemake marang para tamu.

c)

amarga ana pribahasa ajining raga saka busana.

d)

amarga busana uga dadi punjaring kawigaten marang para tamu.

e)

supaya ora asor prabawane

11.

Gatekna wacan iki!


Mugi-mugi kita sedaya saget istiqomah njaga kebersihan lingkungan sekolah iki kanthi telaten, saengga lingkungan sekolah sing dienggo sinau bisa nyaman amargi lingkungan resik.


Miturut struktur, cuplikan teks pidato kasebut kalebu…

a)

Pambuka

b)

Panyapa

c)

Panutup

d)

Pengarep-arep

e)

Isi

12.

Supaya bisa nindakake pidhato kanthi becik, kudu kerep ...

a)

nggawe teks

b)

gladhen

c)

sinau

d)

takon

e)

turu wae

13.

Sesorah peresmian yaiku sesorah …

a)

ringkes kang diandharake dening pembawa acara utawa MC.

b)

kang isine nglaporake sawijining tugas utawa kagiyatan.

c)

kang diandharake dening wong kang nduweni dhampak kanggo ngresmekake samubarang.

d)

kang isine ngenani sawijining laporan pertanggungjawaban tugas utawa kagiyatan.

e)

kanggo ngarahake sawijining adicara

14.

Ing ngisor iki kang kudu digatekake nalika nindakake sesorah, yaiku kajaba ...

a)

wiraga

b)

wirama

c)

malaksana

d)

wiyaga

e)

busana

15.

Supaya anggone nglantarake jejibahan bisa kasil kanthi sae, mula pamedhar sabda kudu sinau bab ...

a)

tut wuri handayani

b)

adigang adigung adiguna

c)

ajining dhiri gumantung saka lathi

d)

ajining raga gumantung saka busana

e)

olah basa, sastra, olah raga, busana, lan olah swara

16.

Kang ora kalebu syarate dadi pranatacara kang gamben yaiku ...

a)

wasis ing olah basa lan sastra

b)

sugih ing kawruh

c)

besus ing busana

d)

nuhoni trah utama

e)

tansah ngugemi subasita

17.

Tanggap wacana kang ditindakake kanthi tujuan ngandharake sawijining informasi tartamtu kang kudu dimangerteni wong akeh, diarani ...

a)

Atur pranatacara

b)

Sesorah

c)

Atur Pambagyaharja

d)

Khotbah

e)

Pewara

18.

Pranatacara kudu bisa mujudake pawongan kang nglantarake utawa nata lumakuning adicara ana ing upacara adat Jawa. Ing ngisor iki sing kelebu acara kang gawe pranatacra, kejaba...

a)

Temanten

b)

Kesripahan

c)

Woro - woro

d)

Pepanggihan

e)

ngundhuh mantu

19.

Gatekna wacan iki!

Bapak/ibu ingkang dahat kinurmatan, keparengaken kula badhe ngaturaken menggah rantamaning adicara ingkang badhe lumampah wekdal siyang punika:

ingkang sepisanan inggih menika:

1. Pambuka

2. Atur pangandikan ketua panitia perpisahan kelas XI

3. Pasuguhan tari Gambyong saking kelas XI MIPA 1,2,3

4. Tanggap Wacana saking kepala sekolah

5. Pasuguhan Band saking kelas X lan XI

6. Tanggap Wacana saking wakil kelas XII

7. Drama saking kelas X lan XI

8. Tanggap Wacana saking perwakilan guru

9. Panutup


Miturut struktur teks pranatacara kasebut, wacan kasebut kalebu bagian…

a)

Salam pambuka

b)

Salam panutup

c)

Pambuka

d)

Panutup

e)

Wosing Pranatacara

20.

Ing ngisor iki kang ora kalebu ancase nindakake tanggap wacana, yaiku ...

a)

nggunakake unggah-ungguh basa kang becik.

b)

nggatekake tata rakite ukara kang becik.

c)

enggal-enggal dirampungi.

d)

swara lan pocapan cetha.

e)

mangerteni sapa wae para rawuh/tamu sing rawuh lan swasanane, saengga nisa ngetrapake tata trapsila kang becik