wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

GLADHEN PIWULANG I UNGGAH UNGGUH BASA lan UNDHA USUK BASA

Total questions: 25

Worksheet time: 18mins

Name
Class
Date
1.

Tata pranataning basa miturut lungguhing tata krama sinebut ...

a)

unggah-ungguh basa

b)

tata krama

c)

undha usuk basa

d)

Piwulang Basa Jawi

e)

Sinau Basa Jawi

2.

Undha usuk basa yaiku ...

a)

Variasi utawi ragam basa kang ditemtokake saka wong sing guneman karo sing diajak guneman.

b)

Unggah-ungguhing gunem lan tindak tanduke.

c)

Tata pranataning basa miturut lungguhing tata krama.

d)

Ragam basa nalikanipun wawan rembag kaliyan tiyang sanes.

e)

Basa kang digunakake nalika matur kaliyan tiyang sanes.

3.

Unggah-ungguh basa yaiku ...

a)

ngoko lugu, ngoko alus, krama

b)

ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus

c)

ngoko lan krama

d)

krama alus, krama inggil

e)

Basa Jawa kang alus

4.

Basa sing tingkatane paling ngisor lan ora nganggo unggah-ungguh, yaiku ...

a)

krama

b)

krama lugu

c)

ngoko

d)

ngoko lugu

e)

dialek

5.

Panjenengan menapa sampun dhahar?. Ukara kasebut manawa didadekake ngoko lugu yaiku ...

a)

Sliramu apa wis nedha?

b)

Kowe apa wis madhang?

c)

Awakmu apa wis mangan?

d)

Sampeyan napa sampun nedhi?

e)

Kowe apa wis dhahar?

6.

Nalikane sampeyan caturan kaliyan kanca sekelas menika ngginakake ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

kedhaton

7.

Ngoko Alus yaiku ...

a)

basa ngoko kang ora kecampur tembung krama inggil

b)

basa ngoko kang kecampur tembung-tembung krama inggil

c)

basa krama kang tembung-tembunge lugu lan ora kecampur tembung-tembung krama inggil

d)

basa krama kang tembung-tembunge krama inggil seday

e)

basa ngoko kang kecampur kaliyan krama madya

8.

Ngandhap menika kang kelabu ngoko alus, yaiku ...

a)

Panjenengan dipuncaosi dhaharan ulam ayam kaliyan jeram sunkist.

b)

Sampeyan dipunparingi tedhan ulam ayam kaliyan jeram sunkist.

c)

Panjenengan dicaosi iwak pitik karo jeruk sunkist.

d)

Kowe dinei iwak pitik karo jeruk sunkist.

e)

Sampeyan dinei iwak pitik karo jeruk sunkist.

9.

Basa krama sing tembung-tembunge lugu lan ora kecampur tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan, diarani ...

(a)  

10.

Mas Ilham saweg nglampahi PKL wonten Bandung, Mas Ilham kepanggih kaliyan Mas Rosid saking Banyumas. Nalikanipun Mas Ilham caturan kaliyan Mas Rosid menika ngginakaken ...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Lugu

d)

Krama Alus

e)

Krama Inggil

11.

Mas Ilham saweg nglampahi PKL wonten Bandung, Mas Ilham kepanggih kaliyan Mas Rosid saking Banyumas. Nalikanipun Mas Ilham caturan kaliyan Mas Rosid menika ngginakaken ...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Lugu

d)

Krama Alus

e)

Krama Inggil

12.

Sampeyan ... gethuk goreng nyamikan saking Banyumas.

a)

digawakna

b)

dipunbetakaken

c)

dipunastakaken

d)

diastakake

e)

dibetakake

13.

Basa krama sing tembung-tembunge alus lan kecampuran tembung-tenbung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan, diarani …

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Lugu

d)

Krama Alus

e)

Krama Inggil

14.

Wangkingan punika kagunganipun Pakubuwana IV. Tembung kacithak kandel manawa digawe ngoko dadi …

a)

Keris

b)

Tombak

c)

Pedhang

d)

Klambi

e)

Panah

15.

Katranganipun Bapak Sanip kirang jangkep.

Ukara kasebut yen nganggo basa ngoko yaiku ...

a)

Katrangane Bapak Sanip kurang pas.

b)

Katrangane Panjenengan kurang komplet.

c)

Katrangane Bapak Sanip kurang ganep.

d)

Katrangane Bapak Sanip kurang pepak.

e)

Katrangane slirane Sanip kurang ganjil.

16.

Nalikanipun sampeyan matur kaliyan tiyang sanes menika dipunwiwiti kaliyan tembung ...

a)

Nyuwun sewu

b)

Ndherek langkung

c)

Nuwun sewu

d)

Ndherek medal

e)

Mangga

17.

Andi lagi didhawuhi Bapake tuku obat neng apotek prapatan kae lho. Ukara iku nggunakna ragam basa ...

a)

ngoko lugu

b)

krama lugu

c)

ngoko alus

d)

krama alus

e)

ngoko lan krama

18.

Menawi Bapak gerah, napa boten nganggu, Bu? Ukara iku nggunakna ragam basa ...

a)

Ngoko lugu

b)

Krama lugu

c)

Ngoko alus

d)

Krama alus

e)

Ngoko lan krama

19.

Bu Lurah ndherekna Bu Camat kondur.

Tembung ndherekna tegese ...

a)

ngeterke

b)

ngancani

c)

ndeloke

d)

ngakon

e)

dikon

20.

Ibu lan Bapak nembe ... ing Warung Mangga Mampir, unjukane es ... sing rasane kecut banget.

a)

nedha - jeram

b)

nedhi - kopi

c)

maem - jeruk

d)

dhahar - jeruk

e)

dhahar - teh

21.

Kula sampun ..., Bapak ugi sampun ...

a)

maem - nedha

b)

nedha - nedhi

c)

nedhi - maem

d)

dhahar - dhahar

e)

nedha - dhahar

22.

Kula sampun ... kalawau sonten tabuh 16.30, dene ibu kula ... watawis tabuh 17.00.

a)

siram - siram

b)

gebyur - gebyur

c)

gebyur - adus

d)

adus - siram

e)

gebyur - siram

23.

Sarinah karo kancane dolan menyang kisik nalika ... angslup.

a)

wulan

b)

rembulan

c)

isuk

d)

srengenge

e)

dina

24.

Dhik Susi anggone liwat ing ngarepe wong tuwa mundhuk-mundhuk lan ngucap ...

a)

nyuwun langkung

b)

nyuwun sewu

c)

ndherek langkung

d)

ndherek mlampah

e)

ndherek kesah

25.

Matur marang Pak Guru arep menyang pakiwan, kang bener ...

a)

Pak, badhe ke belakang sekedhap nggih?

b)

Ajeng teng wingking angsal ta, Pak?

c)

Pak, kula ajeng teng wingking sekedhap?

d)

Dhateng wingking menapa angsal, Pak?

e)

Nuwun sewu, Pak, kula nyuwun idin badhe dhateng wingking sekedhap.