wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH BAHASA JAWA BAB 2 KLS 9

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Aksara jawa murda kuwi cacahe ana pira....

a)

5

b)

6

c)

7

d)

8

2.

Penganggone aksara murda kanggo keterangan ing ngisor iki, kajaba (kecuali)....

a)

Kanggo jeneng kewan

b)

Kanggo gelar

c)

Kanggo jeneng geografi

d)

Kanggo jabatan utawa gelar

3.

Trisnawati Galuh Ajeng. Jeneng wong kasebut yen ditulis aksara murda apa wae....

a)

Na, ta, ga

b)

Ta, na, ga

c)

Na, ga

d)

Ta, ga

4.

Lesmaya. Jeneng wong saka tembung kasebut ana aksara murdane apa ora....

a)

Wonten

b)

Boten

5.

Ing ngisor iki kalebu drama tradisional, kajaba (kecuali)....

a)

Ludruk

b)

Kethoprak

c)

Wayang wong

d)

Campursari

6.

Wajik klethik gula jawa, luwih becik sing prasaja. Parikan kasebut kedadean saka....

a)

8 wanda + 4 wanda

b)

4 wanda + 4 wanda

c)

8 wanda + 8 wanda

d)

6 wanda + 6 wanda

7.

Drama tradisional sing nyritakake babagan panguripan saben dinane lan nganggo basa suroboyoan yaiku....

a)

Sandhiwara

b)

Wayang wong

c)

Ludruk

d)

Kethoprak

8.

Tembung dwilingga kang oleh seselan um ing sisih mburi diarani rimbag....

a)

Rimbag bawa ma wantah

b)

Rimbag bawa ma tundha

c)

Rimbag dwilinggane bawa ma

d)

Rimbag bawa ha

9.

Bocah kuwi gumantung kancane yen arep metu dheweke gelem metu. Rimbage...

a)

Rimbag bawa ha

b)

Rimbag bawa ma tunda

c)

Rimbag bawa ma wantah

d)

Rimbag diwilnggane bawa ma

10.

Katon kumambang-kambang lakune debog ing kali kasebut. Rimbag....

a)

Bawa ma wantah

b)

Bawa ma tundha

c)

Dwilinggane bawa ma

d)

Bawa ha

11.

Etika jawa kuwi dadi manungsa kang urip ing tanah jawa kudu bisa sepi ing pamrih rame ing gawe sing nduweni teges....

a)

Gelem lan seneng tandhang gawe amarga oleh pangalembana

b)

Ora seneng njalukan apa wae marang wong liya

c)

Ora nengenake kaluwihan awake dhewe

d)

Seneng tumindak kabecikan marang liyan tanpa ngarep piwales

12.

Wong jawa kuwi kudu nduweni sipat sing andhap asor, tegese urip kang kanthi....

a)

Ora mbujuk, ora tukar padu

b)

Ora pamer, ora anggak

c)

Ora ngersula, ora maido

d)

Seneng nduduhne sugihe marang liyan

13.

Bu lina ngombe jamu karo mangan sega. Owahana nganggo basa krama alus....

a)

Bu lina nginum jampi kalih nedha sekul

b)

Bu lina nginum jampi kalih dhahar sekul

c)

Bu lina ngunjuk jampi kalih dhahar sekul

d)

Bu lina ngunjuk jampi kalih nedha sekul

14.

Dadi wong kudu tansah lila legawa ngadhepi sasembarange perkara. Lila legawa tegese....

a)

Sabar

b)

Ikhlas

c)

Bahagia

d)

Ayem

15.

Apa Kowe wis......teh panas kuwi?...tembung nunggal misah sing trep kanggo ukara kasebut yaiku.....

a)

Ngunjuk

b)

Ngombe

c)

Nginum

d)

Ngglegek

16.

Kethoprak kuwi nyritakake cerita panguripan ing ngendi....

a)

Kraton

b)

Padesan

c)

Kutha

d)

Kiwa tengen tangga

17.

Manuk emprit mangan pari, dadi murid.....

a)

Marak ati

b)

Sing taberi

c)

Sing ngangeni

d)

Sing ngaji

18.

Tawon madu ngisep sekar, golek ilmu.....

a)

Karo mbabar

b)

Kudu sabar

c)

Pancen sangar

d)

Tekan jabar

19.

Rina mangan sega sawarege. Tembung sawarege nduweni teges...

a)

Angger wareg

b)

Nganti wareg

c)

Saben wareg

d)

Bareng wareg

20.

Rina sakelas karo rudi. Tembung sakelas nduweni teges....

a)

Tunggal kelas

b)

Siji kelas

c)

Kabeh kelas

d)

Karo kelas