NEW
Font size
WorksheetsNINE
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
“Mengko ta wanara seta, sira iku sapa? Solahira kaya manungsa, kathik bisa ngidung nyaritakake lalakone Pangeran Ramawijaya? “
Wanara iku tegese ...
kethek
kaki
buta
raseksa
Dhuh Sang Kusuma, kula pun Anoman dutanipun Sri Ramawijaya. Tembung duta iku tegese ...
musuh
utusan
kanca
prajurit
Gununge biru asri sinawang. Tembung Sinawang tegese ….
katon
weruh
didelok
digambar
Bener luput ala becik lawan beja
Tembung lawan iku tegese ....
mungsuh
bala
karo
kajaba
Tembang macapat sing cacahe gatra paling akeh ....
durma
pocung
sinom
dhandhanggula
Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung
Tembung sing kagaris ngisor iku tegese ....
ana sing ngomong
ana sing crita
ana paribasan
ana pitutur
Kula nyuwun wekdal sawetawis, Bapa, mugi-mugi gegayuhanipun para warga saged kasembadan. Tembung gegayuhan iku tegese ....
angen-angen
panjaluk
kabutuhan
pepenginan
Anoman mudhun saka pang nagasari, laku dhodhok sila marikelu ing ngarepe Dewi Sinta.
Iku nuduhake kepiye watake Anoman?
seneng nggluwehi bendarane (majikane)
manut lan miturut marang bendarane
isinan lan wedinan ngadhepe bendarane
ngajeni lan urmat marang bendarane.
Tembang durma iku duwe watak ....
guyonan
sedih
seneng
galak
wasana cekap semanten atur kula.
Ukara iku tinemu ing perangan sesorah ...
pambuka
isi
panutup
pamuji
Cariyos “ Dumadine Desa Banyumudal “ ing nginggil kalebet crita rakyat ingkang kedadosanipun wonten ing tlatah Pemalang. Tuladha crita rakyat Pemalang sanesipun inggih menika ....
Rawa Pening
Patih Sampun
Ki Pandanaran
Pranacitra
X = “Bapak wonten dalem menapa boten?”
Y = “ ......... “
Pacelathon ing dhuwur trepe manut unggah – ungguh kajangkepi ukara ....
Bapak nembe kesah dhateng griyanipun pak Lurah.
Bapak nembe kesah dhateng dalemipun pak Lurah.
Bapak nembe tindak dhateng griyanipun pak Lurah.
Bapak nembe tindak dhateng dalemipun pak Lurah.
Panganggone basa krama kang bener manut unggah-ungguhe yaiku ....
Kula nembe kondur saking sekolah sareng rencang-rencang.
Bapak nembe gerah waja pramila mboten tindak dhateng kantor.
Kula nembe siram jam pitu, amargi nembe wungu.
Bukunipun sampun kula paringaken pak guru.
“Ra mokal yen bocah-bocah takon aku”.
Tembung ra mokal padha tegese karo ....
ora lucu
ora ngandel
ora aneh
ora sida
“Pak angka Jawa nggo ngetung apa, apa bisa ndak nggo bakulan ula?”
Ukara iku tinemu purwakanthi apa?
sastra
swara
basa
diksi
Pak, kepareng matur, kula badhe nyuwun pamit .... rumiyin.
kondur
wangsul
bali
tindak
Ing dina sing wis pinilih, sadurunge acara diwiwiti kabeh ubarampe ruwatan mau digawa ing Candi Arjuna.
Tembung ubarampe padha tegese karo .....
piranti
biaya
panganan
sesajen
Warno didhawuhi bapake ngeterake undhangan rapat kanggo Pak RT.
Ature Warno marang Pak RT sing bener….
Pak RT, kula dikongkon bapak ngeteraken layang iki.
Pak RT, mangga kula aturi nampi layang saking bapake.
Pak RT, kula dikongkon bapake ngeterake layang iki.
Pak RT, kula dipunutus bapak ngaturaken serat punika.
Endi basa krama kang panganggone paling bener?
Wau Ibu ngendika dateng kula lajeng kula ngendika dateng Dhik Iwan.
Wau Ibu ngendika dateng kula lajeng kula sanjang dateng Dhik Iwan.
Wau Ibu sanjang dateng kula lajeng kula ngendika dateng Dhik Iwan.
Wau Ibu sanjang dateng kula lajeng kula sanjang dateng Dhik Iwan.
Panggone basa krama alus sing trep ana ing ukara .....
Kula tilem jam sanga, dene Bapak tilem kinten-kinten jam setengah sedasa
Kula sare jam sanga, dene Bapak tilem kinten-kinten jam setengah sedasa
Kula tilem jam sanga, dene Bapak sare kinten-kinten jam setengah sedasa
Kula sare jam sanga, dene Bapak sare kinten-kinten jam setengah sedasa
