WorksheetsLatihan soal SASBK 9
Total questions: 21
Worksheet time: 11mins
Perangane pidhato kang ngandharake pangucap syukur lan
panuwun marang Gusti Kang Maha Agung, diarani ....
Salam pembuka
Purwaka
Surasa basa
Pangarep-arep
"Mugi-mugi samangke saged lulus kanthi biji ingkang sae sarta
sageda katampi wonten sekolah ingkang dipunkajengaken."
Ukara iku ana ing perangan pidhato pepisahan sekolah, mapan
ana ing perangan …
Wusana
Pangarep-arep
Salam pembuka
Panyapa
"Wasana namung samanten atur kula minangka sesulih rencangrencang kelas IX sedaya, mbok bilih wonten galap-gangsuling saha benceng cewenging atur, kula tansah nyuwun lumunturing samodra sih pangaksami."
Ukara ing dhuwur iku pethikan saka pidhato kang kagolong ana ing perangan ….
Wusana
Panyapa
Purwaka
Surasa basa
Sawijining paraga kan nduweni jejibahan ngandharake titi laksana utawa lumakuning adicara diarani...
Pambagyaharja
Pambiwara
Pamedharsabda
Pranatacara
"Atur pamujing syukur marang Gusti Allah lan atur panuwun marang para rawuh/tamu sing kepareng rawuh."
Ing teks atur pambagya ing dhuwur diarani...
Wusana
Surasa basa
Purwaka
Panyapa
Pangajab (harapan) sing diandharake marang para rawuh/tamu uga diarani...
Pangarep-arep
Purwaka
Salam pambuka
Panyapa
Ing ngisor iki sing ora kalebu struktur teks sesorah yaiku...
Wusana
Purwaka
Wosing Pranatacara
Salam penutup
Bentor utawa biasane diarani becak motor kuwi kalebu sawijine transportasi sing wis dimodifikasi, tegese wis ana bab sing wis an owah-owahane. Becak niki sampun diwenehi mesin motor
Definisi umum
Deskripsi Bagean
Deskripsi Gunane
Koda
Nyatane bentor iki kanggone linuwih banget. Kayata ngemot kasur, dagangan pasar, lan liya-liyane. Saiki anane bentor akeh ditemokake ing pasar, sing jasane kanggo ngemoti belanjan dagangan pasar.
Definisi umum
Deskripsi bagean
Deskripsi gunane
Definisi gunane
Para Paraga :
Pak Lurah (L), Pak Jagabaya (J), Pak Carik (C) Pak Wongso (W)
Ing sawijining wengi Pak Lurah pinuju ngendikan karo Pak Jagabaya lan Pak Carik ing pendhapa kelurahan. Katelune lagi ngrembug babagan katentreman desane.
Manut penggalan drama ing dhuwur kalebu struktur teks bagean....
Resolusi
Komplikasi
Koda
Orientasi
Para pinisepuh tuwin sesepuh ingkang dhahat pinundhiundhi, ingkang hamengku karsa Bapak/Ibu Sudrajad Djiwandana miwah gotrah ingkang dhahat kinurmatan.
Pethikan ukara kasebut kalebu...
Wusana
Panyapa
Surasa basa
Purwaka
Pantai Krakal nduweni maneka warna kaendahan sing ndadekake ati ayem tentrem. Sadawane pantai krakal, sampeyan bakal weruh bukit gamping lang bongkahan watu sing apik banget
Definisi umum
Deskripsi bagean
Deskripsi gunane
Definisi gunane
Wekasaning crita Damarwulan kasil ngalahake Adipati Menak Jingga saka Blambangan. Damarwulan uga kasil ngatasi prakara Layang Sera lan Layang Kumitir kang nedya ngrampas bebana kang wus dijanjekake Ratu ayu Kencana Wungu. Wiwit saka kuwi wis ora ana gegeran maneh ing antarane Majapahit lan Blambangan. Minangka bebanane, Damarwulan dhaup karo Ratu Ayu Kencana Wungu lan sinengkake ing ngaluhur dadi nata ing kraton Majapahit kanthi gelar Prabu Brawijaya. Prabu Brawijaya lan Ratu Ayu Kencana Wungu urip mukti wibawa atut runtut lan ngembani kraton Majapahit kanthi wicaksana. Kraton Majapahit dadi kraton kang gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja.
Perangan ing dhuwur iku yen ing drama tradisional ana ing akhir/pungkasan drama kang diarani...
Prolog
Monolog
Dialog
Epilog
Ing Jaman biyen ana sawijining lurah kang mbela lan ora narimakake menawa wargane dikongkon kerja paksa. Lurah kasebut aran Bintoro saka Desa Ghondhanglegi, tlatah Beji Pasuruan.
Perangan ing dhuwur kalebu struktur teks drama/sandhiwara bagean...
Koda
Resolusi
Komplikasi
Orientasi
"Njih cekap semanten, mekaten ingkang saged kawula aturaken minangka sesulihing kaluwarga Bapak Beni sekaliyan, menawi wonten kiranging atur kaladuking wicantenan, kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami."
Andharan kasebut kalebu struktur teks pidato bagean....
Salam panutup
Wusana
Pangarep-arep
Purwaka
Kanthi gumelenge tekad lan pawitan ilmu saka gurune, Jaka Sambang kasil ngasorake Lurah Bargowo sing dadi anteke Hindia Belanda. Wiwit kedadeyan iku pamarentah Hindia Belanda ora wani maneh ngganggu para warga ing Desa Gondhanglegi.
Perangan teks ing dhuwur kalebu struktur teks drama bagean...
Orientasi
Resolusi
Komplikasi
Koda
Paraga Sumiyati mung guneman ijen ing panggung, paraga kasebut diarani...
Dialog
Prolog
Epilog
Monolog
Angin sumilir adhem saya nambahi segering hawa ing esuk iku, sawah kang ijo royo-royo ndadekake padesaan kasebut katon makmur panguripane, sawijining kulawarga kang prasaja lagi lungguhan ing amben teras omah.
Latar panggonan teks drama ing nduwur yaiku...
Ing teras omah
Ing tengah sawah
Ing pedesaan kang sepi
Ing kantor lurah
Akeh kurban lan kapitunan sing disebabake saka bencana banjir lan lemah longsor. Ana kurban nyawa lan kurban arta. kurbane arta sing cacahing ora setithik. Benjana banjir lan lemah longsor uga gawe rusake tanduran para kadang tani ing padhusunan. Tambak-tambak sing kebanjiran, iwake padha buyar kabeh.
Perangan teks ing dhuwur isine ngandharake bageyan kurban saka bencana alam, perangan kasebut kalebu bagean struktur ...
Definisi umum
Deskripsi bageyan
Deskripsi gunane
Definisi bageyan
Manfaat uwuh organik bisa didadekake barang kerajinan upamane tas saka enceng gondhok. Uwuh anorganik upamane plastik bungkus panganan bisa digawe tas utawa barang kerajinan liyane. Sing cetha menawa masyarakat bisa kreatif, uwuh sing maune dadi reretu saka rekayasa malah bisa miguna lan nduweni nilai tambah.
Perangan teks ing dhuwur isine ngandharake paedah/manfaate uwuh organik lan anorganik, perangan kasebut kalebu struktur bagean...
Definisi umum
Deskripsi bageyan
Deskripsi gunane
Definisi bageyan
Jahe kalebu jenis tanduran empon-empon. Akeh wong Indonesia sing nandur jahe, amarga jahe bisa ditandhur ing daerah tropis. Amarga akeh tanduran jahe mula akeh wong sing nliti migunane jahe kejaba kanggo bumbu masakan. Perangan kasebut yen ing struktur teks pelapuran asil observasi kalebu perangan...
Koda
Definisi umum
Deskripsi bageyan
Deskripsi gunane
