wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Wulangan Padinan 1

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Unggah-ungguh kang awujud basa, bisa kapilah dadi 4 warna/ ragam basa, kaya ing ngisor iki, kajaba....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

jawa kuna

2.

Miturut gambar ing sisih kiwa iki, patrape bocah kang perlu diconto yaiku....

a)

ora ngerteni kahanan yen ana simbah-simbah ora kabagean panggonan kanggo lenggah

b)

ngaturi simbah-simbah supayane lenggah ing panggonane dheweke

c)

matur marang Pak sopir bis supaya simbahe digolekake lenggahan

d)

ethok-ethok turu supaya ora perlu nulungi simbah-simbahe

3.

Nalikane awakmu padha sowan ing griya duhkita (rumah duka), unggah-ungguhmu nalikane matur kayata....

a)

"Pak, kok saged seda niku pripun?"

b)

"Njur mangke utange almarhum sinten ingkang nyaur?"

c)

"Nuwun sewu Pak, kula sakanca ngaturaken belasungkawa awit sedanipun keng putra, mugi tansah pinaringan papan ingkang langkung sae

d)

"Pak, janjane njenengan pun kagungan firasat saderenge?"

4.

Umpamane kowe padha mlaku ing sangarepe latar/halaman ngomahe wong, banjur kang kagungan dalem lagi lenggahan ing teras, aturmu kang becik yaiku....

a)

"Mangga...ndherek langkung."

b)

"Wah...santai-santai terus nggih?"

c)

"Sami ngentosi bakul es napa nggih?"

d)

"Pun...pareng."

5.

Wiwit cilik putrane Pak Santoso diwulang solahbawa kang becik. Saben arep mlebu ngomah putrane mesthi matur....

a)

Salam /Assalamualaikum

b)

nuwun sewu

c)

nyuwun pangapunten

d)

mangga pinarak

6.

Pak RT : "Dam, bapak tulung diewangi ngumumke marang pemudha, yen sesuk minggu padha kerja bakti reresik pendhopo kanggo pentas 17an

Damar : "Nggih Pak RT, samangke ing rapat Karang Taruna kula umumaken."

Pacelathon ing dhuwur mratelakake yen wangsulane Damar marang Pak RT migunakake ragam basa....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

7.

Miturut gambar ing sisih kiwa iki, atur kang trep nalikane wis disilihi bolpen yaiku....

a)

"Tin, matur nuwun ya...wis disilihi bolpen, aku dadi bisa ngrampungke tugas iki."

b)

"Tin, kowe titip bolpen ora?Aku arep blanja ing koperasi."

c)

"Dingapura ya Tin, bolpenmu ra sengaja tak ilangke."

d)

"Iki bolpen kok ra majas to Tin, wis tak tuku dhewe."

8.

Gatekna pranyatan ing ngisor iki! [Unggah-Ungguh Mlaku ing Dalan Umum]

1. Mlaku ing dalan umum aja karo gojegan

2. Aja jejer-jejer luwih saka wong 2

3. Sandal/sepatune aja diseret-seret

4. Anggone mlaku bisa karo ngingetke layar hp terus

5. mlaku ana sisih tengen wae

Pranyatan kang cocok/jumbuh karo unggah-ungguh ing dalan umum yaiku....

a)

1,2,3

b)

1,2,4

c)

2,3,4

d)

2,3,5

9.

Saben dina Kemis Pahing, ing sekolahanku didhawuhi nganggo pakaian adat Jawa. Sasi Agustus iki, ngepasi tanggal 4 Agustus 2022 para siswa padha nyandhang adat Jawa. Miturut petunganmu, tanggal pira ing sasi ngarepe padha nganggo pakaian adat Jawa maneh?

a)

5 September 2022

b)

6 September 2022

c)

7 September 2022

d)

8 September 2022

10.

Patrap/ solah bawa kaya kang kacetha ing gambar diarani....

a)

sedhakep

b)

salaman

c)

ngapurancang

d)

timpuh

11.

Bapak nembe ....saking kantor. Tembung kang trep kanggo ukara kasebut yaiku....

(a)  

12.

Pakdhe ... ringgit wacucal ing TV

(a)  

13.

"Mbah mangga kula ....Amargi sampun badhe mlebet jam sekolah" . Tembung kang trep nalikane kowe arep mlaku ndhisiki/nyalip yaiku....

(a)  

14.

Yen arep matur marang wong tuwane, patrap sepisanan yaiku sirah rada ndhingkluk lan awake rada (a)  

15.

Patrap nalika ngaturake barang marang wong liya becike nganggo tangan tengen lan praupan (raut muka) kang (a)  

16.

Undha-usuk basa kang titikan/ciri-cirine yaiku tembung-tembunge nganggo basa ngoko kabeh diarani basa....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

17.

Omongan/guneman antarane kanca sapantaran/seumuran kang wis akrab iku bisa nganggo basa....

a)

krama alus

b)

krama lugu

c)

ngoko alus

d)

ngoko lugu

18.

Gatekna pacelathon ing ngisor iki!

Amir : "Bu, kula badhe tumbas LKS basa Jawa"

Ibu : "Oh ya...nyoh iki mengko disusukke ya le!"

(ngulungi pecahan sepuluhan ewu cacah 2)

Amir : "Reginipun kalih welas ewu rupiah Bu."

Saka pacelathon mau bisa kokmangerteni yen Amir kudune nyaosaken susuk (kembalian) akehe yaiku

a)

gangsal ewu rupiyah

b)

nem ewu rupiyah

c)

pitungewu rupiyah

d)

wolongewu rupiyah

19.

Guneman antarane wong tuwa marang wong tuwa liyane kang wis kulina lan sing diomongake wong tuwa liyane, bisa nganggo basa....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

20.

Umpamane awakmu arep tuku jajan ing pinggir dalan (durung tau tuku sadurunge). Basa kang kokanggo guneman marang bakule jajan yaiku basa....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus