Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS B.Jawa kls 9

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Ing geguritan biasane ditemokake swara utawa tetembungan kang runtut, swara utawa tembung mengkono mau diarani...?

a)

dwilingga

b)

purwakanthi

c)

rurabasa

d)

yogyaswara

2.

Apa kang dhisik dhewe ditindakake menawa kepingin gawe geguritan...?

a)

nemtokake tema

b)

milih judul

c)

ngumpulake tetembungan

d)

nemtokake basane

3.

Basa kang digunakake ing geguritan iku bisa konotatif lan denotatif, apa kang diarani basa konotatif...?

a)

basa kang endah

b)

basa kang tegese ora semesthine

c)

basa kang nduweni teges apa anane

d)

basa kasar

4.

Dene basa denotatif yaiku...?

a)

basa kang endah

b)

basa kang tegese ora semesthine

c)

basa kang nduweni teges apa anane

d)

basa kasar

5.

Apa kang diarani geguritan...?

a)

lagu

b)

filem

c)

puisi

d)

drama

6.

1. tulis ngengrengan

2. temtokna topik

3. asil edhitan ditulis kanthi cetha

4. wacanen bola-bali lan edhiten ngengrengan


Urutake, langkah-langkah gawe geguritan kang bener!

a)

1,2,3,4

b)

2,3,4,1

c)

2,1,4,3

d)

3,4,1,2

7.

Kanggo mangerteni apa isine geguritan, mula kudu ngerti...?

a)

maknane

b)

judule

c)

topike

d)

pengarange

8.

Cara apa sing paling gampang gawe mangerteni isine geguritan...?

a)

tekon kanca

b)

ngowahi nganggo ukarane dewe

c)

ngowahi nganggo ukarane wong liya

d)

ngarang

9.

Wacanen pethikan geguritan ing ngisor iki!


Aku Bocah Jawa


Aku bocah jawa

aku rumangsa ora duwe apa-apa

sing awujud banda donya raja brana

iku dudu takeran

sanajan mangkono,

bab budaya unggah ungguh munggahi tata krama

tetep tak-ugemi

tak-sunggi nganti lumebu ing bumi


sing awujud banda donya raja brana,

tembung dicithak kandel kasebut tegese...?

a)

kakuasaan utawa pangkat

b)

kendharaan mewah

c)

kakuatan kanggo nindhes liya

d)

barang-barang kang nduweni aji

10.

Wacanen pethikan geguritan ing ngisor iki!


Aku Bocah Jawa


Aku bocah jawa

aku rumangsa ora duwe apa-apa

sing awujud banda donya raja brana

iku dudu takeran

sanajan mangkono,

bab budaya unggah ungguh munggahi tata krama

tetep tak-ugemi

tak-sunggi nganti lumebu ing bumi


Apa pangarep-arepe penulis marang para pamaca...?

a)

aja dadi wong nakal

b)

aja lali asale

c)

bisa njaga awak

d)

njaga budaya kang luhur

11.

ana pira jinise tembang macapat iku?

a)

11

b)

12

c)

13

d)

14

12.

Tembang macapat Durma, kalebu ing jinise tembang..?

a)

tembang cilik

b)

tembang tengahan

c)

tembang gede

d)

tembang dolanan

13.

Guru gatra tembang Durma yaiku...?

a)

saben sapada dumadi saka 10 gatra

b)

saben sapada dumadi saka 9 gatra

c)

saben sapada dumadi saka 8 gatra

d)

saben sapada dumadi saka 7 gatra

14.

Tembang macapat Durma kang ana ing Serat Wulangreh iku anggitane...?

a)

Hamengku Boewana

b)

Sri Susuhunan Pakoe Boewana III

c)

Sri Susuhunan Pakoe Boewana IV

d)

Raja Mangkunegara

15.

Tegese guru wilangan, yaiku...?

a)

Tibaning swara ing saben gatra

b)

jumlahe wanda ing saben gatra

c)

jumlahe larik ing saben pada

d)

aahing huruf ing saben sagatra

16.

Sandiwara (drama) sawijining karya sastra kang wujude...?

a)

pecelathon lan gerak.

b)

pecelathon lan gambar.

c)

lagu lan gerak

d)

gambar lan gerak

17.

Tembung sandiwara kuwe asale sekang tembung sandi lan warah. Sandi kuwe tegese sinamun, samar utawa ora langsung (rahasia), dene warah tegese....?

a)

Gambar

b)

swara

c)

piwulang utawa pitutur

d)

gerak

18.

Perangan-perangan sandiwara kuwi kabangun saking unsur-unsur intrinsik. ing ngisar iki sing ora kalebu unsur intrinsik drama yaiku...?

a)

tema

b)

watak

c)

paraga

d)

basa

19.

Sinetron kalebu jinis drama...?

a)

sejarah

b)

komedi

c)

melodrama

d)

laga

20.

jinising paraga miturut kalungguhane kaya ing ngisar iki, kejaba...?

a)

antagonis

b)

utama

c)

pembantu

d)

figuran