NEW
Font size
WorksheetsULANGAN TENGAH SEMESTER BASA JAWA KELAS 7A
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Teks sing isine nggambarake sawijining papan panggonan,sesawangan diarani....
Teks observasi
Teks diskriptif
Teks naratif
Teks idhentifikasi
Gunung Bromo dumunung ing wilayah pamarentahan propinsi Jawa Timur kang dumadi saka patang wilayah, yaiku kabupaten Probolinggo, Pasuruan, Lumajang lan Malang. Dhuwure gunung Bromo yaiku 2.392 meter saka lumahe segara. Gunung Bromo minangka obyek wisata kang wis misuwur ing saindenging donya didadekake icon wisata dening pamarentah Propinsi Jawa Timur.
Teks ing dhuwur klebu bageyan struktur .......
Idhentifikasi
Klarifikasi
Diskripsi bageyan
Teks Naratif
Obyek wisata Gunung Bromo klebu wewengkon Taman Nasional Bromo Tengger Semeru. Tumuju menyang Gunung Bromo sing paling kepenak kawiwitan saka Penanjakan. Ing Penanjakan para wisatawan bisa ndeleng sunrise utawa prastawa mletheke srengenge sing sesawangane endah lan nengsemake.
Teks ing ndhuwur klebu struktur.....
Idhentifikasi
Klarifikasi
Dheskripsi bageyan
Teks observasi
. Gunung Bromo kinupengan segara wedhi kang jembare kurang luwih 10 km persegi, misuwur anane sunrise sing saben-saben dienteni dening para wisatawan. Ing pucuke gunung Bromo katon kawah sing ajeg nyemburake geni lan kukus, nduweni dhiameter kurang luwih 800 meter yen diukur saka arah lor nganti sisih kidul, lan kurang luwih 600 meter saka arah wetan nganti pinggire kawah sisih kulon. Ana papan sing dianggep mbebayani tumrape pangunjung, yaiku papan radhius 4 kilometer saka kawah.
Teks ing dhuwur klebu struktur.....
Idhentifikasi
Klarifikasi
Dheskripsi bageyan
Teks narasi
Tembung sing mratelakake tandang gawe (solah bawa) lan lumakune kahanan. Sinebut tembung apa.....
Kahanan
Kriya
Aran
LIngga
Manungsa (pulisi, tentara, sopir), kewan (kucing, jaran, pitik), wit-witan/woh-wohan (jambu, jati, jeruk, kacang), sepatu, lemari, sapu, keset, meja, kursi.
iku klebu jenis tembung apa...
Wilangan
Kahanan
Aran
Sesulih
Ki Hajar Dewantara nalika isih cilik asmane Raden Mas Soewardi Soeryaningrat, miyos ing Ngayogyakarta tanggal 2 Mei 1889. Panjenengane tedhak turune keluwarga kraton yaiku putra saka GPH Soeryaningrat lan wayahe (putune) Pakualam III. Nalika umur 40 taun banjur ganti asma Ki Hajar Dewantara kanthi tujuwan supaya bisa nyawiji marang masyarakat.
wacan kasebut klebu struktur teks....
Profil tokoh
Kedadeyan lan masalah
Reorientasi
Orientasi
Ki Hajar Dewantara nalika isih cilik asmane Raden Mas Soewardi Soeryaningrat, miyos ing Ngayogyakarta tanggal 2 Mei 1889. Panjenengane tedhak turune keluwarga kraton yaiku putra saka GPH Soeryaningrat lan wayahe (putune) Pakualam III. Nalika umur 40 taun banjur ganti asma Ki Hajar Dewantara kanthi tujuwan supaya bisa nyawiji marang masyarakat.
Sawise namatake sekolah dhasar ing ELS (sekolah dhasar jamane Walanda), banjur nerusake menyang STOVIA (sekolah dhokter Bumiputera), nanging amarga gerah panjenengane ora bisa namatake sekolahe. Sawise ngancik diwasa banjur nyambut gawe dadi wartawan ing pirang-pirangane surat kabar, kayata: Sedyotomo, Midden Java, De Express, Kaoem Moeda, lan sapanunggalane.
wacan ing dhuwur kang klebu orientasi yaiku....
Sawise namatake sekolah dhasar ing ELS, banjur nerusake menyang STOVIA.
Ki Hajar Dewantara nalika cilik asmane Raden Mas Soewardi Soeryaningrat.
Sawise dewasa banjjur nyambut gawe dadi wartawan.
Tujuwane ganti asma supaya bisa nyawiji karo masyarakat.
Sawise namatake sekolah dhasar ing ELS (sekolah dhasar jamane Walanda), banjur nerusake menyang STOVIA (sekolah dhokter Bumiputera).
Saka ukara ing ndhuwur kang klebu tembung kriya yaiku....
Sekolah Dhasar, STOVIA
Sawise. banjur
Namatake. Nerusake
Ing. Menyang
Kapribaden lan lelabuhane ing donyane pendhidhikan gedhe banget. Dhek tanggal 3 Juli 1922 ngedegake Perguruan Nasional Taman Siswa. Ya krana gedhene lelabuhane ing donyane pendhidhikan Ki Hajar Dewantara diangkat dadi Menteri Pendidikan, Pengajaran, dan Kebudayaan kang kapisan, nganti tanggal kelairane 2 Mei saben-saben taun dipengeti minangka dadi Hari Pendidikan Nasional.
wacan iku klebu unsur teks....
Kedadeyan lan masalah
Orientasi
Klarifikasi
Reorientasi
Ki Hajar Dewantara nalika isih cilik asmane Raden Mas Soewardi Soeryaningrat, miyos ing Ngayogyakarta tanggal 2 Mei 1889.
Tembung miyos ing ndhuwur tegese ....
LIwat
Metu
Lair
Lunga
Tembung- tembung ing ngisor iki klebu swara "a" miring .
mangan, macul, maca, kula
mangan,. manak. gula, maca
manak. lanang.macak.sawah
lanang. sawah. maca, gula
Tembung maca, lara, sapa, kacamata nduweni swara "a"....
jejeg
miring
setengah jejeg
setengah miring
Mlathi, siji, mili, keri, tembung tembung kang nduweni swara "i" ...
setengah jejeg
setengah miring
jejeg
miring
Swara "i" miring ana ing tembung ....
maling. siji, mlathi, kucing
mili. kucing, ijo, ireng
maling. kucing, ireng, kuping
kucing, putih, malih, kuning
Siji,loro,telu,papat.... klebu tembung
kahanan
sesulih
wilangan
andhahan
Zesika bocahe ayu tur lugu.
Tembung "ayu" iku klebu tembung...
kahanan
kriya
wilangan
sesulih
Zera wingi oleh biji basa jawa wolung puluh papat.
Kang klebu tembung wilangan yaiku...
biji basa jawa
wolung puluh papat
wingi oleh biji
zera wingi oleh biji
Kelvin iku gantheng, ning sayange bocahe jarang turu dadi mripate suthup.
Tembung kang katulis miring iku klebu tembung...
Sesulih
Kahanan
Wilangan
Aran
Diva pinter gawe parikan lan deweke juwara 1 nalika agustusan wingi.
Kang klebu tembung aran yaiku...
Gawe, juwara
Pinter, parikan
Diva, parikan
Deweke, Diva
