NEW
Font size
WorksheetsLatihan Soal Drama Modern Kelas 9A
Total questions: 20
Worksheet time: 20mins
1. Sumber ceritane bebas
2. Ceritane bisa dipukake saka buku-buku babad, roman, dongeng, cerita rakyat
3. Bisa nyeritakake cerita penguripan jaman saiki
Ukara-ukara ing nduwur kuwi kelebu ciri-cirine….
Drama tradisional
Drama Modern
Cerita rakyat
Cerita cekak
Gatekna pethilan cerita drama ing ngisor iki!
Sawise pamitan lan ngucapake salam marang ibune, Ria terus budhal sekolah. Kanca-kancane wis padha ngenteni ing ngarepan, ana Fenti, Tari, lan Sinta. Bocah papat padha budhal sekolah mlaku bebarengan. Ora adoh saka papan kono, bocah-bocah weruh wong tuwa lanang sing lagi ngorak-ngarik tong sampah.
Latar jroning pethilan cerita ing nduwur yaiku ing….
Panggonan sampah
omahe Ria
embong
taman
Pacelathon kang kudu diucapake para paraga diarani....
Tema
Paraga
Alur
Dhialog
Paraga kang dadi lakon drama sing nduweni watak ala diarani....
antagonis
protagonis
tritagonis
tengah-tengah
Wong sing tugase mimpin lan ngatur lumakune drama yaiku....
Actor
Figuran
narator
sutradara
Unsur unsur drama modern dibagi dadi loro yaiku....
instrinsik lan ekstrinsik
bahasa lan paraga
watak lan tema
plot lan alur
Orientasi yaiku sawijining struktur teks drama kang duwe teges ..
Para paraga diadhepake ing prakara (konflik) dhewe-dhewe nganthi klimaks
Para paraga di kenalake watake, uga dhapuke ing drama
Para paraga wis nemokake cara kanggo ngrumpangake prakarane (pelarian)
Pesen utawa nilai-nilai moral kang di sampekake marang pamiarsa
Drama asale saka tembung
Dramer
Dramoi
Draman
Drams
bapak: Ibu, anakke dhewe ngunduri gedhe, ayo enggal-enggal disiapake dana pendidhikane.
ibu: iya pak, iki ibu wis usaha nyimpen saka sisane dhuwit belanja. (karo maca daftar menu makanan sing arep dipesen)
saka pacelathon kasebut, settinge ana ing...
omah
warung
rumah makan
meja makan
Eksposisi, konflik, klimaks, anti klimak, resolusi. Iku kalebu urutaning : ....
Tema
Alur
Latar
Amanat
Kang nglantarake crita, njlentrehne kanthi ringkes gegambaran isine crita. adate ana ngarep/pambuka,diarani ......
epilog
monolog
dhialog
prolog
Wacanen pethikan pacelathon iki!
Rini : Bu, punapa enjing punika ibu tindak dhateng peken/pasar?
Ibu : Ya, mesthine ta, Rin. Janganan sing ana kulkas ya wis entek. Bik Sumi sing gawene ngiderke blanjane, dinane iki wis pamit yen ora dodol.
Rini : Nuwun sewu nggih, kula nyuwun ditumbasaken bubur campur, nggih.
Ibu : Iya, mengko daktukokake.
Latar wektu saka pethikan pacelathon kasebut yaiku ...
Ing pasar
Bakul blanja
Nalika sarapan
Wayah esuk
kedadeyan kang isine ngenani masalah masalah kang diadepi paraga diarani....
konflik
crita
anti konflik
klimaks
paraga kang dadi sumber crita yaiku....
tokoh figuran
tokoh pembantu
tokoh utama
tokoh kunci
Pesan moral kang disampekake penulis naskah drama diarani....
penutup
amanat
pesan drama
latar
Ing ngisor iki kang kelebu drama modern, kajaba....
Andhe-Andhe Lumut
Preman Pensiun
Tukang Ojek Pengkolan
Tukang Bubur Naik Haji
Rudi turu ing amben, nglindur njerit-njerit njaluk tulung ibune.
ibune kang lagi saka pawon, kanthi gupuh cepet-cepet nggugah
Rudi.
Ibu : Le… tangi le! (karo ngoyak-ngoyak rudi)
Rudi : Ibu… (njerit, kanthi ngos-ngosan) kula ajeng dibakar
tiyang buk.
Ibu : Dibakar apa ta le? wong awit mau awakmu turu wae
ngono lho.
Rudi : Dadi aku mau mung nglindur buk? (bungah)
puji Gusti…. (ngrangkul ibune)
Pethikan teks drama ing dhuwur yen katitik saka struktur teks
kalebu peranganane....
eksposisi
klimaks
komplikasi
ending
Tingkah polahe paraga nalika meragake teks drama diarani ….
interpretasi
ekspresi
olah tubuh
olah vokal
Sudra: Menawi ngaten Mbah, panjenengan menawi tindakan kedah wonten ingkang ngancani, supados aman, mboten wonten kedadosan ingkang mbebayani kados kalawau.
Mbah Surantani: Iya Le, pancen bener sing mbokkandhakake. Iki mau bojoku lagi masak, anakku padha wis kerja dhewe-dhewe lan putuku ya padha sekolah. Karepku ngono wae supaya ora ngrepoti sapa-sapa. Lha…jebul kok malah ngrepoti kowe kabeh. Sepurane ya Le Mbahe ki? Matur nuwun saka pitulunganmu, aku ora durung bisa mbales kebecikanmu…, Muga-muga Gusti Allah ingkang mbales ya, Le?
Pethikan teks drama rupa dhialoge Sudra ing dhuwur migunakake
basa....
ngoko lugu
krama lugu
ngoko alus
krama alus
Para paraga diadhepake ing parakara (konflik) dhewe-dhewe nganthi klimaks , kelebu struktur teks drama sing diarani...
Komplikasi
Koda
Resolusi
Orientasi
