wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS Gasal Basa Jawa XI 2020-2021

Total questions: 40

Worksheet time: 1hrs 20mins

Name
Class
Date
1.

Ngelmu iku, kalakone kanthi laku

Lekase lawan kas

Tegese kas nyantosani

Setya budya pengekese dur angkara


Tembang ing dhuwur kalebu jinising tembang …

a)

Pocung

b)

Kinanthi

c)

Gambuh

d)

Asmarandana

e)

Sinom

2.

Ngelmu iku, kalakone kanthi laku

Gatra ing dhuwur, tegese …

a)

Ngelmu iku bisa digoleki kanthi usaha

b)

Ngelmu iku bisa digoleki kanthi gampang

c)

Ngelmu kuwi ana yen disambi kerja

d)

Ngelmu kuwi tanpa digoleki

e)

Ngelmu kuwi namung tulisan

3.

Kang ora kalebu jinising tembang macapat yaiku ...

a)

asmaradana

b)

dhandhanggula

c)

durma

d)

pocung

e)

wedhatama

4.

Pathokan panulise tembang macapat kang ngemot cacahe wanda (suku kata) saben sagatra yaiku …

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

purwakanthi

e)

dhong-dhing

5.

Pathokan panulise tembang macapat kang ngemot cacahe larik (baris) saben sapada yaiku ….

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

purwakanthi

e)

dhong-dhing

6.

Pathokane tembang Pocung, yaiku …

a)

Gatra : 4, Lagu: u,a,i,i, wilangan: 12,11,12,8

b)

Gatra : 4, Lagu: u,a,i,a, wilangan: 12,6,8,12

c)

Gatra : 4, Lagu: u,a,i,u, wilangan: 12,6,8,12

d)

Gatra : 4, Lagu: a,i,a,u wilangan: 12,6,6,11

e)

Gatra : 4, Lagu: u,a,i,i, wilangan: 12,6,6,11

7.

Gatekna tembang ing ngisor iki !

Nora weruh, rosing rasa kang rinuruh

Lumeketing angga

Anggere padha marsudi

Kana-kene kahanane nora beda


Cacahe guru wilangan kang paling akeh mapan ana ing gatra ...

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

e)

5

8.

Dadi uwong kudu sregep sing sinau

Aja dha sembrana

Ilmu mesti migunani

Kanggo awak dhewe bangsa lan negara


Guru lagu ana ing gatra kapisan lan katelu unine ...

a)

a,i

b)

i,u

c)

u,i

d)

e,u

e)

0,i

9.

Nora weruh, rosing rasa kang rinuruh

Lumeketing angga

Anggere padha marsudi

Kana-kene kahanane nora beda


Tegese tembung “marsudi” ana tembang ing dhuwur yaiku ...

a)

ngudi, nggegulang supaya bisa

b)

sregep

c)

tumindak

d)

kekarepan

e)

sinau

10.

Tembang Pocung kalebu tembang kang kapethik ana ing serat ...

a)

serat Wulangreh

b)

serat Centhini

c)

serat Wedhatama

d)

serat Cebolek

e)

serat Kalatidha

11.

Tembang Pocung iku nggambarake ...

a)

layon, mati

b)

wektu nalika lair

c)

ngungkuri kekadonyan

d)

rasa katresnan

e)

wektu nom-noman

12.

Bapak pocung, bisa nggereng bisa mbengung

Ngambah jumantara

Kaya manuk rajawali

Wira-wiri nggawa barang lan manungsa


Saka tembang Pocung cangkriman ing dhuwur wangsulane utawa batangane yaiku ...

a)

HP

b)

montor mabur

c)

sepur

d)

klenthing

e)

gunting

13.

Bapak pucung mlungker mlungker dudu kalung

Manggonmu neng tangan

Jarum mlaku rino wengi

Ngembrug wektu si pucung kagunan guna


Saka tembang Pocung cangkriman ing dhuwur wangsulane utawa batangane yaiku ...

a)

Kalung

b)

Ula

c)

Gelang

d)

Jam tangan

e)

Ali-ali

14.

Nilai kang uga menehi lan nglestarekake budaya lan adat masyarakat tuladhane pamaca bisa ngerteni kabudayan ing papan utawa dhaerah liya diarani …

a)

Nilai sosial

b)

Nilai etik

c)

Nilai hedonik

d)

Nilai koleksi

e)

Nilai kultural

15.

Karya sastra awujud prosa kang misuwur, pangartosan saking ...

a)

Sesorah

b)

Novel

c)

Cerkak

d)

Pawarta

e)

Wawan rembug

16.

Wong kang nulis novel iku diarani ...

a)

pengarang

b)

novelis

c)

filatelis

d)

penulis

e)

penggurit

17.

Novel iku asale saka tembung novella kang mujudake tembung ing basa ...

a)

Arab

b)

Inggris

c)

Prancis

d)

Italia

e)

Spanyol

18.

Kang kalebu titikane novel yaiku ...

a)

cacahe paraga mung sithik

b)

cacahe paraga bisa akeh

c)

lumrahe kedadeyan saka 1000 tembung

d)

diwaca sakeplasan

e)

perkara kang dicritakake akeh

19.

Crita kang njlentrehake kedadeyan kepungkur gunakake alur ...

a)

maju

b)

mundur

c)

campuran

d)

ngarep

e)

mburi

20.

Paraga kang dadi lakon crita utawa pemeran utama diarani ...

a)

antagonis

b)

tritagonis

c)

protagonis

d)

stratagonis

e)

lakon tambahan

21.

Perangan kang kamot ide pokok utawa prakara utama kang ndasari lakuning crita novel yaiku …

a)

Tema

b)

Setting

c)

Punjering crita

d)

Penokohan

e)

Alur

22.

Perangan novel kang ngatur rerangkening kadadeyan diarani …

a)

Tema

b)

Setting

c)

Punjering crita

d)

Penokohan

e)

Alur

23.

Papan lan wektu kedadeyan ing novel diarani …

a)

Alur

b)

Latar

c)

Paraga

d)

Watak

e)

Tema

24.

Perangan novel kang nggambarake karakter kanggo paraga yaiku…

a)

Tema

b)

Setting

c)

Punjering crita

d)

Penokohan

e)

alur

25.

Setitekna crita ing ngisor iki !

Angin sumilir nemahi pucuk pring, obah ngiwa obah nengen prasasat njoged nuting wirama. Wit kang mapan ana tengah padha empet-empetan, swarane ngak-ngik. Kapyarsa saking mandrawa yayah swarane suling. Ngumandhang ing awang-awang, ngimbuhi endahing karang padesan. Iku kabeh tandha murahing Gusti Kang Maha Kuwasa.


Unsur kang dicawisake ana ing sajroning crita yaiku ...

a)

amanat

b)

tema

c)

paraga

d)

latar

e)

alur

26.

Setitekna pethilan novel ing ngisor iki !

Angin sumilir nemahi pucuk pring, obah ngiwa obah nengen prasasat njoged nuting wirama. Wit kang mapan ana tengah padha empet-empetan, swarane ngak-ngik. Kapyarsa saking mandrawa yayah swarane suling. Ngumandhang ing awang-awang, ngimbuhi endahing karang padesan. Iku kabeh tandha murahing Gusti Kang Maha Kuwasa.


Adhedhasar isine, pethilan novel kasebut mapan ana ing ...

a)

Alas

b)

Desa

c)

Sawah

d)

Omah

e)

Kutha

27.

Kang mangaribawani (mempengaruhi) sawijining novel dianggit iku saka unsur ekstrinsike. Dene kang kalebu unsur ekstrinsik yaiku ...

a)

setting

b)

tema

c)

amanat

d)

alur

e)

sosial

28.

Njelntrehake sawijining idhe/gagasan ing sangarepe wong akeh diarani …

a)

Sesorah

b)

Novel

c)

Cerkak

d)

Pawarta

e)

Wawan rembag

29.

Assalamu’alakum wr.wb

Nuwun

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang winantu ing pakurmatan. Bapak/Ibu guru saha karyawan/karyawati ingkang kula urmati. Kanca-kanca siswa-siswi ingkang kabagyan. Puji syukur konjuk ngersanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang kepareng paring rohmat dhateng panjenengan lan kula, satemah saged pinangih ing papan ngriki kanthi wilujeng. Mugi kasarasan, kawilujengan, miwah kanahgyan katumprapan dhumateng panjenengan dalasan kula.

Ing kalodhangan punika kangge mahargya dinten BEBAS NARKOBA, kula ngajak dhateng para tamu, mliginipun kanca-kanca, mangga sesarengan sami nyuksesaken progam pamerintah ingkang gadhah pangajab BEBAS NARKOBA TAHUN 2020. Awit saking kathahing kedadosan ingkang sampun kaetang, makaping-kaping korban ingkang ngginakaken narkoba tansaya mindhak.

Bapak/Ibu ingkang kula kurmati, dalasan kanca-kanca ingkang winantu ing suka basuki. Cekap semanten atur kula. Sakatahing atur, kula nglenggana kathah kekirangan kula, pramila sedaya kekirangan kala wau nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum,wr. wb


Pratelan kasebut kalebu perangan teks....

a)

Pawarta

b)

Sesorah

c)

Pranatacara

d)

Wawan rembag

e)

Atur pambagyaharja

30.

Ukara "Assalamualaiakum, wr. wb" kalebu perangan…

a)

Pambuka

b)

Salam pambuka

c)

Isi

d)

Pangajab

e)

Panutup

31.

Ukara “Ing kalodhangan punika kangge mahargya dinten bebas narkoba, kula ngajak dhateng para tamu, mliginipun kanca-kanca, mangga sesarengan sami nyuksesaken progam pamerintah ingkang gadhah pangajab bebas narkoba tahun 2020. Awit saking kathahing kedadosan ingkang sampun kaetang, makaping-kaping korban ingkang ngginakaken narkoba tansaya mindhak”. Kalebu perangan....

a)

Salam pambuka

b)

Pambuka

c)

Isi

d)

Pangajab/pangarep-arep

e)

Panutup

32.

Ukara “Wassalamualaikum, wr. wb” kalebu perangan …

a)

Salam pambuka

b)

Pambuka

c)

Isi

d)

Panutup

e)

Salam panutup

33.

Ukara “Bapak/Ibu ingkang kula kurmati, dalasan kanca-kanca ingkang winantu ing suka basuki. Cekap semanten atur kula. Sakathahing atur, kula nglenggana kathah kekirangan kula, pramila sedaya kekirangan kala wau nyuwun pangapunten”. Kalebu perangan ….

a)

Salam pambuka

b)

Pambuka

c)

Isi

d)

Pangajab

e)

Panutup

34.

Supaya anggone sesorah bisa kaleksanan kanthi becik, mula ing sesorah kudu nggatekake….

a)

Basa, busana, swara, lan solah bawa

b)

Basa, rambut, swara, lan solah bawa

c)

Basa, panggonan, make-up, lan solah bawa

d)

Basa, suasana, swara, lan solah bawa

e)

Basa, klambi, rambut, lan solah bawa

35.

Metodhe sesorah cacahe ana ...

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

e)

5

36.

Ancas saking sesorah yaiku....

a)

Kanggo manas-manasi wong liya

b)

Kanggo menehi hadiah wong liya

c)

Kanggo menehi informasi, hiburan, lan hamemilut wong liya

d)

Kanggo menehi busana wong liya

e)

Kanggo menehi kawilujengan wong liya

37.

Kang dudu urut-urutane sesorah yaiku …

a)

Salam pamuka

b)

Atur pakurmatan

c)

Puji syukur

d)

Panutup

e)

Adangiyah

38.

"Kula minangka sesulihipun Ibu saha Bapak Dokter Wijaya sakulawarga …"

Tembung sesulih tegese …

a)

Wakilipun

b)

Gantosipun

c)

Anakipun

d)

Seduluripun

e)

Kancanipun

39.

Gatekna tembung ing ngisor iki !

1) Bapak kepala Dukuh

2) Para sesepuh pinisepuh

3) Para ‘alim para ulama

4) Para rawuh sedaya kakung miwah putri

5) Bapak lurah

Urut-urutane pakurmatan kang bener ing sawijining sesorah yaiku ….

a)

1-2-3-4-5

b)

5-4-3-2-1

c)

2-3-5-1-4

d)

5-2-4-1-3

e)

2-3-5-4-1

40.

Sedaya atur kula ingkang mboten sae, saha mboten nuju prana dhateng penggalih panjenengan sedaya kula nyuwun …

a)

Pangaksami

b)

Penyengkuyung

c)

Karahayon

d)

Pambiyantu

e)

Deduka ingkang kathah