NEW
Font size
WorksheetsBasa Rinengga
Total questions: 35
Worksheet time: 35mins
Waahh!!
Isih cilik kok ...... ana apa wae sing bisa dijupuk ya jupuk.
Tembung sing trep kanggo ngisi ceceg - ceceg ing dhuwur iku ...
gedhe endhase
dawa tangane
adus kringet
rai gedheg
Tegese tembung entar, rai gedheg, yaiku ...
wong kang ora nduweni isin
wong kang sifate kaya gedheg
wong kang ala
wong kang nduweni isin
Tembung entar sing nduweni teges : omongane mencla - mencle, iku ...
dawa tangane
lunyu ilate
lamis lambene
landhep pikire
Isinen ceceg-ceceg gawe tembung sing trep!!
Patih Gajahmada mimpin kerajaan ..... saengga rakyat padha bungah.
campur bawur
ayem tentrem
gagah prakoso
adil wicaksana
Coba pilihen salah siji kang kalebu purwakanthi swara.
bobot, bibit, bebet
inggih Inggih nanging mboten kepanggih
kula sakmangke kelas kalih, kalih rencang kula sampun kulina
sluman, slumun, lan slamet
Yen kowe arep budhal lunga adoh, ibumu mesti menehi papeling supaya ati ati.
Yen ing purwakanthi iku ...
alon-alon waton kelakon
ora gendheng ora madhang
Sing salah ora musti kalah
ora gendheng ora mangan
Kancaku tuku buku, bukune cacahe ana telu, telung tahun suwine aku sekolah, sekolah ing jurusan basa, basa jawa iku ngajarake tata krama.
Unen-unen ing dhuwur kalebu ...
paribasan
bebasan
purwakanthi basa
saloka
Yen mengko awakmu arep golek pasangan urip aja nganti lali di pirsani bibit, bebet, bobot.
Tegese bibit, bebet, lan bobot yaiku,,,
Cikal bakal keturunan, ilmu kang diduweni, lan cara pola asuh ing keluwargane
Cikal bakal keturunan, ilmu kang diduweni, harta kang diduweni
Harta kang di duweni, ilmu kang diduweni, lan cara pola asuh ing keluwargane
Abote bobot awake, ilmu kang diduweni, lan cara pola asuh ing keluwargane
adoh-adoh diparani, bareng wis tekan dilewati batangane yaiku ....
stasiun
lawang
salak
nanas
Unen unen kang kalebu paribasan iku ...
ula marani gepuk
mabok nyilih tangan
bathok bolu isi madu
Gawe layangan kanggo ngurungi luwangan
Unen unen kang kalebu saloka yaiku...
rebutan balung tanpa isi
Kaya banyu karo lenga
Asu rebutan balung
nuruti layangn pedhot
Unen unen kng kalebu bebasan yaiku ...
Asu rebutan balung
Tega larang ora tega patine
Kebo mulih menyang kandhange
nguyahi segara
Shahrukh khan kuwi wong lnang ganteng tenan, luwih ganteng amarga irunge ....
nanggal sepisan
mucuk eri
ngundhup mlati
miji timun
Dian sasto wong wadon ayu manis banjur pinter, yen dheweke mesen ketara untune ...
miji timun
macan luwe
nawon kemit
nanggal sepisan
Nyaron bumbung,
Nganthi cengklungen anggonku ngenteni.
Tegese wangsalan ing dhuwur....
gulali
angklung
sawang
panggon
Ora mudhun-mundun yen ora nyawa mrica sak kanthong.
nanas
timun
kates
salak
Apa wancahane saka cangkriman iki:
Pak bomba pak lawa
Tapak kebo ana lelene satus
Tapak sapi tapak kebo dawa
tapak kebo tapak ula dawa
tapak sapi ciut tapak ula dawa
Pilihen Wancahan saka unen-unen iki : Pindhang kilang
sapi ning kandhang kaki menthelang
sapi ning kandhang sikile ilang
sapi ning kandhang sikile katut ilang
sapi ning kandhang lukune katut ilang
Njanur gunung,
Kadingaren dolan mrene
Tegese wangsalan ing dhuwur yaiku...
janur
aren
mrica
gunung
Jenang gula, apa kowe wis lali ?
Tegese wangsalan ing dhuwur yaiku...
gulali
aren
klapa
gelatin
Mung bisa ta sawang, ora bisa ta cekel.
Tegese cangkriman ing dhuwur...
banyu
angkasa
angin
de'e
Sarung jagung,
Abot enteng tak lakonane
Tegese wangsalan ing dhuwur yaiku...
genteng
robot
sarung
klobot
Bocah cilik seneng tlusap tlusup nang kebon
Kalebu....
Tegese...
cangkriman pepindhan - dom
tembung panyandra - tikus
tembung entar - dom
Cangkriman - tikus
Wah!! Isih enom kok njangan gori.
Tegese wangsalan ing dhuwur...
budheg
degan
jangan tewel
dheg-dhegan
Pak Raden gagah prakoso amarga ana brengose ....
Pak Raden gagah prakoso amarga ana brengose ....
Nawon kemit
nguler keket
nyelang cendhani
Basa rinengga yaiku....
Basa sing dipaesi utawa basa kang endah
Basa kang angel dingerteni
Basa Jawa kang alus banget
Basa Jawa kulonan
Biyasane basa rinengga digunakake ana ing ngisor iki, kajaba....
parikan
geguritan
panyandra temanten
artikel
Ancik-ancik pucuking eri
Unen-unen kasebut kalebu....
paribasan
saloka
bebasan
parikan
Tembung saroja nduweni fungsi kanggo....
Menehi rasa endah
Nambahi rasa mbangetake
Njelasake teges
Nambahi rasa cetha
"Pak Tarno adus kringet kanggo nguripi kulawargane lan nyekolahake putrane"
Tembung adus kringet kalebu tembung....
entar
wangsalan
cangkriman
saroja
Sampun sawatawis dangu sri pinanganten lenggah ing sasane kursi rinengga kinebutan dening elaring manyura, kongas gandhane kadya bethari supraba.
Teks pranata adicara ing ndhuwur ditujokake kanggo nyandra....
bapak lan ibu
manten kakung
manten putri
prosesi temu manten
Purwakanthi kang ana tembung dibaleni diarani purwakanthi guru....
lagu
swara
wilangan
lumaksita
Einstein kawitan lahir wis ..... dadi bisa nemokake rumus kang manfaat nganti saiki.
Tembung sing trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur iku...
mogel ilate
Jembar kawruhe
gedhe endase
dawa tangane
Isinen ceceg-ceceg gawe tembung sing trep!!
Dewi Gendari nglahirake .... ora mung siji, nangging cacahe langsung 100, kang biasa kasebut Kurawa.
sato kewan
gagah prakosa
ayem tentrem
jabang bayi
Isinen ceceg-ceceg gawe tembung sing trep!!
Balikan wayah penjajahan Walanda rakyat Indonesia keadaane akeh sing ..... adoh banget saka keadaan urip sing
carut marut - adil wicaksana
Ayem tentrem - carut marut
kuru angking - ayem tentrem
Adil wawancara - kuru angking
