wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ULANGAN TENGAH SEMERTER BASA JAWA KELAS 9A

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Dinas Pemberdayaan Masyarakat dan Desa (PMD) Provinsi Jawa Timur taun 2020 iki nganakake kegiyatan lomba kreasi lan inovasi teknologi tepat guna (TTG) ing bidhang tetanen. Kegiyatan lomba iki dieloni dening 32 kelompok perwakian saka saben-saben kabupaten sa-provinsi Jawa Timur. Jroning lomba kasebut ana salah siji peserta asal saka kabupaten Blitar sing jenenge Supandi kasil nemokake alat modhifikasi mesin kompa banyu sedherhana dirancang dadi mesin utawa alat kanggo mipil jagung sing gampang digunakake dening para among tani

Ing ndhuwur iku perangann teks wujud..

a)

Dhefinisi Umum

b)

Dheskripsi bageyan

c)

Dheskripsi manfaat

d)

Observasi

2.

Kanthi anane alat modhifikasi iki tibake luwih penak lan luwih efektik menawa digunakake kanggo mipil jagung. Regane alat iki ora sepira larang yen dibandhing karo mesin giling gedhe. Sapaket alat iki mung diregani Rp 750.000,- menawa nggunakake kompa banyu bekas. Hla yen kompa banyune anyar diregani Rp 950.000,-. Mesin iki kelemahane menawa listrik mati ora bisa digunakake.

Wacan ing ndhuwur klebu ....... teks observasi.

a)

Dhefinisi Umum

b)

Dheskripsi bageyan

c)

Dheskripsi manfaat

d)

Komplikasi

3.

Upama ora ana covid 19 awake dhewe isa mlebu sekolah ya.

Klebu ukara....

a)

Sananta

b)

Pawarta

c)

Pamenging

d)

Sambawa

4.

Uwuh organik bisa diolah dadi kompos.

Klebu ukara...

a)

Pawarta

b)

Panguwuh

c)

Sambawa

d)

Sananta

5.

Menawi badhe sare samenika, mangga kula aturi dhahar rumiyin!

Ukara kasebut nggunakake basa

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus/andhap

c)

Krama lugu

d)

Krama alus/andhap

6.

Ukara ngoko alus sing pener yaiku..

a)

Pak Lurah tindak Blitar nitih sepur

b)

Pak camat awan durung dhahar lo, mulane kowe metua dhisik!

c)

Pak Camat mau nggawa blangko kanggo ngajokne KIP

d)

Pak Lurah ngasta jajan kagem mbah Karyono

7.

Sampeyan kalawingi menapa tamtu kesah kaliyan Hadi?

ing ndhuwuwr klebu basa....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

8.

Ukara nganggo basa krama alus sing pener yaiku...

a)

Sampeyan mau apa wis dhahar

b)

Panjenengan tindak tindak jam pira

c)

Kula badhe tumbas sega pecel wae

d)

Serat menika mangke badhe kula caosaken dhateng panjenengan.

9.

Aksara kang dienggo nulis tembung-tembung manca kang pangucapane kudu dicethakake, khususe tembung-tembung saka basa Arab disebut....

a)

Aksara Murda

b)

Aklsara Dentawiyanjana

c)

Aksara rekan

d)

Aksara swara

10.

Kanggo mbedakake antarane angka jawa lan aksara jawa ing tulisan jawa digunankake....

a)

Pada lingsa

b)

Pada pangkat

c)

Pada lungsi

d)

Pada adeg adeg

11.

Angka jawa kang padha karo aksara jawa "GA" yen ditulis angka padha karo....

a)

1

b)

2

c)

3

d)

8

12.

Nulis nganggo aksara rekan iku nggunankake...

a)

Cecak ing ndhuwure aksara

b)

Layar 3 ing ndhuwure aksara

c)

Cecak 3 ing ndhuwure aksara

d)

Layar ing nduwure aksara

13.

ꦏ꦳ꦫꦩ꧀ ..... Yen ditulis latin unine

a)

Kharim

b)

Kharam

c)

Kharama

d)

Kharima

14.

ꦠꦺꦭꦺꦥ꦳ꦶꦱꦶ yen ditulis nganggo aksara latin yaiku...

a)

teleskop

b)

telegram

c)

televisi

d)

telepisi

15.

꧋ꦱꦼꦥꦠꦸꦏꦸꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧔꧒꧇꧉ yen ditulis aksara latin yaiku..

a)

Sepatuku ana 32

b)

Sepatuku nomer 42

c)

Sepatuku ana 42

d)

Sepatuku nomer 32

16.

꧋ꦠꦲꦸꦤ꧀꧇꧑꧙꧖꧗꧇ꦲꦏꦸꦢꦸꦫꦸꦁꦭꦲꦶꦂ꧉ diwaca...

a)

Taun 1947 aku durung lair

b)

taun 2005 aku durung lair

c)

Taun 2001 aku durung lair

d)

Taun 1967 aku durung lair

17.

Iguh pratikel anggone mernata pagelaran drama. disebut,,,,,

a)

Flash back

b)

Montase

c)

monolog

d)

Prolog

18.

Paraga sing dadi panengah antarane paraga utama karo paraga antagonis. disebut...

a)

Paraga utama

b)

Paraga antagonis

c)

Paraga tritagonis

d)

Paraga protagonis

19.

Paraga drama nalikane guneman (omong-omongan) ijen ing panggung. Disebut...

a)

Prolog

b)

Epilog

c)

Monolog

d)

Dialog

20.

Improvisasi iku padha karo...

a)

mobah mosiking paraga manut sutradara

b)

tetembungan sing diucapake nalika kanggo mungkasi pagelaran sawijining drama.

c)

mobah mosiking polatan sing dilakoni dening para paraga drama nalikane pentas.

d)

Mobah mosike paraga drama kanthi dadakan manut situasi lan kondhisi.