wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ULANGAN TENGAH SEMESTER BASA JAWA KELAS 8C

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Karepe Mugiman sepele. Mung arep mbiyantu bapake sing thenger-thenger ssaben dina merga ora nduweni paitan kanggo dodol trompet. Sanadyan paitan wis ana nanging gunggunge ora sepira.

Saka ukara ing ndhuwur klebu struktur teks...

a)

Komplikasi

b)

Orientasi

c)

Resolusi

d)

Instriksik

2.

a. critane ora dawa (critane langsung tamat),

b. isine padhet,

c. ukarane ringkes,

d. basane mentes tur gampang dingerteni.

ing ndhuwur iku ciri-cirine ...

a)

Crita sambung

b)

Crita gancaran

c)

Crita cekak

d)

Crita pendek

3.

Unsur sing ana ing njerone crita...disebut

a)

Instrinsik

b)

Ekstrinsik

c)

Orientasi

d)

Resolusi

4.

“Wis, wis, wong tuwa padha sembrana, yen nganti kesiku tenan terus kepriye?” panyelane sisihane Pandaya bareng wis ngerti dhodhok selehe kiriman panggang ayam. Wong papat padha ngguyu bareng, Imam Supari nganti keselak-selak, dene Pandaya kang dadi sutradhara mripate nganti mbrebes mili marga anggone ngguyu.

Klebu unsur...

a)

Orientasi

b)

Kolaborasi

c)

Resolusi

d)

Intrinsik

5.

Panggang ayam saka sapa?”

“Hla embuh, jare Bu Tum saka warung Padha WaregNgraho, ngono.”

“Bu Tum Ngraho?” sing lanang sajak kaget.

“Hlo, kok sajak kaget. Mengko gek kleru tenan, ora nggo kene.”

“Hla sing ngeterke mau kandha piye?”

“Jare kagem bapak, marga saka bantuan njenengan, nggone dodol Bu Tum jare malih rame lan laris.”

“He? Wah gawat.”

“Gawat piye?”

“Mengko wae takcritani. Aja dipurak dhisik, aku takngundang wong-wong.”

“Ngundang sapa? Piye ta jan-jane?”

Klebu unsur teks..

a)

Kolaborasi

b)

Komplikasi

c)

Orientasi

d)

Resolusi

6.

“Kula nuwun!” uluk salame nalika ana ngarep lawang. Durung ana jawaban. Dibaleni, karo nothog lawang. Keprungu swara sandhal tumuju lawang. Kang uluk salam, mundur, nalika lawang arep dibukak saka njero.

“Punapa leres dalemipun Pak Pandaya?”

“Inggih leres.”

“Bapak wonten ndalem, Bu?”

Crita ing ndhuwur LATAR e ing .....

a)

Sekolahan

b)

Omah

c)

Kelas

d)

Kamar

7.

Sega karo panggang ayam wutuh, tambah lalaban.

klebu ukara...

a)

Pitakon

b)

Pakon

c)

Pawarta

d)

Sambawa

8.

Muga-muga warunge bu Tum bisa malih laris temenan!

Klebu ukara..

a)

Pitakon

b)

Pawarta

c)

Sananta

d)

Sambawa

9.

Kaanggo miwiti nulis ukara nganggo aksara jawa nggunakake...

a)

Pada lingsa

b)

Pada lungsi

c)

Pada adeg-adeg

d)

Pada pangkat

10.

Pada pangkat gunane kanggo..

a)

Ngapit ukara jawa

b)

Ngapit angka jawa

c)

Ngapit seselan

d)

Ngapit peprincenan

11.

tembung-tembunge ngoko kabeh ora kecampuran basa krama utawa basa krama inggil.

Iku titikane basa

a)

Ngoko alus/andhap

b)

Ngoko lugu

c)

Krama alus/andhap

d)

Krama lugu

12.

Panjenengan mengko sida tindak menyang Surabaya apa ora?

Klebu ragam basa...

a)

Ngoko alus/andhap

b)

Ngoko lugu

c)

Krama alus/andhap

d)

Krama lugu

13.

Ukara ing ngisor kang klebu basa krama lugu yaiku..

a)

Sampeyan apa tindak-tindak yen isuk

b)

Panjenengan kala wingi tamtu manggihi Pak RT

c)

Sikile Bapak kenekan paku reng

d)

Rencang-rencang kula mengke badhe mbekta pisang raja.

14.

Basa sing dipaesi utawa dipacaki supaya katon luwih endah, merbawani, lan ngresepake.

Iku disebut...

a)

Rura basa

b)

Saloka

c)

Paribasan

d)

Basa rinengga

15.

Rawe rawe rantas malang malang putung

Tegese...

a)

Tansah nduweni rasa sumelang

b)

Becik lan ala bakal ketara dewe

c)

Samubarang sing ngalang ngalangi bakal disingkirake

d)

Gelem penake ora gelem rekasane

16.

Sing pener nganggo basa krama alus yaiku..

a)

Panjenengan menapa sampun dhahar Pak.

b)

Sampeyan lungguh ing endi.

c)

Lagi iki lho Bapak maem sega pecel

d)

Panjenengan wis maem ta enjing wau.

17.

Tulung menthung.... unen unen iku klebu...

a)

Parikan

b)

Paribasan

c)

Bebasan

d)

Saloka

18.

Timun mungsuh duren ...

unen unen iku klebu....

a)

Parikan

b)

Paribasan

c)

Saloka

d)

Bebasan

19.

Ancik-ancik pucuking eri..klebu unen unen...

a)

Parikan

b)

Paribasan

c)

Bebasan

d)

Saloka

20.

Nulis koma yen nganggo aksara jawa nggunakake...

a)

Pada Adeg adeg

b)

Pada Lingsa

c)

Pada lungsi

d)

Pada pangkat