wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ULANGAN TENGAH SEMESTER 9C

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Kanthi anane alat modhifikasi iki tibake luwih penak lan luwih efektik menawa digunakake kanggo mipil jagung. Regane alat iki ora sepira larang yen dibandhing karo mesin giling gedhe. Sapaket alat iki mung diregani Rp 750.000,- menawa nggunakake kompa banyu bekas. Hla yen kompa banyune anyar diregani Rp 950.000,-. Mesin iki kelemahane menawa listrik mati ora bisa digunakake.

Klebu unsur teks....

a)

Dheskripsi umum

b)

Dheskripsi bageyan

c)

Dheskripsi manfaat

d)

Dheskripsi klarifikasi

2.

Supaya luwih gamblang bahan-bahan sing dibutuhake yaiku: mesin kompa banyu anyar utawa bekas (biasane merk Sanyo, Daf, Panasonic, lsp.); roda kanggo nggiles saka kayu dawane 45 cm dhiametere 5,5 cm; laker; streng A-17; ban sepedhah montor bekas; papan kayu 2 meter’ paku 2,5 cm, baut, lan siku wesi; kabel listrik lan stop kontak.

Klebu unsur teks....

a)

Dheskripsi umum

b)

Dheskripsi klarifikasi

c)

Dheskripsi manfaat

d)

Dheskripsi komplikasi

3.

Dinas Pemberdayaan Masyarakat dan Desa (PMD) Provinsi Jawa Timur taun 2020 iki nganakake kegiyatan lomba kreasi lan inovasi teknologi tepat guna (TTG) ing bidhang tetanen.

Klebu ukara......

a)

Pawarta

b)

Pitakon

c)

Pamenging

d)

Sambawa

4.

Ukara sambawa sing pener yaiku...

a)

Saupama aku bisa temenan, aku mesthi dadi tukang ngajatne.

b)

Suk sasi ngarep aku arep budhal maneh menyang perenge gunung Merapi.

c)

Sega karo panggang ayam wutuh, tambah lalaban.

d)

Baskom gedhe dibungkus taplak meja ditampani, banjur digawa memburi.

5.

Aksara rekan yaiku ....

a)

Aksara kang dienggo nulis tembung saka basa arab

b)

Aksara kang dienggo nulis tembung tembung manca

c)

Aksara kang dienggo nulis asmane leluhur, jenenge uwong,pangkat lan papan panggonan.

d)

Aksara kang dienggo nulis angka jawa

6.

Erika wingi wis melu Jambore daerah ing Banyuwangi.

Iku klebu basa ....

a)

Ngoko alus

b)

Ngoko lugu

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

7.

Panjenengan yen arep sare dhahara dhisik.

Klebu basa...

a)

Ngoko andhap/alus

b)

Ngoko lugu

c)

Krama andhap/alus

d)

Krama lugu

8.

Basa krama alus ana tuladhane...

a)

Bapak kaliyan Ibu sampun tindak wingi...

b)

Pak Lurah tindak Surabaya wingi sore

c)

Pak Camat lagi sidak ing Kelurahan Sumberurip

d)

Kula maem sega pecel saben dinten

9.

Basa krama lugu sing pener..

a)

Bapak kaliyan Ibu tindak Surabaya kala wingi dalu

b)

Kula maem sekul pecel saben ndinten.

c)

Pak Lurah maem apa Bu?

d)

Panjenengan sampun dhahar menapa dereng

10.

Basa kang tembunge ngoko kabeh disebut....

a)

Ngoko alus

b)

Krama alus

c)

Ngoko lugu

d)

Krama lugu

11.

kha ( ꦏ꦳ ) fa/va ( ꦥ꦳ ) dza ( ꦢ꦳ ) gha ( ꦒ꦳ ) za ( ꦗ꦳)

Aksara apa iku...

a)

Aksara Murda

b)

Aksara Swara

c)

Aksara Legena

d)

Aksara Rekan

12.

ꦥ꦳ꦏꦶꦂ

wacane...

a)

Phakir

b)

Fakir

c)

Parkir

d)

Faker

13.

ꦒ꦳ꦆꦧ꧀ Diwaca

a)

Ghibah

b)

Ghabib

c)

Ghoib

d)

Habib

14.

꧓ kena kanggo nulis angka ....ing aksara jawa

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

15.

꧋ꦱꦼꦥꦠꦸꦏꦸꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧔꧒꧇꧉ diwaca

a)

Sepatuku ana 32

b)

Sepatuku nomer 32

c)

Sepatuku ana 42

d)

Sepatuku nomer 42

16.

꧋ꦠꦲꦸꦤ꧀꧇꧑꧙꧖꧗꧇ꦲꦏꦸꦢꦸꦫꦸꦁꦭꦲꦶꦂ꧉

Diwaca..

a)

Tahun 1990 aku durung laih

b)

Tahun 1967 aku durung lair

c)

Tahun 1997 aku durung lair

d)

Tahun 1987 aku durung lair

17.

Para paraga diahepake utawa nduweni perkara dhewe-dhewe nganti tumekane klimaks.

Klebu unsur....

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Resolusi

d)

Pesen moral

18.

Tetembungan sing diucapake nalika kanggo mungkasi pagelaran sawijining drama.

a)

Prolog

b)

Monolog

c)

Epilog

d)

Dialog

19.

Iguh pratikel anggone mernata pagelaran drama.

Disebut

a)

Flash back

b)

Sutradara

c)

Audience

d)

Montase

20.

Mobah mosike paraga drama kanthi dadakan manut situasi lan kondhisi. Disebut...

a)

Montase

b)

Flash back

c)

Improvisasi

d)

Mimik