NEW
Font size
WorksheetsKuis B.Jawa Piwulang 3 Kelas 5
Total questions: 30
Worksheet time: 15mins
Bencana alam kang nate dumadi ing Jawa Timur sasi Februari 2014 yaiku ....
gunung mbledhos
lemah longsor
lindhu
banjir
Gunung Kelud uga sinebut Gunung ....
Kampud
Kemput
Kamput
Kempud
Gunung Kelud nalika mbledhos ngetokake material ing ngisor iki, kejaba ....
Awu
Watu
Krikil
Lemah
Gunung merapi yen meh mbledhos mesthi dikantheni karo metune ....
Wedhus etawa
Wedhus poel
Wedhus gembel
Wedhus gibas
Gunung Dieng yen mbledhos nganggo ngetokake ....
Gas amoniak
Gas bumi
Gas alam
Gas racun
Bencana alam ing ngisor iki dumadi, amarga saka pokale manungsa yaiku ....
tsunami
banjir
gunung mbledhos
lindhu
Pratelan ing ngandhap punika ingkang dados sebabipun banjir, kejaba ....
betonisasi
negori wit-witan ing wana
mbuwang uwuh ing lepen
gesering lempeng bumi
Banjir iku dumadi amarga saka pokale manungsa. Basa kramane banjir yaiku ....
bane
bena
beno
bone
Prilaku ing ngisor iki kanggo njaga amrih daur banyu ora keganggu, kejaba ....
mbabadi alas kanggo tegalan
akeh nandur wit-witan
ora gawe regede sumber banyu
nggunakake banyu sacukupe
“Ana kabar ing TV kang ngandharake sakehing bencana alam.” Tembung ngandharake tegese ....
nuwuhake
nyatakake
nerangake
nakokake
“Saben mangsa rendheng mesthi toyanipun mbleber nuwuhaken banjir.” Mangsa rendheng kuwi kosok balene mangsa ....
panas
ketiga
tandur
udan
Ing ngisor iki bencana alam kang dudu saka pokale manungsa, kejaba ....
Gunung mbledhos
Lindhu
Tsunami
Banjir
Ing ngisor iki prastawa dumadine udan, kejaba ....
Banyu ing segara nguap
Banyu ing segara dadi adhem
uape ngumpul dadi akeh ing angkasa, uap dadi es
kena angin tiba ing bumi dadi udan
Teks kang ngandharake babagan samubarang kanthi cetha, komplit, runtut, nganti sing maca andharan kaya-kaya bisa nyekel, nonton, ngrungokake apa wae kang dicritakake. Teks kasebut diarani ....
Teks dheskriptif
Teks naratif
Teks persuasif
Teks pawarta
Ing ngisor iki bab-bab kang kudu digatekake nalika maca pawarta, kejaba ....
Lafal kang cetha
Intonasi
Tempo kang cepet
Swara kang banter
Ing ngisor iki prilaku becik kanggo njaga amrih daur banyu ora keganggu, kejaba ....
Negori wit-witan kanggo gawe tegalan
Akeh nandur wit-witan
Ora gawe regede sumber banyu
Ora mbabadi alas sak senenge dewe
Ing ngisor iki sing dudu kahanan nalika Gunung Kelud mbledhos yaiku ....
bumi horeg
swara gleger
keluk ireng nggembuleng peteng
udan deres
Geneya Presidhen paring pangalembana marang pemerintah Jawa Timur?
Amarga penanganan bencana erupsi Gunung Kelud lumaku kanthi cepet
Amarga nuwuhake kurban jiwa
Amarga pendhudhuk diungsikake ing kemah kang ora pantes
Amarga penanganan bencana lumaku alon-alon nanging kelakon
Bumi horeg bebarengan karo swara mak gleger. Keluk ireng nggembuleng peteng. Saya dhuwur saya amba tebane mekrok kaya jamur gedhe. Gunung Kelud utawa Gunung Kampud mbledhos dina Kemis malem Jemuwah tanggal 13 Februari 2014. Maewu-ewu watu krikil lan awu diwutahake saka wetenge nganti sumebar teka ngendi-endi. Ora mung tlatah Jawa Timur ning awune kagawa angin nganti tekan Jawa Barat penere Bandung, Pangandharan, lan Bogor.
Isine andharan kang bener ing ngisor iki yaiku ....
Gunung Kelud mbledhos ngutahake watu, krikil, lan awu nganti tekan Jawa Barat.
Gunung Kelud mbledhos dina Kemis, 13 Februari 2014.
Gunung Kelud mbledhos dina Kemis, 13 Februari 2014, ngutahake watu, krikil, lan awu nganti tekan Jawa Barat.
Gunung Kelud mbledhos dina Kemis, 13 Februari 2014, dikantheni ngetokake wedhus gembel.
Gunung Kelud manggon ana ing tlatah ....
Jawa Barat
Jawa Timur
Jawa Tengah
Kota Surabaya
Sawise Gunung Kelud mbledhos, kang perlu diwaspadani para warga yaiku prastawa ....
lahar adhem
hawa panas
lahar panas
omahe kurugan awu
Sing dudu klebu kanthong-kanthong lahar adhem kanggo liwat miline lahar adhem yaiku kali ....
Kali Kuning
Kali Putih
Kali Abang
Kali Semut
Bubar mbledhose Gunung Kelud, kabeh sarana panguripan enggal ....
dinengke wae nunggu bantuan pamerintah pusat
didandani maneh
didandani sacukupe dhuwit warga
nunggu swadaya pamerintah dhaerah
Gunung Kelud mbledhose dina ... , tanggal ....
Kemis, 13 Februari 2014
Kemis, 14 Februari 2014
Kemis, 15 Februari 2014
Kemis, 16 Februari 2014
Pokok-pokok isine karangan kang ditulis sadurunge gawe karangan wutuh diarani ....
Cengkorong
Cengkorongan
Pager karangan
Kurungan
Ing ngisor iki pokok-pokok cengkorongan tema bencana banjir, kejaba ....
Wong-wong padha negori wit-witan ing alas utawa pereng gunung.
Wong-wong padha ngobongi alas kanggo gawe tegalan.
Wong-wong padha duwe pakulinan ala mbuwangi uwuh ana ing kali.
Wong-wong padha nutupi lemah nganggo paving.
Ing ngisor iki pokok-pokok cengkorongan tema lindhu, kejaba ....
Ujug-ujug krasa bumi horeg
Kabeh bangunan tetep ngadeg ora ambruk
Akeh kurban jiwa amarga wong-wong pada kebrukan omah, bangunan lan sapanunggalane.
Kahanan iki nuwuhake rasa prihatin sedulur ing saindenging negara kita.
Bencana alam lindhu ana ing Kutha Padang, Sumatra Kulon kedadeyan ing sasi ... taun ....
Agustus, 2009
September, 2009
Oktober, 2009
Nopember, 2009
Kahanan nalika bencana lindhu nrajang Kutha Padang yaiku ....
Pendhudhuke biyasa wae
Bangunan sekolah, kantor pamerintah, omah pendhudhuk padha ambruk
Kagiyatan tetep lumaku kaya biyasane.
Ora ana kurban
Sumbangan ing ngisor kang ora pantes diwenehake kanggo kurban bencana lindhu ....
Buku lan Hp
Obat lan kemah/tendha
Sandhangan lan kemul
Pangan lan susu
