wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ulangan Bahasa Jawa_Gemi Nggunakake Energi

Total questions: 25

Worksheet time: 19mins

Name
Class
Date
1.

Daya sing digunakake kanggo nindakake pakaryan diarani ...

a)

watt

b)

energi

c)

gaya

d)

matahari

2.

Rembugan anatarane wong loro utawa luwih ngenani sawenehing bab dirani ...

a)

geguritan

b)

narasi

c)

pacelathon

d)

tembang

3.

Wis samestine kita kudu gemi marang energi kaya minyak bumi lan gas alam wiwit saiki, amarga ...

a)

jumlahe saya suwe saya akeh

b)

jumlahe saya suwe saya melimpah

c)

jumlahe saya suwe saya sathithik

d)

jumlahe saya suwe saya mbruwah

4.

Wong Jawa yen pacelathon diatur dening tata krama sing diarani ...

a)

unggah ungguh basa

b)

urut-urutane basa

c)

macem macem basa

d)

warna warni basa

5.

Basa jawa kang kadadean saka tembungtembung ngoko kabeh tanpa kecmapuran tembung krama diarani ...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Ngoko madya

d)

Ngoko asli

6.

Miturut unggah ungguh basa, ngoko lugu digunakake kanggo ...

a)

Pacelathon adhi marang kangmas utawa mbakyu

b)

Pacelathon bocah enom marang wong tuwo

c)

Pacelathon marang wong sing luwih dhuwur drajade

d)

Pacelathon wong tuwo marang bocah enom

7.

Basa jawa sing ukarane kecampur antarane tembung ngoko lan krama diarani ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

8.

Tata krama ing bab solah bawa (tingkah laku) diarani ...

a)

subasita

b)

unggah ungguh basa

c)

geguritan

d)

gancaran

9.

Mas Bima tumbas layangan kertas.


Tembung tumbas basa ngokone dadi …

a)

beli

b)

tuku

c)

bali

d)

lagi

10.

Supaya ora kentekan, kita kudu gemi nggunakake energi. Tembung gemi tegese padha karo ...

a)

awet

b)

utuh

c)

boros

d)

irit

11.

Bapak: "Dar, kowe wis mangan?"

Darno: ". . ."


Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing ndhuwur yaiku ...

a)

Inggih pak, sampun

b)

Inggah pak, wis

c)

Ya pa, wis

d)

Ya pak, sampun

12.

Ibu tumbas roti kanggo Darno lan Siti.


Ukara ing ndhuwur nggunakake basa ...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

13.

Bu Dewi: "Surti, kowe arep menyang endi?"

Surti: ". . ."


Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing ndhuwur yaiku ...

a)

menyang omah budhe

b)

menyang griane budhe

c)

dateng daleme budhe

d)

tindak griyane budhe

14.

Salah sijine ciri teks pacelathon yaiku ...

a)

wujude omong-omongan (imbal wacana)

b)

paragane mung wong siji

c)

migunakake ukara crita

d)

nganggo ukara sing dawa

15.

Ibu: "Srengengene wis mlethek. Yen arep budhal sekolah, aja lali lampune dipateni!"

Arka: "Inggih Bu, kula mboten ngantos kesupen. Matur nuwun."


Sing nindakake pacelathon ing ndhuwur yaiku ...

a)

Ibu lan Bapak

b)

Ibu lan Arka

c)

Arka lan Bapak

d)

Arka lan Rama

16.

Ibu: "Srengengene wis mlethek. Yen arep budhal sekolah, aja lali lampune dipateni!"

Arka: "Inggih Bu, kula mboten ngantos kesupen. Matur nuwun."


Pacelathon ing ndhuwur ditindhakake wayah ...

a)

isuk

b)

awan

c)

sore

d)

bengi

17.

Prilaku ing ngisor iki sing kalebu gemi marang energi yaiku ...

a)

Doni mari adus ora nutup kran

b)

Adit menyang sekolah numpak sepedha pancal

c)

Wayah awan lampu ing kamare Dinda isih murup

d)

Bapak menyang warung nitih motor

18.

Ing ngisor iki bab-bab sing kudu digatekake nalika nyimak pacelathon, kajaba ...

a)

topik

b)

paraga

c)

papan panggonan

d)

biaya

19.

Bu Rita: "Adam, Nabil lagi ngapa?"

Adam: "Kula kaliyan Nabil siram-siram Bu."

Nabil: "Inggih Bu, ngrencangi Mas Adam siram-siram."

Bu Rita: "Banyu sing kanggo siram-siram saka ngendi?"

Adam: "Toyanipun saking PDAM Bu."

Bu Rita: "Aja lali yen wis mari siram-siram, kran dipateni. Kita kudu irit banyu."


Topik pacelathon ing ndhuwur yaiku ...

a)

irit listrik

b)

irit bensin

c)

irit banyu

d)

urip rukun

20.

Bu Rita: "Adam, Nabil lagi ngapa?"

Adam: "Kula kaliyan Nabil siram-siram Bu."

Nabil: "Inggih Bu, ngrencangi Mas Adam siram-siram."

Bu Rita: "Banyu sing kanggo siram-siram saka ngendi?"

Adam: "Toyanipun saking PDAM Bu."

Bu Rita: "Aja lali yen wis mari siram-siram, kran dipateni. Kita kudu irit banyu."


Ukara sing digunakake Adam lan Nabil marang Bu Rita, nganggo basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

21.

Saben ukara ing teks pacelathon ngunakke ...

a)

ukara kandha (kalimat langsung)

b)

Ukara pakon (kaimat perintah)

c)

ukara pitakon (kalimat tanya)

d)

ukara panjaluk (kalimat permohonan)

22.

Bapak ... dhateng Solo.


Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku ...

a)

lunga

b)

tindak

c)

sare

d)

siram

23.

Aku arep tuku buku.


Basa krama alus kanggo ngowahi ukara ing ndhuwur yaiku ...

a)

Aku badhe tumbas buku

b)

Aku arep mundhut buku

c)

Kula badhe mundhut buku

d)

Kula arep tumbas buku

24.

Bu Guru nggawa tas.


Basa krama alus tembung nggawa yaiku ...

a)

mbeta

b)

nyangking

c)

ngasta

d)

pirsa

25.

Ibu ... sayur ing peken.


Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku ...

a)

tumbas

b)

kesah

c)

mundhut

d)

wangsul