wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Sesorah Basa Jawa

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Tujuan pidhato utawa sesorah ing ngisor iki kajaba….

a)

menehi informasi

b)

panglipur

c)

piwulang

d)

acara perpisahan

e)

pangajak

2.

Puji syukur kula aturaken dumateng ngarsanipun Gusti Allah swt awit sampun paring kesehatan, kekiyatan, saha keselametan. Karana menika panjenengan saha kula saged makempal wonten adicara silaturahmi.

Pratelan pidhato kuwi kalebu perangan….

a)

surasa basa/isi

b)

salam pambuka

c)

purwaka basa

d)

wasana basa/panutup

e)

pangajeng-ajeng

3.

Ukara ing ngisor iki kang klebu tuladhane wasana basa sesorah yaiku….

a)

Mekaten atur kula, menawi wonten kalepatan nyuwun pangapunten

b)

Matur nuwun bilih panjenengan sampun saged ngrawuhi wonten adicara menika

c)

Katur Panjenenganipun Bapak saha Ibu Guru saha Kepala Sekolah

d)

Mangga kula dherekaken ngunjuk syukur dumateng Gusti Allah

e)

Para rawuh ingkang tansah suka bagya

4.

Pidhato ing acara kesripahan iku duwe ancas….

a)

pambagya

b)

pangajak

c)

panglipur

d)

kabar

e)

pitudhuh

5.

Soroting mripat nalika maca teks pidhato becike….

a)

tunuju ing pamireng diselingi ing teks

b)

mandhuwur karo maca teks

c)

mangisor karo maca teks

d)

jlalatan tanpa maca teks

e)

tumuju ing pamireng tanpa maca teks

6.

Kula minangka wakil saking siswa kelas XII, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.


Pidhato kuwi diwacaaken ing acara perpisahan kanggo ….

a)

kanca kang pindah sekolah

b)

guru kang pindah sekolah

c)

siswa kelas XII kang lulus sekolah

d)

guru lan adhik-adhik kelas 1 - 5

e)

wali murid

7.

Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.


Ingkang maos pidhato ing duwur yaiku ….

a)

bapak/ibu kepala sekolah

b)

guru kelas XII

c)

perwakilan siswa kelas XII

d)

adhik-adhik kelas

e)

Wali Murid

8.

Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.


Ukara iku ing pidhato kalebu….

a)

Pangarep-arep

b)

Purwaka

c)

Surasa basa

d)

Salam pembuka

e)

Wasana basa

9.

Basa sing digunakake kanggo pidato perpisahan kelas XII yaiku….

a)

basa ngoko

b)

basa krama

c)

basa ngapak

d)

basa daerah

e)

basa madya

10.

Sikep ingkang kedah dilakoni nalika sesorah ing panggung yaiku...

a)

ngadeg jejeg

b)

senderan

c)

malangkedek

d)

merem

e)

sidakep

11.

Apa kang kudu digatekaken nalikane sesorah?

a)

wirasa, wirama, wiraga

b)

wirasa, wicaksana, wirupa

c)

wiguna, wirama, wirasa

d)

wirama, wicara, wilujeng

e)

waosan, wiraga, wirasa

12.

Rasukan ingkang kedah diagem nalika sesorah yaiku...

a)

Ageman anyar

b)

Ageman resik

c)

Ageman trep adicara

d)

Ageman gebyar

e)

Ageman Larang

13.

Ing ngisor iki jinising sesorah kejaba...

a)

informatif

b)

persuasif

c)

panglipur

d)

deskriptif

e)

komunikatif

14.

Ancasing sesorah perpisahan yaiku...

a)

Nyuwun ngapunten lan maturnuwun

b)

Nyuwun ngapunten lan restu

c)

Nyuwun restu lan maturnuwun

d)

Nyuwun pakurmatan lan panuwun

e)

Nyuwun sangu lan ilmu

15.

Madeg kula wonten ing ngriki kagungan maksud kagem ngajak kula lan panjenengan sedaya supaya sregep anggenipun ngagem masker lan masuh tangan sawise lelungan. Petilan teks sesorah ing nduwur kalebu...

a)

Surasa basa

b)

Wasana basa

c)

Pangajeng-ajeng

d)

Salam pambuka

e)

Salam Panutup