wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa XI (Pranatacara)

Total questions: 20

Worksheet time: 41mins

Name
Class
Date
1.

Ingkang boten kalebet dasanamanipun tembung Pranatacara inggih menika .....

a)

Panata adicara

b)

Pambagyaharja

c)

Panata acara

d)

Pambiwara

2.

Ukara ngandhap menika kalebet perangan menapa ?


”Para pepundhen para pinisepuh ingkang dahat kinabekten”.

a)

salam pambuka

b)

atur pakurmatan

c)

atur pangayubagya

d)

tetepungan

e)

atur puji syukur

3.

Bedanipun teks pranatacara kaliyan pamedharsabda saged dipuntitiki saking perangan menapa ?

a)

Pambuka

b)

Rantaman adicara

c)

Isi

d)

Papan lungguhipun

4.

Jinisipun teks pamedhar sabda menika kathah sanget. Pamedhar sabda ingkang ngemu wigati nampi rawuhipun tamu dipunwastani menapa ?

a)

atur wilujeng

b)

atur pasrah

c)

atur pangayubagya

d)

atur pakurmatan

5.

Jejibahan pranatacara menika ingkang langkung awrat inggih menika .....

a)

nutup adicara

b)

nata lan nulis rantamane adicara

c)

nata lakune adicara

d)

maca adicara

6.

”Puput pepuntoning adicara, wus dumugi paripurnaning gati.” Ukara menika dipuntrepaken ing perangan … .

a)

pambuka

b)

atur pakurmatan

c)

atur panutup

d)

rantaman adicara

7.

Salah satunggaling syarat dados pranatacara ingkang baku inggih menika kedah gladhen olah swara ing antawisipun kedah wasis ing babagan wirama wedharing ukara.

Wirama wedharing dasanamanipun menapa ?

a)

artikulasi

b)

lafal

c)

wirama gendhing

d)

intonasi

8.

Pamedhar sabda inggih menika….

a)

tiyang ingkang remenipun ngendika

b)

tiyang ingkang ahli ngendika

c)

tiyang ingkang asring ngendika ing sangajengipun tiang kathah

d)

tiyang ingkang mboten nindakaken ayahan medhar sabda

9.

Supados anggenipun nglantaraken jejibahan saged kasil kanthi saé, pamedhar sabda kedah ngudi….

a)

tut wuri handayani

b)

adigang adigung adiguna

c)

ajining raga gumantung saka busana

d)

olah basa, sastra, olah raga, busana, lan olah swara

10.

15. Tiyang dados pranatacara anggenipun nglantaraken jejibahan kedah matanggap. Matanggap tegesipun ..

a)

anteb saha manteb

b)

tanggap swasana

c)

pocapan cetha

d)

jumeneng jejeg

11.

Ing salebeting adicara menika kalih jejibahan inggih menika pranatacara saha sesorah. Kalih paraga menika wonten bab ingkang sami katindakaken ugi wonten ingkang boten sami. Ngandhap menika pundi ingkang leres pranatan babagan pranatacara saha sesorah?

a)

Katitik saking basanipun, pranatacara lan sesorah sami-sami ngginakaken basa ingkang komunikatif lan awrat dipunmangertosi

b)

Pranatacara menika maos teks wonten ing wekdal ingkang sampun dipuntemtokaken, dene sesorah maos teks saking wiwitan dumugi pungkasaning acara.

c)

Ancasipun pranatacara ngandharaken lampahing acara, dene sesorah menika ngandharaken satunggaling pamanggih utawi pangertosan ngengingi satunggaling bab

d)

Pranatacara boten ngaturaken salam ingkang wiwitan, dene sesorah ngginakaken salam ingkang wiwitan

12.

Pranatacara ing salebeting pahargyan temanten menika boten ngginakaken basa padintenan, utawi kedah ngginakaken basa ingkang endah.

Kasebat menapa basa ingkang endah menika ?

a)

Basa alus

b)

Basa kiasan

c)

Basa paramasastra

d)

Basa rinengga

13.

Mas Agus kadhapuk dados pranatacara wonten ing adicara pengetan dinten kamardikan benjang siyang. Langkung rumiyin mas Agus nyerat peranganing teks pranatacaranipun.

Ngandhap menika ingkang boten kaserat dening mas Agus awit boten kalebet perangan teks pranatacara inggih menika....

a)

Salam pambuka

b)

Atur pambagyaharja

c)

Atur kasugengan

d)

Wedharing gati

14.

Pranatacara anggatosaken andhap saha inggilipun swanten, rikat saha alonipun swanten, sora saha lirihipun swanten.

Saperangan menika ngrembag babagan menapa>

a)

wicara

b)

wirama

c)

wirasa

d)

wiasta

15.

Kula minangka pambiwara wonten ing adicara kalenggahan punika, mbok bilih wonten tutur atur ingkang kelantur kula nyuwun agunging pangaksami dhumateng panjenengan sedaya. Andharan kasebat tuladha atur….

a)

atur pambagya

b)

atur panuwun

c)

atur panutup

d)

atur panampi

16.

Ginanipun pranatacara ing satunggaling acara inggih menika...

a)

acaranipun lumampah tumata

b)

dipun-gatosaken para tamu

c)

acaranipun gayeng

d)

acaranipun boten mboseni

17.

Sangunipun pranatacara wonten olah jiwa, olah raga, olah busana, olah basa, olah swara. Ingkang kalebet olah basa inggih menika...

a)

andhap inggilipun swara boten namung ajeg

b)

pilihaning tembung sae

c)

busananipun sae, resik

d)

solah bawa trapsila lan empan papan

18.

Sumangga kula dherekaken raos puji sukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos.

Pratelan menika kaserat ing perangan menapa?

a)

uluk salam

b)

isi

c)

pambuka/purwaka

d)

panutup

19.

Gatosaken saperangan bab ngandhap menika!

(1) ndhingkluk

(2) tangan ngapurancang

(3) nyawang tamu

(4) nguwasani pemirsa

Bab ingkang boten kenging dipuntindakaken nalika pranatacara inggih menika.…

a)

(4)

b)

(3)

c)

(2)

d)

(1)

20.

Puji syukur ing ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, kebagaswarasan dhateng kula lan panjenengan sedaya.

Tembung “kebagaswarasan” ing ukara nginggil tegesipun….

a)

kamulyan

b)

kapinteran

c)

kesehatan

d)

kabegjan