wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH1 BHS JAWA KLS 8 SMT 2

Total questions: 20

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Dewi Sinta kudu-kudua uwal saka pancekele Rahwana. Ananging tangane Rahwana nggegegi kuat tangan Sinta. Sinta ora bisa uwal. Kabeh perhiasane padha gogrok tiba ana ing lemah. Resi Jatayu  kanthi sisa dayane nyerang Rahwana. Ananging tetep ora bisa. Dheweke malah diajar dening Prabu Rahwana. Swiwine resi Jatayu  akhire sengkleh lan dheweke tiba ana ing lemah.

Ukara ing ngandhap ingkang boten jumbuh kaliyan teks ing nginggil inggih menika ….

a)

Dewi Sinta kepengin uwal saka pancekele Rahwana

b)

Dewi Sinta lan Rahwana tansah gandhengan tangan

c)

Resi Jatayu  ora kasil nyerang lan ngasorake Rahwana

d)

Resi Jatayu  tiba ing lemah amarga swiwine sengkleh

2.

Dewi Sinta kudu-kudua uwal saka pancekele Rahwana. Ananging tangane Rahwana nggegegi kuat tangan Sinta. Sinta ora bisa uwal. Kabeh perhiasane padha gogrok tiba ana ing lemah. Resi Jatayu  kanthi sisa dayane nyerang Rahwana. Ananging tetep ora bisa. Dheweke malah diajar dening Prabu Rahwana. Swiwine resi Jatayu  akhire sengkleh lan dheweke tiba ana ing lemah.

Wosing pitutur (amanat) saking teks ing nginggil inggih menika ….

a)

tansah mbelani prakara kang bener sanajan abot

b)

tansah pasrah karo pacoban lan kahanan kang ana

c)

aja gampang nyerah karo apa kang dadi pepenginan

d)

aja nganggo perhiasan kang akeh lan ngundang maling

3.

Dewi Sinta kudu-kudua uwal saka pancekele Rahwana. Ananging tangane Rahwana nggegegi kuat tangan Sinta. Sinta ora bisa uwal. Kabeh perhiasane padha gogrok tiba ana ing lemah. Resi Jatayu  kanthi sisa dayane nyerang Rahwana. Ananging tetep ora bisa. Dheweke malah diajar dening Prabu Rahwana. Swiwine resi Jatayu  akhire sengkleh lan dheweke tiba ana ing lemah.

Latar swasana cariyos ing nginggil inggih menika ….

a)

nggegirisi

b)

bungah

c)

semarak

d)

asih

4.

Kagatosna ukara-ukara ing ngandhap menika!

1.  Mula banjur duwe jejuluk Resi.

2.  Dheweke awujud manuk garudha kang duwe watak wicaksana.

3.  Resi Jatayu  salah sawijining paraga ana ing crita Ramayana.

4.  Resi Jatayu  tansah eling marang sang Hyang Agung.

Supados dados paragrap ingkang sae, urutanipun inggih menika ….

a)

3 – 2 – 4 – 1

b)

3 – 2 – 1 – 4

c)

2 – 3 – 4 – 1

d)

2 – 3 – 1 – 4

5.

Nalika iku, Rama lan Lesmana bingung golek Dewi Sinta sing ilang saka kemahe. Rama lan Lesmana luru ngubengi alas Dhandaka. Nalika luru, akhire ketemu manuk Jatayu  sing lagi sekarat. Rama age-age nulungi. Ananging kahanane Jatayu  wis ora bisa ditulungi. Resi Jatayu  sakdurunge nemahi seda, wadul marang Rama. Jatayu  nyritakake menawa garwane yaiku Sinta diculik dening Raja Alengka Dasamuka. Banjur resi Jatayu  mati.

Ingkang ndhustha Dewi Sinta inggih menika ….

a)

Kidang kencana

b)

Para kewan

c)

Jatayu 

d)

Dasamuka/ Rahwana

6.

Nalika iku, Rama lan Lesmana bingung golek Dewi Sinta sing ilang saka kemahe. Rama lan Lesmana luru ngubengi alas Dhandaka. Nalika luru, akhire ketemu manuk Jatayu  sing lagi sekarat. Rama age-age nulungi. Ananging kahanane Jatayu  wis ora bisa ditulungi. Resi Jatayu  sakdurunge nemahi seda, wadul marang Rama. Jatayu  nyritakake menawa garwane yaiku Sinta diculik dening Raja Alengka Dasamuka. Banjur resi Jatayu  mati.

Gagasan baku (utama) saking teks ing nginggil inggih menika ….

a)

Rama lan Lesmana bingung golek Dewi Sinta sing ilang

b)

Jatayu aweh pituduh yen Rahwana kang ndhustha Sinta

c)

Jatayu ketemu Rama lan Lesmana ing alas nalika sekarat

d)

Jatayu seda sauwise ketemu Raden Rama lan Lesmana

7.

Nalika iku, Rama lan Lesmana bingung golek Dewi Sinta sing ilang saka kemahe. Rama lan Lesmana luru ngubengi alas Dhandaka. Nalika luru, akhire ketemu manuk Jatayu  sing lagi sekarat. Rama age-age nulungi. Ananging kahanane Jatayu  wis ora bisa ditulungi. Resi Jatayu  sakdurunge nemahi seda, wadul marang Rama. Jatayu  nyritakake menawa garwane yaiku Sinta diculik dening Raja Alengka Dasamuka. Banjur resi Jatayu  mati.

Pitutur luhur saking pethikan teks ing nginggil inggih menika ….

a)

aja seneng ngrubesi urusane wong liya sanajan wis kenal

b)

aja seneng wadul perkara kang durung ngerti kebenerane

c)

tansah setya marang garwane sanajan wis ora ayu meneh

d)

tansah tulung tinulung marang sapa wae tanpa pamrih

8.

Rajaning peksi punika naminipun Jatayu. Piyambakipun dados mitra raketipun Prabu Dasarata. Nalika sumerep putranipun mitranipun dipuncidra Rahwana, Jatayu enggal tumandang damel mitulungi. Kreta kencana dipuntrajang kemawon, Sinta dipunrebat. Rahwana nggegegi, boten nguwalaken saengga dados udreg-udregan rebatan Sinta ing gegana. Eman, Jatayu kalindhih, dipuntatoni saha dipunajar dening Rahwana. Salah satunggaling swiwi sengkleh tugel. Jatayu  taksih megap-megap dipuntendhang, kumleyang ing awang-awang, dangu-dangu dhawah ing siti, klebekan.

Jatayu  mitulungi Dewi Sinta amargi ….

a)

piyambakipun rajaning peksi

b)

piyambakipun mengsahipun Rahwana

c)

piyambakipun mitra raketipun Prabu Dasarata

d)

piyambakipun mitra raketipun Dewi Sinta

9.

Rajaning peksi punika naminipun Jatayu. Piyambakipun dados mitra raketipun Prabu Dasarata. Nalika sumerep putranipun mitranipun dipuncidra Rahwana, Jatayu enggal tumandang damel mitulungi. Kreta kencana dipuntrajang kemawon, Sinta dipunrebat. Rahwana nggegegi, boten nguwalaken saengga dados udreg-udregan rebatan Sinta ing gegana. Eman, Jatayu kalindhih, dipuntatoni saha dipunajar dening Rahwana. Salah satunggaling swiwi sengkleh tugel. Jatayu  taksih megap-megap dipuntendhang, kumleyang ing awang-awang, dangu-dangu dhawah ing siti, klebekan.

Papan kedadosanipun wonten cariyos ing nginggil inggih menika ….

a)

Siti

b)

Gegana

c)

Siti

d)

Alas

10.

Dumugi ing negari Alengka, Sinta dipunpameri kaendahaning kraton, barang-barang, saha prabot ingkang sakalangkung edi peni, mawarni-warni mas, inten, lan barleyan. Sinta boten gumun malah kepara boten ngrewes. Rahwana nyobi ngarih-arih dhateng Sinta, nanging Sinta malah cariyos bilih piyambakipun tansah enget lan tansah setya dhateng Rama. Midhanget aturipun Sinta makaten kala wau, Dasamuka muntab lan pratela menawi Sinta boten teluk badhe dipuntelasi.

Dasamuka/Rahwana muntab kaliyan Sinta amargi ….

a)

Panyuwunanipun Sinta kathah

b)

Sinta tansah setya kaliyan Rama

c)

Sinta tansah muwun lan sedhih

d)

Sinta boten purun manggen ing Alengka

11.

Dumugi ing negari Alengka, Sinta dipunpameri kaendahaning kraton, barang-barang, saha prabot ingkang sakalangkung edi peni, mawarni-warni mas, inten, lan barleyan. Sinta boten gumun malah kepara boten ngrewes. Rahwana nyobi ngarih-arih dhateng Sinta, nanging Sinta malah cariyos bilih piyambakipun tansah enget lan tansah setya dhateng Rama. Midhanget aturipun Sinta makaten kala wau, Dasamuka muntab lan pratela menawi Sinta boten teluk badhe dipuntelasi. ......................................................... Rahwana sansaya jengkel, lajeng dhawuh supados Sinta dipunjagi dening para raseksi ingkang galak-galak lan ndrawasi.

Ukara ingkang jumbuh kangge ngganepi paragrap ing nginggil inggih menika ….

a)

Sinta lajeng manut kaliyan Rahwana

b)

Sinta tetep teguh santosa ing budi

c)

Piyambakipun maringi kalpika ingkang endah

d)

Piyambakipun tansah tresna asih

12.

“Swiwine resi Jatayu  akhire sengkleh …” Tembung “sengkleh” tegesipun sami kaliyan ….

a)

tatu

b)

cidra

c)

semplah

d)

sayah

13.

Watak angkarane Rahwana kang ditudhuhake ing crita "Resi Jathayu", yaiku ...

a)

pamer bandha

b)

udreg-udregan

c)

nyolong Sinta

d)

natoni Jathayu

14.

Sesambungane resi Jathayu karo Prabu Dasarata, yaiku ....

a)

kanca

b)

besan

c)

sedulur

d)

mungsuh

15.

Sing ngabari menawa Sinta digawa menyang Alengka, yaiku ....

a)

Rahwana

b)

Jathayu

c)

Lesmana

d)

Dasarata

16.

Gambar wayang menika naminipun ….

a)

Resi Jathayu

b)

Dasamuka

c)

Prabu Rama

d)

Lesmana

17.

Gambar wayang menika naminipun …

a)

Resi Jathayu

b)

Dasamuka

c)

Prabu Rama

d)

Lesmana

18.

Gambar wayang menika naminipun …

a)

Resi Jathayu

b)

Dasamuka

c)

Prabu Rama

d)

Lesmana

19.

Gambar wayang menika naminipun …

a)

Dewi Sinta

b)

Prabu Rama

c)

Lesmana

d)

Rahwana

20.

Gambar wayang menika naminipun …

a)

Dewi Sinta

b)

Prabu Rama

c)

Lesmana

d)

Prabu Dasarata